KRING KRIIING….!!
KOYO biasane, warung wis kemrubut rame.
Yu Trimah wis rebyek ngedoli. Sing lengganan-lengganan tah sipil, karang wis apal
sing dikarepke opo.
Turmudi,
biasane sarapan megono karo horeg-horeg tempe. Paling-paling imbuh cucut nak wis mateng. Opo endog soklat
bunder. Tasripin ngirit meneh, biasane megono karo tempe glepung mbel-mbel.
Ji
Fathur senengane garang asem. Mbak jum senengane es jeruk, lha mangane karo
rendang opo srimping.
Sing
semodokan kagok nak ono wong teko, seje wong Pekalongan, terus nusu-nusu njaluk
didoli ndisik, tapi mikire pak nganggo lawuh opo, suwine pok. Garang asem ?
kuwi iwake opo, ayam kampung opo seje.disauri nak garam aseme Pekalongan kuwi
seje tik ayam,tapekno tik daging sapi. Zik takok maneh, tik santen pora? Pedes
pora? Ndelok koyo opo? Bareng dibukakke mancine, takok maneh, gening koyo
rawon, tik kluwek? Lha podo karo pindang tetel pora ? hehe… karang wong kuwi
remo-remo, cok-cokan ono sing wawancara ndisik ko kuwi.
Meneh :iki opo? Niku srimping. Srimping
kuwi opo? Niku bangsane kerang. Lho, kerang ko putih? Enak pora? Hidilah… tobil
anak kadal. Durung reti srimping, pijar takok enak pora. Nek wis reti
rasane…hoho, ojo takok meneh wis. Mesti tumane… bicoro pindang teri be, ono
sing tembene weruh, jare nang daerahe ora nono. Pindang teri kuwi opo? Nggih
teri teles dikukus, dikepeli. Terine sing enak, sing putih lembut. Ono sing
ngarani teri nasi. Ooooo… kuwi nang nggonku arane seje pindang teri, tapekno
blenyik. Ono tah kuwi. Tapekno bareng wonge rasan pindang terine Yu Trimah :
lha kok rasane seje… iki enake pok, terine alus tur gurih. Nang jeporo ono,
tapekno terine ting kresek kasap tur cok ono rine. Hehe… tembene reti ho… nak
panganane wong Pekalongan kuwi enak-enak, tur seje karo nggon liyane. Yu Trimah
wis apal, kalah-kalahe mesti wonge dadi lengganane, saben ring Pekalongan mesti
mampir. Alhamdulillah…..
***
Es batune entek, Lik Kasan dengaren
durung ngeteri. Yu Trimah ngongkon Atun marani es batune.
Numpak pit bae, men cepet tur ora anteb
nggowo es-e,”jare Yu Trimah.
“Suko
mlampah…. Mengke ngepite sertek-sertek othok,”jarene Atun. O, jebulno Atun ora
biso numpak pit. Mbak Jum ngguyu, krungu
“sertek-sertek.” Kelingan jaman mbiyek ra….
“Hehe….nak ajar numpak sepeda pancen
pertamane sertek-sertek ndisik ho, apak nggenjot mubeng be pernahe wedi nak
tibo,”jare mbak Jum. Yu Trimah podo bae gugu, nghang nyauti.
“Ha-ah mbak, seje sertek-sertek othok
ra… ono imbuhe grobyak karo nangis nombarang….”
“Karang ajar numpak pit kuwi, nak
durung tibo, durung bakal biso nggenjot ok,” jare mbak Jum.
“Sampeyan nak ajar neng endi nju…? Tau
tibo ping piro? “Turmudi takok. Yu Trimah gugu.
Suwi kang, coke tibo ping selikur ho…
lha aku ajare tik pite simbahku, pit lanang sing ono plagrangane nang tengah
kae si. Ketoke pit Reli, duwuuur nemen. Sikil tengen ngantek tekan ngisor
kelek, mbrobos dek ngisore plagrangan.
Sertek-sertek sithik, grobyak. Mengko sithik maneh, grobyak Yu Trimah. Sing
krungu dho gugu, lha kok dengkul biso pating srindhil, melas temen. Pit Reli
kuwi maksude pit Raleigh, pit sing terkenal dek jaman Londo. Turmudi ngguyune
paling seru, asale mbayangke temenan, awake Yu Trimah cilik, miring-miring ajar
nggenjot pit gedhi.
“Lha aku be ajare tik pit onta, gedhine
pok. Opo si kae mereke. Hamler pok ? Tapi seje pit lanang, dadine mending, ora
pati-o nyoro. Pite digojeki pak likku. Mengko nak wis biso nggenjot mubeng,
meneng-meneng dicolke. Getune kie ho, nek aku ora reti likku wis ngeculke, aku
biso tetep nggenjot. Tapi nek reti pitku dicolke, pitku sakkalan ogel-ogel, bar
kuwi gabruuukkk…dengkule bonyok, “Turmudi ndongeng. Hehe…jah cilik jaman
sakmono tah dengkule longko sing wutuh. Kabeh mesti tau babak, tau korengen
nombarang, asale mesti tau tibo, mbuh kuwi playon, pit-pitan opo penekan wit.
“Hi, bererti aku zik mlayan kiye ho…,
ajar pite ora tik sepeda onta, asale aku ditokke bapakku pit model anyar, pit
jengki. Mbiyek arane pit RRT pok ?”, jare mbak Jum, sakwise nyruput es jeruk.
“Ejiaaan…mbiyek wis duwe pit RRT ha-ah?
Kuwi karang pite anake wong sugih si..hehe..persasate kabeh jah cilik mesti
cita-citane biso nduwe pit RRT. Pangkate paling duwur kuwi,”jare Turmudi meneh.
Pit RRT pancen cekli, dibandingke pit londo. Tasripin kok anteng?
“Pin…. Lha sampeyan piye ajar pite? Opo
ujug-ujug biso nompak montor pit ?, Yu Trimah takok.
“Hehe…nyong mono tah ajar pite tik pit
mini, weke tonggoku, tur pruthulan. Longko slebore, malah longko sadele
nombarang. Pokoke gel rodo loro kambek setang othok wis..,”jare Tasripin. Do
gugu meneh ra, lha pit kok longko sedele., nghang numpake priye? Jarene, wong
zik ajar be, yo ora perlu njagok nang sedel. Sing penting biso nggenjot. Wong
rantene be wudo longko tutupe ok, sitik-sitik ucul, nglempreh, dibenekke meneh.
Tapi dinggo ajar cepet biso kuwi, asale cilik, dadine nggenjote wani…
(Yu
Trimah zik kilingan pite simbahe . berkone kinclong-kinclong. Ono dinamone,
dadine nek dinggo mbengi biso padang kencar-kencar. Slebor karo peleke podo bae
kincling. Tapi sakpele dinggo ajar,dadine do cicel. Ora kaiki wis. O, iyo, Pit
jaman mbiyek ono penenge. Nek pit-pitan nang nggili, kudu ati-ati, mbopo
kecandak cegatan peneng, bonggan biso didendo. Jah saiki tah ajar pite tik pit
mini, tur ono cagake roda cilik-cilik, alias pit roda papat).
Sumber : Suara Merdeka, Jumat 1 Februari 2013
Oleh : Iyeng Setiyawati