Jumat, 25 April 2014

Warung Megono, 22 Mar 2013



GOWES, TUK... WA... GA...!
ANGINE sribit-sribit ket mau, sili. Marakke ngantuk. Saiki wis mending, udane ora teko mben ndino. Howone cok panas cok udan, cok semromong, cok atis. Cok mendung thok kadakadek awan ketug maghrib, baru kuwi megone diguasah angin, ora sido udan.
Godong kersem nang garep warung do logrok, alamat ngeki gaweyan Atun maneh, Yu Trimah izik madahi krupuk bawang sing tembene digoreng. Moro-moro dikageti kewan cilik ting penculat nang sikile. Hii.... gigu ah.... opo si kiye, gel marakke kae. Sikile Yu Trimah sampek kicat-kicat. Atun gugu weruh juragane gilonen. Ditamatai, jebulno kuwi jangkrik cilik-cilik, embuh pindahan kadek ngendi. Wong Timus, kucing telone be namanti ora kedep, sampek pak kero. Coke mbatin ho, iku gurih pota ho, nak dikremus?Opo semodokan pedes? Ketoke kriyus-kriyus koyo urang...
“Oo...jangkrik ok... ndengaren ono jangkrik mlebu.”jare Atun. Tasripin sing izek sarapan tik lembarang tahu mlebu komentar. Jare, jangkrike njaluk digawe rempeyek kuwi, coke enak Hidilah...
“Genting remepeyek jangkrik si... oono-ono othok kiye Ripin,” jare mbak Jum. Turmudi mesem.
“Nak nang gunung kidul, nggon pak likku, jaman aku cilik wis biasa tah, jangkrik dipangan. Opmaneh walang sing gedhi, kelire soklat kae si... gamol kuwi,”jare Turmudi. Temenan pok kiye...?Yo temenan ra.. sejej walang kadung sing keliree ijo...seje...kae tah gering mekingking. , onone sotahang kambek sungut othok. Nak walang kayu, sing kelire soklat, kuei walnge gedhi, dadine gamol. Yu Trimah gigu, mbayangke wong-wong do mangan walang. Hiii....lha opo enak si...?
“Ooo...ojo takok dosa kkowe...enak ra...kuwi walange dipanggang tik areng, biasane nghang disunduki. Rosone biso persis urang. Seje walang othok nju sing keno dipangan. Lha kae gendhon turi...reti pora, gendhon? Kuwi maneh gel sakpore gamole... persisi iwak sandung lamur...”Turmudi nerangke. Hiii...Yu trimah gel gigune pok mbayangke gendhon sing wujude koyo uler jedhung tapi buntek lemu, awake mbut-mbut. Ko kuwi kok dipangan. Enak si, persis gajih disate, Tasripin melu-nelu...
“Wis si... ojo kojahan ko kuwi si... aku gigu, terus dadine ora kolu mangan...”jare mabk Jum.
“nang nggon mertuwoku, Blora, malah enthung sing nag godong jati, arane enthung jati, biasa doamsak, digawe horeg-horeg, di dol. Larang kuwi, sak kilo nyandak sewidak ewu,” jare Tasripin maneh.
“Hidih....lha rupane koyo opo si Pin, opo do ora gigu?”Yu Trimah takok, penasaran.
“Cilik-cilik sak anakan tawon kae si, kelire soklat. Rasane gurih nemen nju... ono kecute sithik,”Tasripin nerangke. Hidilah, pernahe kok ngrengges temen ho, do mangan uret, entung, walang, laron, malahan ono maneh sing biasa makan cacing, anakn yuyu...sak pore ah.
***
Mbak Jum wis ora gelem ngrungokke meneh kojahan perkoro kuwi. Pak ora temen, nang negoro liyo ono oronh-orong, kolomenjing eh...kolojengking, wang-wung ketug tikus wirok digawe sate, nggilani.
           “Kang... ngesuk malem minggu pak ring endi, anake sampeyan wis tau dijak piknik nang “ibu kota” opo hurung.” Mbak Jum ngujo takok ko kuwi karo Turmudi, men genti kojahane.
“Lha ono opo si nang ibu kota? Pak ndelok jah do trek-trekan pok?”Yu Trimah sing takok.
Lha opo zik ono sing do trek-trekan ang kono si? Kuwi kan jaman mbiyek... Saiki nang kono, sakpele museum batik selot terkenal, bunderan lapangan Jetayu, omah dines Residen GOR Jetayu wis didadeke “kawasan budaya”. Angger acara sing nyangkut kesenian karo budaya, saiki nggelare nang kono. Trek-trekane do pindah nang lapangan Sekranding jarene.
“Opo mbak....dolanan anyar sing izik usum pok?”Tasripin, karang tukang ojek, retinan ra...
“Ha-ah.... saiki ono sing arane “mobil gowes” si...apik, dong anu kae be aku ngeterke ponakanku ngusumi numoak ok,” jare mbak Jum, batine lego, wis ora dokojahan perkoro “kuliner ekstrim’ maneh.
“Hidih, lha nyong ok ketinggalan si, ora reti, opo si kuwi mobil gowes?” yu Trimah takok.
“Sampeyan mono nyumpel nang warung terus nju, lha aku be tembene reti pas kapan kae liwat museum batik sore-sore, kok ono kendaraan koyo setengah becak setengah montor, jentrek-jentrek akeh, dipajangi lampu kerlip-kerlip apik ho?” Turmudi mangsuli. Taufik be durung tau dijak numpak.
Saiki nang ngarepe meseum batik angger sore, ono mobil gowes jemtrek-jemtrek, siap disewakke nggo hiburan. Kuwi kendaraanane koyo kreto, jagokane baris memburii, biso ditunggangi wong enam. Sing marakke nyejeni, nglakokkene seje tik mesin motor, tapekno digenjot tandem, pedeale gandengan. Nak do nunggang mobil gowes, sing nyewo biso nggenjot barengan, opo njaluk dogenjotke. Tapi sing marakke rakhat yo nak digenjot barengan.  Ngubengi lapangan Jetayu ping pindo, mbayare sepeluh ewu. Apike pok, kadek kadohan wis ketok mobil gowes sing bentuke remo-remo, lampune ting kerlip ngawe-awe jah cilik-cilik men do numpak. Seje jah cilik othok, wong tuwone be do seneng ok, pernahe rakhat kae si, nyacak nggeenjot narengan. Kudu kompak kuei, nek perlu diabani ngenjote, tuk... wa... ga... persis koyo nunggang sepeda tandem. Sing biso do nggenjot barengan mesti do bungah... Rakhat ah...
(Turmudi sakkalan pingin ngajak Taufik, anake numpak mobil gowes. Ora rakhat ra nang wong loro othok. Rame-rame, sore nyruput kopi tahlil karo-an ketan bintul nang lik Usman, Hilir, bar kuwi nyacak mobil gowes...hehe...bentuke koyo mobil-mobilan, kapal-kapaln, mlakune digowes-gowes... Ajib kiye, biso nggo hiburan, sisan ngenalke kawasan budayane Pekalongan...!) ***
Sumber : Suara Merdeka, Jumat 22 Maret 2013
Oleh : Iyeng Setiyawati


Tidak ada komentar:

Posting Komentar