Minggu, 23 Maret 2014

Warung Megono, 21 Des 2012



NGAPUNTEN, TEROSE WEDOS...
Biasa kiye..zik do grumungan nang warunge Yu Trimah. Do kojahan perkoro kebiasaan ngulemi nang Pekalongan, sing diarani “atur-atur”. Ajib pora, bicoro jaman wis serba modern ko kiye po-o, nang kampung-kampung zik ono tradisi ngulemi tonggo sak kampong nganggo coro kuno, liwat “juru atur-atur”. Kae si, wong sing biasa dijaluki tulung kon atur-atur, nekani tonggo siji-siji. Getune mbuh wis kenal raket po-o, wong biasa temu mben dino, nek pas atur-atur, condone mesti tik boso.
“Berarti denese wong Pekalongan kuwi reti boso ho mba?,” jare Yu Trimah kambek nglirep kompor. Garang Asem wis mateng. Duduhe ting mbekuthuknang panic gedhi. Dibukak tutupe, mambune mak srebel, sedepe pok. Dicicipi, wis pas rasane. Diciduk daging kambek otote, dicucuk tik garpu, wis empuk. Lombok tengise njegur, tutup meneh. Timus, kucing telone, angop nang pojokan.
“Ha-a nju, jare sopo wong Pekalongan ora reti boso. Lha yong be nek kondo karo kajine be kerep tik boso si, nggih nopo ji?,”tasripin semaur kambek mraktekke bosone ring Ji Fathur.
“Bener Pin, nek kilingan. Tapi ora kaiki, kodo biasa be keno ok. Kae wong mbatik be nek kojahan karo aku biasa othok si : Ji, (cok-cok Gan) nyong pak bali ndisik, ho...ko kuwi,” Ji Fathur nyauri.
“Nggih Ji, asale nek ajeng boso cok kagok, mangklihe campuran bosone hehe...,” jare Tasripin.
“Bosone wong Pekalongan tetep seje kadek nggon liyone, ndaraki opo. Bojoku seje wong Pekalongan asli, mangkllihe cok getun nek krungu aku boso,” Mbak Jum nyauti, Pak Guru Slamet mesem.
“Bener mbak. Lha niki enten tempe mbel-mbel anget, pundi mengkrenge?,” Turmudi nyacak.
“Hehehe....Lombok kuwi nwh dibahasakke dadine mengkreng ho..nyong wis klalen,” Jare Taspirin.
“Karang empun sepah, nggih klepyan nek Lombok iku mengkreng...hehe...,” Yu Trimah podo bae nyacak boso. Mbak Jum gugu, mbiyek bojone tau jengkel, maksude ora lilo, nang Pekalongan Ibune diarani “tiyang sepah”. Gening sepah.. ? Asale retine sepah kuwi podo bae ampas sing gudune diguwak. Bareng  diterke ne sepah kuwi sepoh utowo tuwo, tembene paham terus ngguyu. Karang ajib ok.
“Lha sampeyan ok mboten dugi teng mbrontokan enten nopo nju?,” Mbak jum genti praktek,takok karo Yu trimah. Sing di tekoki pijar glagepan mikir ndisik,nang mbrontokan ono opo?
“Lha ajeng kesah,terose sampeyan ajeng jawoh, nggih kulo wedos ra...mangklihe mboten siyos mriko. Karang empon sepah,kulo wedos nek kejawohan,”sing nyauri malah turmudi..heehee...
Delok kae, kata-katane seje karo boso kromo sing umum. Tuwo,ne biso jowo umume sepoh. Ne pekalongan condone sepah. Udan kuwi jawah, tapi nek kalongan ngarani jawoh, wedi kuwi ajrih,ne pekalongan kondone wedos,. Sido kuwi estu opo saestu, wong Pekalongan ngomongane siyos. Liyone zik akeh meneh... Pak Guru  Slamet ket mau mesem-mesem terus.
Ha-ah, ono meneh kiye : takok, kudune taken utowo nyuwun prikso, nang Pekalongan arane tangklet. Lali, klalen kuwi kan supe, kesupen. Nek Pekalongan nyebute klepyan. Arane biso seje adoh ho...? Tur pernahe lucu kae nang kuping, kanggone wong sing reti boso jowo kromo.
Atun rewange Yu Trimah, ket mau ndomblong othok ora mudeng. Ah, yo ora mudeng. Jah kuwi malah ora reti boso babarjid, nek kondo tik boso, bosone mesti kuwalik-walik, nggo awake dewe malahan dibasakke : kulo ajeng siram riyin. Kulo arip, ajeng sare. Weteng kulo empun nglengkik, dereng dahar, bongsone ko kuwi kae si. Pak Guru Slamet mangklihe ngguyu.
“Tanakan wong Pekalongan bosone salah kabeh ho, pak Guru?,” mabk Jum takok.”Boso sing priye ndisik...? Nek condone “terose jawoh”, sepah, klepyan, mengkreng, tangklet, tureen, kadose, wedos.. nek jareku yo ora biso diarani salah. Asale kuwi pancen tembung sing dingo nang Pekalongan. Koyo “pak ora” , “ora kaiki” , kuwi pancen tembung sing dingo nang Pekalongan. Koyo “pak ora”, “ora kaiki”,”nang endi-endi ora”,”wade”,”mrentem”, kuwi pancen tembung sing asli duweke wong Pekalongan, yo ora salah, pancen seje karo daerah liyone ok. Arane be bahasa daerah, yo seje panggonan, seje meneh ngomonge...ha-ah pok? Ojo dibandingke kambek ngomonge wong Semarang, Jogya, Solo ra...,” pak Guru Slamet nerangke. Mbak Jum karo liyone do manthuk-manthuk. Deknene kilingan, tau nemu kertas ulangan umum,pelajaran Bahasa Daerah. Perentahe, “isenono cecek-cecek nang ngisor iki,” Jawabane murid : “ora nono ceceke.” He..he...
“Boso jowo kuwi akeh seng meh podo. Kayukajeng; payu=pajeng; ngguyu-nggujeng;ayu=ajeng; adiayu=diajeng; maju=majeng. Lha nek yuyu, opo jeng-jeng?,” biasa ra.. tasripin tapuk mbedhute. Ora biso diajak kojahan semodok serius sithik. Kabeh do ngguyu.
“Ono meneh kiye.. arep=ajeng; ngarep=ngajeng; mbarep=mbajeng; ngarep-arep=ngajeng-ajeng; karepe=kajenge/kajengipun. Lha nek mengkurep=mengkujeng,” Turmudi ngimbuhi. “Lha berarti nek wong pekalongan mbasake awake dewe, koyo dahar, sare, salah ho,” Yu trimah takok. Pak Guru Slamet nerangke, nek kuwi pancen boso jowo kromo sing pakem. Pancen tingkatane seje-seje. Ono mangan, nedho, dahar. Turu, tilem, sare. Lungo, kesah, tindak. Nek sing pakem ko kuwi, wong seng ora reti biso salah ngomonge. Lha nek nyalahi pakem, yo dianggep ora sopan. Jare pak Guru Slamet, nek ora reti yo mending nganggo boso Pekalongan bae...aman.
(Turmudi mbatin. Sak pore ah...wong pekalongan pancen nduwe boso/dialek dewe. Ora kaiki, karang ora kudu podo karo nggon liyone. Coke bener, condone ahli sejarah kae, boso Pekalongan karo daerah pesisir liyone, kuwi wujude”perlawanan” kadek feodalisme, mugakno ora tik tingkatan-tingkatan, kabeh sederajat, podo kabeh...)
                  
Sumber : Suara Merdeka, Jumat 21 Desember 2012
Oleh : Iyeng Setiyawati

Tidak ada komentar:

Posting Komentar