Jumat, 25 April 2014

Warung Megono, 19 Apr 2013



AMPRUT, GENTHE REYE ....
UDANE wis terang, ninggali howo seger asale bledug sing sok kemebul do menep kabeh. Mlayan.... angine sempripit atis koyo nang Pagilaran. Turuhan banyu udan do ngandhul nag godhong-godhong kersem, nak kenang angin do netes koyo grimis. Biasa, nek bar udan, rogolan godong garing do nghebaki latar. Pak ora men lemahe semodok gareng ndisik, mengko bae nyapune, batine Atun.
Kinjeng kebo loro tapuk patroli, menclok nang kembang cokra-cakri. Sing luwih cilik, coke seng wedok ho, pindah menclok nang kembang kertas. Yhange ngetutuke. Anteng bae kinjeng loro nang kono sampek suwi, orra ngrewes kupu kuning pirang-pirang jodo tapuk ting bleber ngubengi latar. Manuk grejo pating crecet nutuli kersem abang-abang sing do tibo. Timus, kucing ttelone Yu Trimah ora kemere, karang wis wareg sego pindang. Suko raup bae tik skil ngarepe, terus nglegorong nang lincak.
Mbak Jum mlebu warung karo ponakane, barena karo Bu Surti, guru SMA. Montor pite disetandarke ning ngisor kersem. Heleme digowo mlebu, men ora teles nak ujug-ujug bres udan, jare. Mbak Jum njagok neng pedhek jendelo men silir, ponakane ngadek marani blendhung watung. Hiya....ono kesturi nombrang. Nanaik ponakane mbak Jum njukuk kesturi sakpiringe.
“Monggo... Bu Guru... empun rampung ngawasu Unas nggih?” Mbak Jum mbagekke. Karo ngelungke kesturi zik anget. Bu Surti mesem, nampani piring kesturi. Wis lego, tugas ngawasi ujian wis kelar, garek-deg-degan kiye ngenteni hasile. Bejo, nang sekolahane ora nono perkoro sing remo-remo koyo berita nang tipi kae. Murid do ngepek, soal ujian telat, soal ujian kurang, bocah loro, bocah semaiut, bocah kesambet...wis pokoke angger Unas kok ono bae perkorone.
“Kesturine enak nju...nggawe dewe opo titipan si?”Mbak Jum takok. Kesturi saiki wis arang-arang sing dodol. Kuwi jajan gorengan asli Pekalongan, podo karo jonggol, blendung watung.
“kiye senengane ibuku si...Mbiyek angger nompo arisan, mesti ibuku bgawe kesturi karo bugis,”jare Mabk Jum. Nanik ngrunggokke karo nyruput teh anget. Bar udan ko kiye, enake teh anget.
“Bugis kuwi podo karo-an poci-poci?Nanik takok. Acarane kesturi wis kelar, genti sego ah...
“Yo sejo ho...podo-podo tik glepung ketan, bugis juwi kelire biru utowo ijo, njerone isi enten-enten, njobone diwhehi santen kenthel, terus ditum cilik-cilik koyo bothok, biasane tik godhong gedang sing zik pupus. Lha nak poci, kelire jambon, njerone kumbu kacang ijo utuwo tholo, ora diwhehi santen, dibunteli tik godhong gedahnag, bentuke lincip koyo piramid kae si ?” Ejian ah..Bu Surti nak nerangke komplite pok. O...ha’ah..paham, jare Nanik. Karang jajanan kuno kuwi remo-remo ho....sing dibunteli tik godhong gedhang be akeh si.... Bugis, poci, nogosari, le,per, hawug-hawug, bongko, bongko gedhang, lengko, arem-arem, gethuk kinco, ketan kinco, gemblong, blendhung, lopis... opo maneh ho...?
“Hidilah....marake mingin-mingini othok kiye. Nyong wong Pekalongan po-o, wis suwi nemen ora tuku gemblong pasar Sentiling. Padahal mben rong dino pisan kulakan mono...”jare Yu Trimah.
Llha kuwi...gemblong Pekalongan, kuwi seje karo glembhong daerah liyo. Sing arane gemblong Pekalongan kuwi, jajan campuran kadek jadah telung iris, klepon telung ijo, ketan secuil, diwhehi santen kentel karo diipi-ipit kinco, nghang ditemuni, samire biasane dowo, tur godhonge diwalik, ditekuk. Digawe dowo, men biso nggo ngrentengi. Wis, wani totohan piro bae, nang Peklaongan othok onone kuwi. Gemblong termasuk jajanan “legendaris” Pekalongan, asale jaman sakmono, ono bakul glemblong sing terkenal, bakule sekalian, wong lanang karo bojone, wong loro runtung-rungtung mblebu-metu turut kampung rukune pok. Sampek wong Pekalongan ngaranine ko kiye:”Rukun, koyo wong adol gemblong.”
“Jajanan sing digawe kadek po-ung, akehe pok ho? Geyhuk kinco opo gethuk kelopo, gethuk lindri, lengko, gebral utowo utowo peret, growol, jalethot, blendhung watong...opo maneh ho?”Mbak Jum ngeling-ngeling. Dikolok...sakpore. pak nganggo duduh komplang-komplang, opo duduhe kentel, pado bae enak. Ohh...lha po-ung kuwi, didang thok be enak ok. Dibakar nang tungku, opo maneh. Opo dibumboni, terus digoreng ? Digawe kripik kriyu-kriyus, nak didhep, sak keler biso entek...
“Hehe...nyong kilingan gethuk lindri deng diderke tik songkro, ono corong spekere, lagune bantere pok, mbudeki kuping. “Tung-keripiti Oma Irama...bakule gondrong,” Yu Trimah marakke gugu.
“Ono meneh sing kadek po-ung cimpring genthe reye....ail maneh nak mangna genthe, ati-ati untune,’;Turmudi sing teko keri, moro-moro nrombol. Deknene paling senng karo jajanan sing empuk, umpamane ongol-ongol, ondhal-andhil, engkol-engkol, kapur, lopis, termayang, karo bubur wiji salak.
“Ongol-ongol kuwi opo ora podo karo engkol-engkol ha-ah?”mbak Jum sing takok. Ket mau sampek durung sido mangan sego, juwet kojahan perkoro jajajn nenak-eenak. Nanik podo bae makmum.
Seje, ongol-ongol kuei ngawene tik pati lerut. Diwehi gulo jowo, diwu-wuri klapa parut. Nak engol-enol soko hunkwe, dicampuri santen, diwhehi irisan nongko ilik-cilik. Nak wis mateng, diridi tik peso hunkwe engkol-engkol. Tasripin mlebu warung, selot ngelih krungu panganan remo-remo.
“pak mbadum jajanan pok kiye....? Nak nyong suko a,mprut bae ah...Longko sing ngalahke owk. Mangan amprut kufdu karo ndagak si...tur kudu konsentrasi. Nek ora, bonggan...kesenggrok-senggrok.”
(Yu Trimah karo ngedoli sego nggo tasripin mbatin, karang jajnan kuno kuwi enak-enak owk, kadek bolang-baling, empuk-empuk, roti jowo, untir-untir, rengginang, semprong gapit, getuk wimoho, wigudhik, cengkulan, kuwe latok, kuwe lumpang, talam bumbu... marakke minggir kabeh...! Ngesuk nak nompo arisa, pacetane jajanan kuno kabeh bae ah, mesti dayohe do seneg...)***
Sumber : Suara Merdeka, Jumat 19 April 2013
Oleh : Iyeng Setiyawati




Tidak ada komentar:

Posting Komentar