NGROKOK, MARAKKE AWET ENOM?
ONO kinjeng menclok nang korden jendela warung,
klire ijo. Atun, rewange Yu Trimah mbatin, kinjeng kebo arane. Nek nang ndeso,
biyasane diincup cah cilik-cilik, diwehi benang buntute, terus diburke, tapi
benange digojeki, nggo dolanan dipadhake layangan. Arane be cah cilik, cok
during mikir, kewan po-o
dianggepe dolanan. Atun gugu, kilingan
mbiyek deknene kerep ngompol, padahal wes Gerang uwong wis sekolah. Men ora
ngompol, dikongkon mbakyune, wudele dicokotke kinjeng kebo. Lha mbuh kuwi, opo
pancen kinjenge mandi, pokok e bar dicootke kinjeng ping telu, Atun cilik ora
ngompolan maneh… He … He . . . bar guwak larahan, Atun gagyak wisuh terus mlebu
warung.
Yu Trimah watuk-watuk kesenggrok rokok.
Sutra, adine podo bae nang pedeke jendelo, ono jah enom telu jik balapan udut.
Kebule kesebul angin ngebeki warung. Hidilah, kuwi rokok opo si ho, kok kebule
gel mulek kae… Mbak Jum kipas-kipas, pak ngelikke uwong sing ngebuli rokok ora
penak, mbopo wonge jengkel, terus kapok tuku nang warunge Yu Trimah.
Wonge menyat telu-telune, mbayar sego
endoge tek duit kricik, pijar ngetungi sui kae si. Apak metu kadek warung be
pijar nylemong. “warung sego megono kene ketoke ono pom bensine nda…. Ora entuk
ngrokok mengko nek kobongan blaik kowe…,” Karo nglirik mbak Jum sing jik
kipas-kipas. Kancane do ngguyu ting gleges.
Yu Trimah watuk meneh. Wong seng marung
pancen biasa do ngrokok sak lebare mangan, tapekno ora dikebal-kebulke sak
karepe koyo wong telu kuwi. Ndelok-ndelok ra.
Turmuji jik antengmoco Koran. Podo karo Ji
Fathur, saiki wis ora ngrokok, sakpele dodone kerep sengkring-sengkring. Sing
during biso ngilangi rokok, lha kae si sing njagog nang jejere Turmudi. Topi
abange dinggo kipas-kipas, karang sumuk bar mangan tik sambel. Tapi Taspirin
mending reti aturan, nek akeh wong wedok, ngrokoke suko minggir.
Saiki pancen wong ngrokok selot diwaketi.
Ora entok ngrokok nang fasilitas umum. Selot akeh panggonan sing menging wong
ngrokok, arane Kawasan Tanpa Rokok (KTR).
“kuwi ono praturane, ndaraki opo…,”jare
Rusli, onakane Ji Fathur sing nyambut gawe nang Dinas Kesehatan. Bicoro ngrokok
tuku dewe, nganggo cangkeme dewe be pijar diwehi peraturan si, Tasripin takok.
Karang ha-ah, seje neng UU Kesehatan othok, tapekno neng Surat keputusan
Bersama Menteri Kesehatan karo Menteri Dalam Negeri, wes ditentoke, ono
panggonan sing didadekke KTR. Umpamane rumah sakit, puskesmas, apotik,
sekolahan, panggonan ibadah, angkutan umum, panggonan umum. Karepe, pancen apak
ngilangke kebiasaan ngrokok. Asale bahaya kanggo kesehatan.
Wong DKK nerangke, sing kenang bahaya seje
sing ngrokok othok, tapekno wong sing dikebuli, podo bae kenang bahayane. Biso
kenang penyakit jantung, setruk, utowo kanker.
“Iyo tah… pancen udut nek kakehan biso
marakke kanker. Kantong kering kang…,”jare Tasripin kambek nyungir. His, temenan
kiye… nek nyerot kebule rokok, sengojo utowo ora, podo bae karo nyerot racun
4000 werno. Mugakno gampang kenang kanker paru-paru utowo kanker dalane
ambekan. Sing marakke bahaya maneh, uwong sing kenang kebul rokok terus-terusan
mben dino (perokok pasif), asale ora tau diukur, sedino klebon kebul rokok
sepiro. Jare Rusli meneh, rokok isine racun, sing nang kebule rokok kuwi ho,
ono gas karbon monooksida, amoniak, asam hidrosianat, nitrogen oksida, karo
formaldehid (formalin). Racun liyane, nemplek neng saluran nafas, koyo tar
indol, nikotin, karbarzol, karo kresol. Coke karbol karo kreolin nombarang ho ?
Hidilah kuwi racun kabeh si. Durung maneh nicotine rokok Indonesia (sing
marakke tuman ngrokok), biso ping pindone rokok dek Amerika !
Mugakno pemkot Pekalongan, ket wulan Juni
2012 wis ngumumke nek Oktober tapuk nyetop iklan rokok neng wilayahe, termasuk
tempat umum. Resik kadek iklan rokok, jarene pak Sekda nang jamboree” Gerakan
Pengendalian Tembakau”. Pancen angel ngilangi kebiasaan ngrokok. Tapi kudu
biso, masyarakat luwih sehat nek ora ono kebul rokok. Kudu tapuk saiki.
“Tapi …. Ko kuwi po-o, rokok ono manfaate
si …”jare Turmudi. Irunge mbus-mbus ketoro nek ngledo. Wong-wong do ngenteni
Turmudi neruske kojahane. Ono manfaate?
“Ha-ah ono manfaate. Sing pertama rokok
marakke omah dadi aman, ora bakal klebon maling. Lha bisane aman priye? Lha
wong sing ngrokok terus, biasane ora biso turu, kakehan watuk karo-an
kempas-kempis. Lha malinge pak mlebu wedi ra, wong sing nduwe umah melek terus
kambek wathuk-wathuk…, “Turmudi ngguyu othok dipathak Yu Trimah tik kuwelan
kertas tisu. Bisone awet enom?
“Bisone awet enom pok ?ojo hengkeng ho Pin…
nyong be jarene pak dokter ok. Jarene, uwong sing ngrokok terus, biso awet
enom. Asale…asale ora kober tuwo, lha zik ennom wis mati..!” Turmudi endo
meneh, Mbak Jum nombarang melu mathaki. Timus, kucing telone Yu Trimah sakkal
nampani tisu sing tibo, ndaraki dijak gonjakan. Rusli gugune pok kae.
(Turmudi ngguya-ngguyu
po-o karo mikir, lha nek pabrike rokok izik ono, kebon mbakone zik ono, terus
akeh uwong sing sanggane nang pabrik rokok, lha op obis ho ngilangi rokok? Lha
pembkot wes wani kelangan pemasukan kadek cukai setahun 4 milyar pok?)
Sumber : Suara Merdeka, Jumat 12 Oktober 2012
Oleh : Iyeng Setiyawati
Tidak ada komentar:
Posting Komentar