DICUCRUP
PO-O SI....
ANGINE
semribit gedi nemen. Gludhuge saut-sautan. Hawane dadi adem ora semromong. Lha
kae langite wis gemandhul, pernahe kantepen momot banyu sing apak dsokke kadek
langit. Uruk-uruuuuukkk... awas kae pameyane gagiak dintasi... tapuk usum udan,
ndilalah bae usum pelem. Manise pok, asale pas kembang, zik ketigo, panas
njethet tur asat nggereng. Dadine peleme manis nemen. Pelem arumanis, manalagi,
gedong gincu, akiong opo pelem klopo, ora ono sing kecut. Angger kober tuwo
bae. Atun wes merem resen peleme Turmudi karo mbak Jum. Saiki wayahe asah-asah
piring ndisik, bar kuwi pak nyapu latar. Timus, kucing telone Yu trimah ket mau
mlungker turu nang keset.
Wong-wong
nang warunge Yu Trimah zik do juwet kojahan perkoro polahe jah mbiyek sing
seneng luru pentil pelem. Karang bocah cilik kuwi ora sabaran tur jaman sakmono
jik do ngrengges, bicoro pentil be do gayap. Malahan nggo rayahan, dilampu
nyolong nggon tonggone nang kampung. Sing ajib yo kelakune Turmudi.
Kanca-kancane nang kampung do nyolongi peleme simbahe, lha kok malah melu-melu
nyolong. Mengko nek simbahe metu kambek dehem-dehem, melu mlayu..... Tapekno
mbuh nang opo, simbahe ora reti nek Turmudi melu nyolongi pentil, opo gethokan
ora weruh, sing mesti, Turmudi ora tau disengeni. Padahal pelem sing mateng wit
utowo mateng diimbu kuwi akeh nang nduwur pethi beras, tapi mbuh kuwi, Turmudi
tetep seneng melu-melu nyolongi pentil peleme dewe.
“Nang
opo ho, wong mangan pelem sing wis mateng be enak ok pijar do mangan pentil
sing atos tur kecut. Dilampu mlayu sakkayange neng sing nduwe pelem ngonangi,
cok diudak asu sisan...,” jare Ji fathur sing paling seneng mangan pelem digawe
“sarang tawon” karoan gugu.
“Ah,
arane be jah cilik, nalare ndurung jalan ra... senengane inut-inut kancane
othok, “jare yu Trimah. Baskom megono sing wis kothong disingkirke. Lembarang
tahune gare sithik, karang laris.
“Mbiyek
kae ho, aku tau nyolong pelem nang tonggoku, arane Lilis. Kuwi tonggo anyar,
tembene pindahan. Bocahe ayu, aku karo kanca-kancaku tau moro pisan.Lha mbuh
priye, kok bisone aku nganut koncoku, nyolong pelem nang omahe. Jik do
enak-enake ngepek pelem nang nduwur wit, lha kok bapake Lilis metu, njagok nang
teras, terus udut. Suwi nemen klepus-klepus ora mendek-mendek. Lha akune karo
jah telu yo meneng bae ndepipis nang pange pelem ra. Dirubung lemut, dicokoti
semut po-o ora wani obah ra..kaku ati othok wis...., “Ji Fathur ndongenge lucu
kae si. Mbak Jum gugune pok.
“Sing
nyenengke, nek peleme akeh, mangane pelem digawe sarang tawon. Tapi nggawe
sarang tawon opo dionceki resik nghang diirisi kuwi tah mangan pelem sing sopan
alias piyayi, Ji. Tur zik ono sing denteni, ngrokoti pelok..hehe. lha aku,
mbiyek nek bar udan-udanan nemu pelem mateng, opo tau dionceki si ?, “jare
Tasripin.
Liyane
do ngguyu. Ha’ah...bener, jah cilik-cilik tah ora entuk dolanan peso, dadine
mangane pelem mateng priye ? Digedhug-gedhugke jubin ndisik sampek mbut-mbut,
njerone mbanyu. Bar kuwi pucuke pelem dicokot sithik, terus dicucrupi, sampek
banyune dleweran ketug janggut. Nikmate sakpore..ora ono sing ngalahke wis.
“Hehe...nek
banyune wis sat, kulit peleme disowek tik untu, terus peloke dikrokoti.
Dilamuti sampek resik, peloke biso dadi putih kae si....,”Mbak Jum nyauti.
Liyane do ngguyu-ngguyu gugu. Kelingan, mbiyek sing dicucrupi ko kuwi biyasane
pelem ndok, sing wohe cilik-cilik tapi nggrumbul akeh. Nek ora pelem kopyor,
banyune pancen akeh kuwi, saking akeh banyune, sampek angel diiris. Pelem golek,
podo bae enak dicucrupi. Ati-ati karo pelem sengir, meh koyo kopyor tapi luwih
gedi. Kuwi nek dicucrupi, marakke lambene gatel, cok njedir ne nombarang, jare Turmudi.
Tapi
ora kabeh pelem biso dicucrupi ko kuwi. Sing arane pelem bawang, reti pora, pelem
bawang ? kae si, sing peleme njembluk meh bunder, kulite semodok kasar ting
brentol soklat, mambune wangi nyenggrak ? Rasane kecut,
akeh serate. Cok-cok marakke watuk saking nyenggrake. Sing disenengi wong0wong
ambune thok. Biasane nggo campuran rujak cacah. Kuwi dionceki ndisik. Terus
dikumbah tik banyu uyah men ora marakke nyrenggak gatel nang gulu. Bar kuwi
dicacah utowo dirajang persegi cilik-cilik, nggo campuran rujak cacah, opo
maneh nggo rujak tingkepan, enake pok… wangi seger.
“Nek
aku senenge seje pelem bawanng, tapekno pelem kuweni. Kuwi wangi meneh, tur ora
nyerat marakke sliliten koyo pelem bawang. Dirujak enak, dipangan langsung podo
bae enak,”jare Yu Trimah.
Oooh,
kuwi nek nang nggon liyane seje-seje arane. Pakel, weni, kwini. Pancen wangi semerit.
Nek nang Banjarmasin, arane kwini, kerep-kerepe nggo lalapan lawuh iwak, jare
mbak Jum.
(Ejian ah, bicoro pelem be remo-remo ho…tur
biso dadi dongengan sing nyenengke, karang kabeh nduwe pengalaman lucu jaman
cilikane. Sing mesti, ora biso mbayangke, opo jah cilik jaman saiki wani
playonan karo nggowo pang nyenggeti peleme tanggane ? Sing mbeling meneh, ora
trimo nyenggeti, tapekno mathaki tik watu, sampek cok ngenani gendeng sampek
gendenge pecah nombarang. Mengko nek sing nduwe omah metu karo malangkrik..huuu…gagiak
mblayu nggenjrit.. Jah saiki tah longko sing mbeling koyo jaman mbiyek, batine
Turmudi)
Sumber : Suara Merdeka, Jumat 16 November 2012
Oleh : Iyeng Setiyawati
Tidak ada komentar:
Posting Komentar