Senin, 28 April 2014

Warung Megono, 13 Nov 2013



Reti Pemasa ? Sakpore… (2-Entek)
           Ringkesane minggu wingi : Nang warunge Yu Trimah, wong-wong zik do kojahan perkoro Kyai Abdul Gaffar Ismail. Mbiyek, saben malem selasa bakda Isya, Pak Kyai nganakke pengajian terkenale “Pemasa”, alias Pengajian Malam Selasa, ojo takok kowe sing do teja. Biso redugugan kadek ngendi-endi. Semarang, Batang, Tegal Cerbon, ketug Linggarjati, sampek untel-untelan. Biso diarani pengajian legendaris Pekalongan, karang Pak Kyai Abdul Gaffar nganakke pengajian sampek setengah abad, kadek taun 1935-1941. Terus disambung meneh tahun 1953-1997.
           Turmudi, Tasripin, mbak Jum, Lastri karo Ji Fathur zik betah kojahan nang warunge Yu Trimah. Wis do kelar mangan, saiki garek wedangane. Ji Fathur sing wis mandek ora udut maneh, nyawang Turmudi nyerot mild abang. Wis pirang-pirang taun kiye Turmudi dadi “ahli hisap”, nek bar  mangan hukume wajib udut klepas-klepus ora ketang sak ler. Tasripin poyan ndudut sak ler, bar kuwi nyelang rek gase sisan. Diece karo-an Mbak Jum, nek pak dadi ahli hisap yo mending-mending sangu rek dewe ra.
           Tasripin biasa, nyungir othok karo-an ngeki kode, ngongkon meneng ngrungokke pengumuman.
           “His, meneng ndisik, ojo semeyang si…. Kae sopo sing mati, zikk diumumke …, “jare Tasripin”.
           Liyane do meneng ngrungokke pengumuman kadek mesjid. Suworone cok kabur kegowo angin.
           “Innalillahi….. Pak Solehan mburi tapsiyun nju, tonggone sampeyan“, mbak Jum komentar.
           “Ha’ah, karang lorone wis setaun. Melas, seprono –seprene dadi kembang amben, lorone ora mari-mari.  Saiki malah wis penak, ora loro meneh. Mengko nak wis nutup warung, tak parani. Dikubure ngesuk jam 7 ho? “ jare yu Trimah.
Do antengke kabeh. Pancen bakale kabeh wong do bali maring asale.
“Awake dewe iki kabeh camat. Calone mati. Dalane pati biso opo bae, seng mesti, bakale ninggal atau ditinggal. Ninggali amal. Lha kiye mau pas zik kojahan  perkoro tinggalane kyai Abdul Gaffar. Tinggalane Pak Kyai ajib kuwi, pengajian seng biso ajek ketug 50 tahun, “Ji Fattur ngandani.
Saiki didegke Yayasan Abdul Gaffar Ismail, nang umahe biyen, Jalan Bandung 60 Pekalongan. Saiki wes mangkleh dadi gedung magrong-magrong, kerja sama karoan BRI Syariah.
“Atho … rekening nyong rugi kiye ho, ora uman pengajiane. Koyo opo si Ji? “Tasripin takok.
Ji Fathur mbenekke kupluke, terus nyruput kopine sing wis meh entek, tembene mangsuli, “Sing marakke wong-wong do seneng kiye ho, Pak Kyai biso nerangke kabeh tuntunan, kabeh dalil nang Qur’an karo hadist, katik boso sing penak, gampang dipahami, asale disangkutke karo-an kejadian mben dino. Wonge ngomong opo onone, enteng othok kae si, “jare Ji Fathur.
Bar kondo ko kuwi nglinguk nang Turmudi. Takok, opo Turmudi tau melu pengajiane.
  “Yo tau ra. Nyong nak pengajian tekone gasik, men biso njagok nang njero, pedek karo pak Kyaine. Wonge cilik po-o, ajib kowe, suarane banter tur tegas. Sing khas, logate Padang. Isine remo-remo, kadek tafsir Quran ketug tasawuf. Sing marakke kilingan, bahasane sering puitis. Mbedekku, anake Pak Kyai Gaffar, kae si, penyair Taufik Ismail, nek moco puisi gayane niru Pak Kyai, “Turmudi nerangke.
Mbak Jum ngrungokke karo mesam-mesem dewe. Pemasa pancen marakke nostalgia.
  “Nek aku, mbiyek senengane melu pemasa, saben meteng. Hidihlah, temenan. Anakku loro-lorone, nyidame melu Pemasa. Wong aku mesti teko, ora ketang telat, sampek njagok nang kursi neng pinggir ndalan pojokan Sorogenen, saking kebeke sing melu. Wis ora biso mlebu nang pekarangane. Ora kaiki, wis marem biso ngrungokke kadek corong halo-halo. Mbiyek mesti karo-an ngelus-ngelus wetengku, mugo-mugo biso pinter koyo Pak Kyai,” mbak Jum ndongeng.
Nak wis khotbah perkoro dzikrul-maut , akeh jamaah sing sampek nangis. Ketoro nak sakdurunge khotbah, Pak Kyai nyiapke ndisik, mugakno biso pepek tur jeru. Kritikane termasuk wani. Perjuangane ngangkat umat Islam sing tau dipojoke jaman Demokrasi Terpimpin karo Demokrasi Pembangunan, sakpore kuwi. Sampek kerep dielikke karo DPKN, intel kepolisian.
(Yu Trimah gel pingine pok krungu khotbahe Pak Kyai. Saiki opo zik ono ho, rekaman pengajiane? Mesti akeh sing pengin reti kuwi, koyo opo pengajiane sing wis marakke Pekalongan selot pantes diarani Kota Santri. Mugo-mugo YAGIS biso dadi wadah nggo neruske perjuangane Pak Kyai Gaffar, membina umat nang Pekalongan. Jajak, biso pora, nganakke pengajian tik boso Pekalongan?)

          Sumber : Suara Merdeka, Rabu 13 November 2013
Oleh : Iyeng Setiyawati

Tidak ada komentar:

Posting Komentar