Minggu, 23 Maret 2014

Warung Megono, 21 Des 2012



NGAPUNTEN, TEROSE WEDOS...
Biasa kiye..zik do grumungan nang warunge Yu Trimah. Do kojahan perkoro kebiasaan ngulemi nang Pekalongan, sing diarani “atur-atur”. Ajib pora, bicoro jaman wis serba modern ko kiye po-o, nang kampung-kampung zik ono tradisi ngulemi tonggo sak kampong nganggo coro kuno, liwat “juru atur-atur”. Kae si, wong sing biasa dijaluki tulung kon atur-atur, nekani tonggo siji-siji. Getune mbuh wis kenal raket po-o, wong biasa temu mben dino, nek pas atur-atur, condone mesti tik boso.
“Berarti denese wong Pekalongan kuwi reti boso ho mba?,” jare Yu Trimah kambek nglirep kompor. Garang Asem wis mateng. Duduhe ting mbekuthuknang panic gedhi. Dibukak tutupe, mambune mak srebel, sedepe pok. Dicicipi, wis pas rasane. Diciduk daging kambek otote, dicucuk tik garpu, wis empuk. Lombok tengise njegur, tutup meneh. Timus, kucing telone, angop nang pojokan.
“Ha-a nju, jare sopo wong Pekalongan ora reti boso. Lha yong be nek kondo karo kajine be kerep tik boso si, nggih nopo ji?,”tasripin semaur kambek mraktekke bosone ring Ji Fathur.
“Bener Pin, nek kilingan. Tapi ora kaiki, kodo biasa be keno ok. Kae wong mbatik be nek kojahan karo aku biasa othok si : Ji, (cok-cok Gan) nyong pak bali ndisik, ho...ko kuwi,” Ji Fathur nyauri.
“Nggih Ji, asale nek ajeng boso cok kagok, mangklihe campuran bosone hehe...,” jare Tasripin.
“Bosone wong Pekalongan tetep seje kadek nggon liyone, ndaraki opo. Bojoku seje wong Pekalongan asli, mangkllihe cok getun nek krungu aku boso,” Mbak Jum nyauti, Pak Guru Slamet mesem.
“Bener mbak. Lha niki enten tempe mbel-mbel anget, pundi mengkrenge?,” Turmudi nyacak.
“Hehehe....Lombok kuwi nwh dibahasakke dadine mengkreng ho..nyong wis klalen,” Jare Taspirin.
“Karang empun sepah, nggih klepyan nek Lombok iku mengkreng...hehe...,” Yu Trimah podo bae nyacak boso. Mbak Jum gugu, mbiyek bojone tau jengkel, maksude ora lilo, nang Pekalongan Ibune diarani “tiyang sepah”. Gening sepah.. ? Asale retine sepah kuwi podo bae ampas sing gudune diguwak. Bareng  diterke ne sepah kuwi sepoh utowo tuwo, tembene paham terus ngguyu. Karang ajib ok.
“Lha sampeyan ok mboten dugi teng mbrontokan enten nopo nju?,” Mbak jum genti praktek,takok karo Yu trimah. Sing di tekoki pijar glagepan mikir ndisik,nang mbrontokan ono opo?
“Lha ajeng kesah,terose sampeyan ajeng jawoh, nggih kulo wedos ra...mangklihe mboten siyos mriko. Karang empon sepah,kulo wedos nek kejawohan,”sing nyauri malah turmudi..heehee...
Delok kae, kata-katane seje karo boso kromo sing umum. Tuwo,ne biso jowo umume sepoh. Ne pekalongan condone sepah. Udan kuwi jawah, tapi nek kalongan ngarani jawoh, wedi kuwi ajrih,ne pekalongan kondone wedos,. Sido kuwi estu opo saestu, wong Pekalongan ngomongane siyos. Liyone zik akeh meneh... Pak Guru  Slamet ket mau mesem-mesem terus.
Ha-ah, ono meneh kiye : takok, kudune taken utowo nyuwun prikso, nang Pekalongan arane tangklet. Lali, klalen kuwi kan supe, kesupen. Nek Pekalongan nyebute klepyan. Arane biso seje adoh ho...? Tur pernahe lucu kae nang kuping, kanggone wong sing reti boso jowo kromo.
Atun rewange Yu Trimah, ket mau ndomblong othok ora mudeng. Ah, yo ora mudeng. Jah kuwi malah ora reti boso babarjid, nek kondo tik boso, bosone mesti kuwalik-walik, nggo awake dewe malahan dibasakke : kulo ajeng siram riyin. Kulo arip, ajeng sare. Weteng kulo empun nglengkik, dereng dahar, bongsone ko kuwi kae si. Pak Guru Slamet mangklihe ngguyu.
“Tanakan wong Pekalongan bosone salah kabeh ho, pak Guru?,” mabk Jum takok.”Boso sing priye ndisik...? Nek condone “terose jawoh”, sepah, klepyan, mengkreng, tangklet, tureen, kadose, wedos.. nek jareku yo ora biso diarani salah. Asale kuwi pancen tembung sing dingo nang Pekalongan. Koyo “pak ora” , “ora kaiki” , kuwi pancen tembung sing dingo nang Pekalongan. Koyo “pak ora”, “ora kaiki”,”nang endi-endi ora”,”wade”,”mrentem”, kuwi pancen tembung sing asli duweke wong Pekalongan, yo ora salah, pancen seje karo daerah liyone ok. Arane be bahasa daerah, yo seje panggonan, seje meneh ngomonge...ha-ah pok? Ojo dibandingke kambek ngomonge wong Semarang, Jogya, Solo ra...,” pak Guru Slamet nerangke. Mbak Jum karo liyone do manthuk-manthuk. Deknene kilingan, tau nemu kertas ulangan umum,pelajaran Bahasa Daerah. Perentahe, “isenono cecek-cecek nang ngisor iki,” Jawabane murid : “ora nono ceceke.” He..he...
“Boso jowo kuwi akeh seng meh podo. Kayukajeng; payu=pajeng; ngguyu-nggujeng;ayu=ajeng; adiayu=diajeng; maju=majeng. Lha nek yuyu, opo jeng-jeng?,” biasa ra.. tasripin tapuk mbedhute. Ora biso diajak kojahan semodok serius sithik. Kabeh do ngguyu.
“Ono meneh kiye.. arep=ajeng; ngarep=ngajeng; mbarep=mbajeng; ngarep-arep=ngajeng-ajeng; karepe=kajenge/kajengipun. Lha nek mengkurep=mengkujeng,” Turmudi ngimbuhi. “Lha berarti nek wong pekalongan mbasake awake dewe, koyo dahar, sare, salah ho,” Yu trimah takok. Pak Guru Slamet nerangke, nek kuwi pancen boso jowo kromo sing pakem. Pancen tingkatane seje-seje. Ono mangan, nedho, dahar. Turu, tilem, sare. Lungo, kesah, tindak. Nek sing pakem ko kuwi, wong seng ora reti biso salah ngomonge. Lha nek nyalahi pakem, yo dianggep ora sopan. Jare pak Guru Slamet, nek ora reti yo mending nganggo boso Pekalongan bae...aman.
(Turmudi mbatin. Sak pore ah...wong pekalongan pancen nduwe boso/dialek dewe. Ora kaiki, karang ora kudu podo karo nggon liyone. Coke bener, condone ahli sejarah kae, boso Pekalongan karo daerah pesisir liyone, kuwi wujude”perlawanan” kadek feodalisme, mugakno ora tik tingkatan-tingkatan, kabeh sederajat, podo kabeh...)
                  
Sumber : Suara Merdeka, Jumat 21 Desember 2012
Oleh : Iyeng Setiyawati

Warung Megono, 12 Okt 2012



NGROKOK, MARAKKE AWET ENOM?
ONO kinjeng menclok nang korden jendela warung, klire ijo. Atun, rewange Yu Trimah mbatin, kinjeng kebo arane. Nek nang ndeso, biyasane diincup cah cilik-cilik, diwehi benang buntute, terus diburke, tapi benange digojeki, nggo dolanan dipadhake layangan. Arane be cah cilik, cok during mikir, kewan po-o
dianggepe dolanan. Atun gugu, kilingan mbiyek deknene kerep ngompol, padahal wes Gerang uwong wis sekolah. Men ora ngompol, dikongkon mbakyune, wudele dicokotke kinjeng kebo. Lha mbuh kuwi, opo pancen kinjenge mandi, pokok e bar dicootke kinjeng ping telu, Atun cilik ora ngompolan maneh… He … He . . . bar guwak larahan, Atun gagyak wisuh terus mlebu warung.
Yu Trimah watuk-watuk kesenggrok rokok. Sutra, adine podo bae nang pedeke jendelo, ono jah enom telu jik balapan udut. Kebule kesebul angin ngebeki warung. Hidilah, kuwi rokok opo si ho, kok kebule gel mulek kae… Mbak Jum kipas-kipas, pak ngelikke uwong sing ngebuli rokok ora penak, mbopo wonge jengkel, terus kapok tuku nang warunge Yu Trimah.
Wonge menyat telu-telune, mbayar sego endoge tek duit kricik, pijar ngetungi sui kae si. Apak metu kadek warung be pijar nylemong. “warung sego megono kene ketoke ono pom bensine nda…. Ora entuk ngrokok mengko nek kobongan blaik kowe…,” Karo nglirik mbak Jum sing jik kipas-kipas. Kancane do ngguyu ting gleges.
Yu Trimah watuk meneh. Wong seng marung pancen biasa do ngrokok sak lebare mangan, tapekno ora dikebal-kebulke sak karepe koyo wong telu kuwi. Ndelok-ndelok ra.
Turmuji jik antengmoco Koran. Podo karo Ji Fathur, saiki wis ora ngrokok, sakpele dodone kerep sengkring-sengkring. Sing during biso ngilangi rokok, lha kae si sing njagog nang jejere Turmudi. Topi abange dinggo kipas-kipas, karang sumuk bar mangan tik sambel. Tapi Taspirin mending reti aturan, nek akeh wong wedok, ngrokoke suko minggir.
Saiki pancen wong ngrokok selot diwaketi. Ora entok ngrokok nang fasilitas umum. Selot akeh panggonan sing menging wong ngrokok, arane Kawasan Tanpa Rokok (KTR).
“kuwi ono praturane, ndaraki opo…,”jare Rusli, onakane Ji Fathur sing nyambut gawe nang Dinas Kesehatan. Bicoro ngrokok tuku dewe, nganggo cangkeme dewe be pijar diwehi peraturan si, Tasripin takok. Karang ha-ah, seje neng UU Kesehatan othok, tapekno neng Surat keputusan Bersama Menteri Kesehatan karo Menteri Dalam Negeri, wes ditentoke, ono panggonan sing didadekke KTR. Umpamane rumah sakit, puskesmas, apotik, sekolahan, panggonan ibadah, angkutan umum, panggonan umum. Karepe, pancen apak ngilangke kebiasaan ngrokok. Asale bahaya kanggo kesehatan.
Wong DKK nerangke, sing kenang bahaya seje sing ngrokok othok, tapekno wong sing dikebuli, podo bae kenang bahayane. Biso kenang penyakit jantung, setruk, utowo kanker.
“Iyo tah… pancen udut nek kakehan biso marakke kanker. Kantong kering kang…,”jare Tasripin kambek nyungir. His, temenan kiye… nek nyerot kebule rokok, sengojo utowo ora, podo bae karo nyerot racun 4000 werno. Mugakno gampang kenang kanker paru-paru utowo kanker dalane ambekan. Sing marakke bahaya maneh, uwong sing kenang kebul rokok terus-terusan mben dino (perokok pasif), asale ora tau diukur, sedino klebon kebul rokok sepiro. Jare Rusli meneh, rokok isine racun, sing nang kebule rokok kuwi ho, ono gas karbon monooksida, amoniak, asam hidrosianat, nitrogen oksida, karo formaldehid (formalin). Racun liyane, nemplek neng saluran nafas, koyo tar indol, nikotin, karbarzol, karo kresol. Coke karbol karo kreolin nombarang ho ? Hidilah kuwi racun kabeh si. Durung maneh nicotine rokok Indonesia (sing marakke tuman ngrokok), biso ping pindone rokok dek Amerika !
Mugakno pemkot Pekalongan, ket wulan Juni 2012 wis ngumumke nek Oktober tapuk nyetop iklan rokok neng wilayahe, termasuk tempat umum. Resik kadek iklan rokok, jarene pak Sekda nang jamboree” Gerakan Pengendalian Tembakau”. Pancen angel ngilangi kebiasaan ngrokok. Tapi kudu biso, masyarakat luwih sehat nek ora ono kebul rokok. Kudu tapuk saiki.
“Tapi …. Ko kuwi po-o, rokok ono manfaate si …”jare Turmudi. Irunge mbus-mbus ketoro nek ngledo. Wong-wong do ngenteni Turmudi neruske kojahane. Ono manfaate?
“Ha-ah ono manfaate. Sing pertama rokok marakke omah dadi aman, ora bakal klebon maling. Lha bisane aman priye? Lha wong sing ngrokok terus, biasane ora biso turu, kakehan watuk karo-an kempas-kempis. Lha malinge pak mlebu wedi ra, wong sing nduwe umah melek terus kambek wathuk-wathuk…, “Turmudi ngguyu othok dipathak Yu Trimah tik kuwelan kertas tisu. Bisone awet enom?
“Bisone awet enom pok ?ojo hengkeng ho Pin… nyong be jarene pak dokter ok. Jarene, uwong sing ngrokok terus, biso awet enom. Asale…asale ora kober tuwo, lha zik ennom wis mati..!” Turmudi endo meneh, Mbak Jum nombarang melu mathaki. Timus, kucing telone Yu Trimah sakkal nampani tisu sing tibo, ndaraki dijak gonjakan. Rusli gugune pok kae.
(Turmudi ngguya-ngguyu po-o karo mikir, lha nek pabrike rokok izik ono, kebon mbakone zik ono, terus akeh uwong sing sanggane nang pabrik rokok, lha op obis ho ngilangi rokok? Lha pembkot wes wani kelangan pemasukan kadek cukai setahun 4 milyar pok?)

Sumber : Suara Merdeka, Jumat 12 Oktober 2012
Oleh : Iyeng Setiyawati

Jumat, 14 Maret 2014

Warung Megono, 23 Nov 2012



CAPJAE KENYOL-KENYOL
Sedino kiye Yu Trimah pernahe kesele pok. Lesoh kae awake. Opo meneh Atun pamit mulih ndeso sedino. Ngladeni wong do marung sing alhamdelillahe laris mben ndinone tah wis mesti. Tapi ket wingenane pancen hawane ora penak. Udan-panas gentenan, marakke awake ting greges, coke masuk angin. Ndilalah bae isuk isuk mau wis ono sing marakke dhugal. Warung zik kembrubut akeh wong do luru sarapan, ono wong takok:
“Nju…warung kene adol pindang tetel pora?.”
“Ora, onone garang asem,” Yu Trimah semaur.
“Lha nek kluban bothok?,” wonge takok maneh. Hidilah, kluban bothok tah onone nang kidulan si ho? Diwangsuli maneh, ora ono. Wonge ora gagiak lungo. Meneng bae karo-an ngenteni.
“Nek mi kenyol nju?,” meneh-meneh nakokke sing ora ono. Yu Trimah semaur:
“Lha kiye si, dodolane wis digelar po’o, ketok kabeh. Nek sing longko nang mejo berarti ora adol,” kondo ko kuwi, Yu Trimah setengah getun, asale wonge ora gagiak lungo. Ditawani megono.
“Enak mi kenyole nju. Yo wis nek ora ono. Tak daraki sampeyan adol panganan khase Pekalongan. Jebulno ora. Opo maneh capjae kenyol ho?,” semaur ko kuwi, wonge terus gagiak metu kadek warung. Hidikae…lha megono, lembarang, panggang cucut, pindang-teri, horeg-horeg tempe, acar kuning, garang asem kuwi opo seje panganan khase Pekalongan si? Yu Trimah nyawang wonge lungo ora kedep. Kuwi wong ngomahe endi si, sing ditakokke kok sing ora ketok kabeh. Capjae kenyol?
“Wis…ojo mrentem…pak ora si, karang negoro wis merdeka, uwong apak takok perkoro opo bae entuk. Apak luru mie kenyol nang warung megono, opo pak luru sepatu nang Purimas, bebas bae si…,” Tasripin komentar. Yu Trimah kalah-kalahe ngguyu ra.
Yu Trimah ket isuk mau nyawang menjobo, dengaren temen kok sak kesuk during sarapan nang warung. Kang Turmudi karipan nju, tangine kawanen, mugakno langsung maring kantor, jare Tasripin, paham sopo sing diluru Yu Trimah. Wonge mesem, setengahe isin. Tasripin retinan kae.
“Nyong mau mbelekke jas udan sing tak selang mau mbengi, dadine reti,” Tasripin nerangke.
                                                ***
Ono montor mendek. Penumpange papat, langsung njagok. Bareng reti nek pesen panganane moro dewe, sak kalan do antri.  Sego garang asem diwehi ndog bunder. Sego megono acar kuning, semur endog karo lembarang. Sijine meneh segone separo, megono sak iprit, horeg-horeg tempe sithik, diwehi duduh lembarang karo duduh rendang. Ojo diwehi rendang, duduhe bae. Sing paling duwur, njaluke megono, horeg-horeg tempe, lembarang tahu ora tek duduh, panggang cucut ora tik duduh. Sambel sing akeh. Wis bar ngedoli wong pat, lha sing duwur kok moro meneh, horeg-horeg tempe dimbuhi ra…
Nglinguk jam, bar kuwi nglinguk meneh menjobo. Lebar kantor coke, batine Yu Trimah. Bar beduk, sing diarep-arep mencungul. Turmudi sakkal mbukak lodong krupuk. Kriyuk-kriyuk telung cokotan, tembene njaluk sego. Garang asem bae sing seger. Yu Trimah ngladeni kambek semringah.
“Nyong kawanan kiye, sampek ora kober sarapan. Sedilut meneh kaliren kiye,” jare Tarmudi.
“Sampen reti capjae kenyol kang? Nyong tembene krungu. Nang ndi kuwi tukune?,” Yu Trimah malah nakokke capjae kenyol. “Yo reti bae, kuwi onone nang kidule Pekajangan, wis mlebu Dungwuni ketoke. Pingin nyacak pok? Ayo tak jak mono, Ripin karo Fatimah dijak sisan, nek ngesuk tutup.” Tasripin siap tah. Mbak Jum sisan ho, mengko di-SMS.
Lebar magrib, gagiak do ngidul. Kiye perkorone penasaran karo sing arane capjae kenyol, koyo opo denese. Ejiian…warunge nang pedeke STIKES, sak durunge dawet podo. Mlayan jembar, sing tuku kebek. Pak Rohman karo-an bu Daroyah gagiak manggakke rombongane Turmudi. Monggo, dahar mi nopo capjae? Disukani kenyol nopo capjaene? Nggih, capjae disukani mi kenyol, karang niki enten sing tesih nyidam, jare Turmudi. Yu Trimah ora nanggepi, sakkalan njagok. Disukani pelo-ati nopo ayam mawon? “Komplit welit, pak Man,” Turmudi sing nyauri meneh, asale Yu Trimah during pham pesene piye. Pokoke nganut bae wis. Mbak Jum pak ndelok ndisik. Fatimah nganut simake. Tasripin njaluk kenyole sing akeh. Ngombene the opo jeruk? Opo njaluk jus buah, kae biso pesen kadek warung sebelahe.
Pesenane Yu Trimah wis teka. Ambune sedepe pok. Sayurane seger, caisin, kembang kol, kapri, wortel, tomat. Iwak ayame akeh. Pelo atine opo maneh. Kenyole ketok meling-meling nang dasare piring. Bismilah. Srupuuut…nyacak duduhe ndisek ra. Enake pok. Sruput meneh: selot enak. Bumbune mroso. Gurihe iwak ayam-pelo ati, nyampur karo sayuran sing seger. Bar kuwi mi kenyole…mak legendeeerr….ajib ah…kiye capjae gel nyejeni, longko tunggale, jare Yu Trimah. Turmudi mesem. Mbak Jum nganut pesene podo Yu Trimah bae. Ngombene jus pelem, wekas kadek warung bakso nang jejere. Tembene iki reti, ono capjae kok dicampuri mi kenyol. Biasane mi kenyol kuwi diwehi bumbu janganan pecel si….? Sruuuuupphh… sedilut othok wis entek. Yu Trimah pingin tanduk tapekno isin…
(Mbak Jum koyo biasane sakkal wawancara. O, sing adol arane pak Rohman karo bu Daroyah sing ayu. Mben ndino bukak, eh, Jemuah karo Setu tutup ding. Sedino ngenteke ayam limang gluntung, pelo atine wolung puluh iji. Sakpore, mi kenyole be dipilihke sing paling enak. Sak piring murah, sepuluh ewu thok, padahal pelo atine cok dikeki karo tengah iji. Bukake jam limo sore, biasane during jam sewelas mbengi wis entek. Ajib…kiye ono siji maneh panganan khas Pekalongan…!)

Sumber : Suara Merdeka, Jumat 23 November 2012
Oleh : Iyeng Setiyawati

Warung Megono, 16 Nov 2012



DICUCRUP PO-O SI....
          ANGINE semribit gedi nemen. Gludhuge saut-sautan. Hawane dadi adem ora semromong. Lha kae langite wis gemandhul, pernahe kantepen momot banyu sing apak dsokke kadek langit. Uruk-uruuuuukkk... awas kae pameyane gagiak dintasi... tapuk usum udan, ndilalah bae usum pelem. Manise pok, asale pas kembang, zik ketigo, panas njethet tur asat nggereng. Dadine peleme manis nemen. Pelem arumanis, manalagi, gedong gincu, akiong opo pelem klopo, ora ono sing kecut. Angger kober tuwo bae. Atun wes merem resen peleme Turmudi karo mbak Jum. Saiki wayahe asah-asah piring ndisik, bar kuwi pak nyapu latar. Timus, kucing telone Yu trimah ket mau mlungker turu nang keset.
          Wong-wong nang warunge Yu Trimah zik do juwet kojahan perkoro polahe jah mbiyek sing seneng luru pentil pelem. Karang bocah cilik kuwi ora sabaran tur jaman sakmono jik do ngrengges, bicoro pentil be do gayap. Malahan nggo rayahan, dilampu nyolong nggon tonggone nang kampung. Sing ajib yo kelakune Turmudi. Kanca-kancane nang kampung do nyolongi peleme simbahe, lha kok malah melu-melu nyolong. Mengko nek simbahe metu kambek dehem-dehem, melu mlayu..... Tapekno mbuh nang opo, simbahe ora reti nek Turmudi melu nyolongi pentil, opo gethokan ora weruh, sing mesti, Turmudi ora tau disengeni. Padahal pelem sing mateng wit utowo mateng diimbu kuwi akeh nang nduwur pethi beras, tapi mbuh kuwi, Turmudi tetep seneng melu-melu nyolongi pentil peleme dewe.
          “Nang opo ho, wong mangan pelem sing wis mateng be enak ok pijar do mangan pentil sing atos tur kecut. Dilampu mlayu sakkayange neng sing nduwe pelem ngonangi, cok diudak asu sisan...,” jare Ji fathur sing paling seneng mangan pelem digawe “sarang tawon” karoan gugu.
          “Ah, arane be jah cilik, nalare ndurung jalan ra... senengane inut-inut kancane othok, “jare yu Trimah. Baskom megono sing wis kothong disingkirke. Lembarang tahune gare sithik, karang laris.
          “Mbiyek kae ho, aku tau nyolong pelem nang tonggoku, arane Lilis. Kuwi tonggo anyar, tembene pindahan. Bocahe ayu, aku karo kanca-kancaku tau moro pisan.Lha mbuh priye, kok bisone aku nganut koncoku, nyolong pelem nang omahe. Jik do enak-enake ngepek pelem nang nduwur wit, lha kok bapake Lilis metu, njagok nang teras, terus udut. Suwi nemen klepus-klepus ora mendek-mendek. Lha akune karo jah telu yo meneng bae ndepipis nang pange pelem ra. Dirubung lemut, dicokoti semut po-o ora wani obah ra..kaku ati othok wis...., “Ji Fathur ndongenge lucu kae si. Mbak Jum gugune pok.
          “Sing nyenengke, nek peleme akeh, mangane pelem digawe sarang tawon. Tapi nggawe sarang tawon opo dionceki resik nghang diirisi kuwi tah mangan pelem sing sopan alias piyayi, Ji. Tur zik ono sing denteni, ngrokoti pelok..hehe. lha aku, mbiyek nek bar udan-udanan nemu pelem mateng, opo tau dionceki si ?, “jare Tasripin.
          Liyane do ngguyu. Ha’ah...bener, jah cilik-cilik tah ora entuk dolanan peso, dadine mangane pelem mateng priye ? Digedhug-gedhugke jubin ndisik sampek mbut-mbut, njerone mbanyu. Bar kuwi pucuke pelem dicokot sithik, terus dicucrupi, sampek banyune dleweran ketug janggut. Nikmate sakpore..ora ono sing ngalahke wis.
          “Hehe...nek banyune wis sat, kulit peleme disowek tik untu, terus peloke dikrokoti. Dilamuti sampek resik, peloke biso dadi putih kae si....,”Mbak Jum nyauti. Liyane do ngguyu-ngguyu gugu. Kelingan, mbiyek sing dicucrupi ko kuwi biyasane pelem ndok, sing wohe cilik-cilik tapi nggrumbul akeh. Nek ora pelem kopyor, banyune pancen akeh kuwi, saking akeh banyune, sampek angel diiris. Pelem golek, podo bae enak dicucrupi. Ati-ati karo pelem sengir, meh koyo kopyor tapi luwih gedi. Kuwi nek dicucrupi, marakke lambene gatel, cok njedir ne nombarang, jare Turmudi.
          Tapi ora kabeh pelem biso dicucrupi ko kuwi. Sing arane pelem bawang, reti pora, pelem bawang ? kae si, sing peleme njembluk meh bunder, kulite semodok kasar ting brentol soklat, mambune wangi nyenggrak ? Rasane kecut, akeh serate. Cok-cok marakke watuk saking nyenggrake. Sing disenengi wong0wong ambune thok. Biasane nggo campuran rujak cacah. Kuwi dionceki ndisik. Terus dikumbah tik banyu uyah men ora marakke nyrenggak gatel nang gulu. Bar kuwi dicacah utowo dirajang persegi cilik-cilik, nggo campuran rujak cacah, opo maneh nggo rujak tingkepan, enake pok… wangi seger.
          “Nek aku senenge seje pelem bawanng, tapekno pelem kuweni. Kuwi wangi meneh, tur ora nyerat marakke sliliten koyo pelem bawang. Dirujak enak, dipangan langsung podo bae enak,”jare Yu Trimah.
          Oooh, kuwi nek nang nggon liyane seje-seje arane. Pakel, weni, kwini. Pancen wangi semerit. Nek nang Banjarmasin, arane kwini, kerep-kerepe nggo lalapan lawuh iwak, jare mbak Jum.
          (Ejian ah, bicoro pelem be remo-remo ho…tur biso dadi dongengan sing nyenengke, karang kabeh nduwe pengalaman lucu jaman cilikane. Sing mesti, ora biso mbayangke, opo jah cilik jaman saiki wani playonan karo nggowo pang nyenggeti peleme tanggane ? Sing mbeling meneh, ora trimo nyenggeti, tapekno mathaki tik watu, sampek cok ngenani gendeng sampek gendenge pecah nombarang. Mengko nek sing nduwe omah metu karo malangkrik..huuu…gagiak mblayu nggenjrit.. Jah saiki tah longko sing mbeling koyo jaman mbiyek, batine Turmudi)

Sumber : Suara Merdeka, Jumat 16 November 2012
Oleh : Iyeng Setiyawati