PASA BEDHUG
ORA
kroso, wis pasa maneh. Tur wis meh seminggu. Yu Trimah nyawang anake, Fatimah
sing wis dadi perawan. Bar subuhan poyan turu sedilut, mengko njaluk digugah
jam enem, men ora telat mangkat sekolah. Wis dadi murid SMK jebule. Ketoke
tesan othok, diemban, dikudang, didulang. Dijak pit-pitan karo bapake. Yu
Trimah unjal ambekan. Atine perih, angger kelingan bapakeFatimah sing wis meh
patang tahun ora ono kabare, sakpele mangkat dadi TKI. Zik nang Malaysia, opo
dipindah nang endi, logko sing reti. Zik wutuh slamet, opo wis bilahi, opo
malah wis rabi. longko singbiso mangsuli. Yu Trimah ngulapi eluhe singdrejesan.
Nomer telpon sing ditulis walike lawang ket mbiyek, disawang terus. Denese wis
apal njipal nomer kuwi, karang wis ping atusan disms karo ditelpon, tapi ora
tau semaur. Potone zik wutuh tememplek nang tembok kamare, marakke eluhe selot
deres. Angger disinggahke nang lemari men ora marakke perih, ora entuk karo
Fatimah. Yu Trimah mangklihe ngalah.
Atine
disabar-sabarke. Pikirane dijembarke. Zik bejo ono Fatimah sing marakke atine
bombong. Zik bejo biso dodolan nang warung, tur laris. Rukuhe disampirke, Yu TrImah
metu kadek kamare, terus mbukaki jendelo omah. Mambune godong-godong tanduran
sing kenang embun, segere pok. Udan ora udan, nek wis wayahe, pucukke tanduran
tetep do trubus, tetep o kembang. Wulan pasa opo ora, kupu karo kinjeng ajeg
ngluru pangan nganut titahe. Nggo opo digawe nyara, pasrahke bae karo sing
kuwoso, batine Yu Trimah, semodok gembregah. arunge nek pasa, bukak dek asar
ketug lebare isya. Kolok gedang sobo, es campur karo es degan biasane sakwise
bedug maghrib sakkalan entek.
“
Ora nggawe megono ha’ah nju?”, ono sing nakokke megono, karang biasane nang
baskom pinggir dewe. Warung tembene dasaran.
“
Longko tenagane sing nyacah cecek’, lik. Tapi lawuh liyane zik ono komplit,” Yu
Trimah semaur kambek nyiduki kerokan barteh. Atun teluk nek kon nyacah cecek
pasa-pasa ko kiye.
“
Ha’ah, komplit kiye. Lembarang tahu bae kambek panggang cucut ho? Gentine
megono, mihun po-o. Pia-piane limo bae”, Lastri njukuk pia-pia dewe, cemplungke
plastik.
“
Nek pasa ko kiye, warung isine wong wadok othok ho...do tuku lawuh. Karo-an ono
sing ngiras siji-loro sing zik alangan,” dengaren Atun nylemong. Biasane longko
suarane. Yu Trimah nglirik pojokan.
“
Ssstt....ojo semeyang si... lha kae opo wadok?,” Mbak Jum mbisiki kambek
kedep-kedep. asripin tulang ojek njagok nang pojokan, madep tembok, ngedep sego
mihun karo horeg-horeg tempe. Nyendoke ati-ati ben ora muni tik klithik. Isin
ah, wong pasane pasa bedhug, koyo Taufik, anake Turmudi. Ket mau bedugwis buka.
“
Nggo opo isin Pin... pakora si, karang izik alangan...,” Lastrikondo. Turmudi
mesem.
“
Yhakin nyong ra kuat nju... ngoronge pok, abot narike wong panase pok ko kiye,”
Tasripin semaur. Ora wani njukuk krupuk, ndak kemriyuk rame, selot isin meneh.
Opo meneh udut bar mangan. Bar ngombe teh anget, Tasripin pamit sak kal mancal
kendaraane. Topi bange dipasang maneh.
“
Iki pak mbuntel opokang?.” Yu Trimah nakoki Turmudi. Turmudi ora sakal semaur,
suwi nyawang mripate Yu Trimah sing semodokan mbendul. Sing disawang sak kalan
mrabak abang raine.
“
Semur endog bae papat. Dendeng raine yo papat. Mihun karo acar kuning,” Turmudi
mangsuli, karo zik wutuh namati Yu Trimah. Raine resik,tapekno katok nek zik
susah nemen. Disawang ko kuwi, Yu Trimah semodokan mbrambang. Mbak Jum paham.
Taufik sing nang mburine Turmudi dijak ndongeng. Saiki wis kuat pasa ketug
maghrib. Insya Allah mugo-mugo tutug sewulan.
“Ajib,
Fik... wis kuat ketug maghrib ha’ah?,” jare mbak Jum. Mbiyek kae Fikri, anake,
kelas limo tembene kuat ketug maghrib. kuwi be diiming-imingi persenan karo
bapake. Dietung entuk pirang ndino. Nek tutug sewulan, diimbuhi sepatu.Bocahe
dadi niat nemen ra... sing cok nyetani malah simbahe. Ora tego weruh bocahe
lemes, diojok-ojoki kon mukah. Bejone bocahe niat nemen..
“
Nek aku wis kuat pasa wit kelas loro mbak. Mugakno Taufik tiru...,” jare
Turmudi. Taufik mesem, tambah mantep
atine, pengen pasa tutug sewulan. Yu Trimah gugu, karang wis reti rahasiane.
Podo
bae kambek Tasripin, Turmudi cilik mbiyek nek pasa sregep wudu. Kemune karo
mbati sitik. Nek bedug mlayu aring omahe simbah, buka nang kono.Bar kuwi pasane
disambung maneh. Karang bapake Turmudi galak, nek reti ora pasa biso disabeti
kuwi. Yo mesti kuat sewulan ra... sak omah do ngelem kabeh, zik cilikpo-o
pasane wis katam sewulan. bejone simbahe ora tau kondo-kondo. Nek sampek
kondo-kondo , nggagar wis... Mugo-mug Taufik pancen niat ajar pasa ketug
maghrib ho? Yu Trimah dewe ngakoni, mbiyekpasa bedug ketug kelas limo.Bareng
kelas enem, tembene biso pasa ketug maghrib . Zik kilingan, kelas siji SMP,
biso tutug pasa sewulan, bar kuwi digawekke rukuh apik nemen karo simakke,ono
rendone tumpuk-tumpuk.
( Ono bae carane wong tuwo ngajari anake
pasa. Ono sing ngewehi iming-iming, ono sing mekso karo meden-medeni. Tapekno
sing paling apik yo nyontoni, tur ngajarine teka sithik ket bocahezik cilik.
Pertamane, buko jam sepuluh. Nek wis
kuwat, melu pasa bedhug. Kuwat meneh, pasa ketug asar. Selot-selote ketug
: “ dhuuulll...” eh ketug “
nguiiiiing...” ding. Maksude, ketug maghrib, tur sewulan nutug.Insya Allah....)
Sumber : Suara Merdeka, Jumat 27 Juli 2012
Oleh : Iyeng Setiyawati
Tidak ada komentar:
Posting Komentar