Senin, 28 April 2014

Warung Megono, 27 Nov 2013



Sampo Merang
ATUN nyamponi pekarangan warung kambek lingak-linguk, asale ket mau slenthang mambu baseng. coke ono bathang tikus, mbuh nang endi. Diluru nang pedheke kolang-kolang, ora ono. Nang ngisore wit lompong sebalahe jugangan runtah, podo bae longko. Ngisore wit kersem resik, nono slempitan opo-opo. Hidikae, selot suwi selot breng-brengan mambune. Atun sampek idu ping sewelas.
Sedilut-sedilut irunge dipithes. Nang pojokan pekarangan ono tumpukan boto, diparani mbopo bathange ndlesep nang kono. Podo bae nol. Wis meh jam enem, sedilut meneh warunge Yu Trimah pak tapuk buka, si. Bonggan wis, nek bathange ora ketemu-ketemu, opo wong-wong seng do marung kolu mangan, ho? Ko kuwi batine Atun.Idu meneh. Bar kuwi wisuh, nghang tapuk noto lawuh mateng.
“Ket wau mambu baseng teng njobo tapekno mboten temu, pripun niki,” Atun laporan karo ngezrokke baskom megono. Yu Trimah nyacak nyerot ambegan, setengahe ngembus-embus. Ora mambu kaiki nak kadek pedhek kompor, asale kalah karo mambune tempe goreng glepung.
“Diwehi kopi bae Tun, jajak diwuwurke nang pojokan warung men nyerot mambu basenge,” jare Yu Trimah karo-an nyawang Timus, kucinge sing mluker nang keset. Paling-paling tikus turahane Timus kuwi, sing brang-breng.
Temenan, Atun ngewur-wuri kopi nang pojokane warung, mugo-mugo mambune kopi biso ngalahke sing ket mau brang-breng. Aman wis, saiki sak warung mambune kopi.
Warung tapuk bukak, let sedilut Tasripin wis nyruntul mlebu warung. Langsung njukuk tempe mbel-mbel, terus njagog ngedepbaskom gorengan.”Pin, sampeyan liwat pekarangan mau, kemambon baseng po ra?” Yu Trimah takok, pernahe kuatir kae si. Tasripin gedeg, pak mangsuli durung biso  karang zik mucu-mucu.
“Temenan pok, Pin?” Yu Trimah setengahe ora ngandel, asale ket mau Atun wis umbrus semeyang perkoro mambu bathang.
Tasripin nyungir, terus kondo : “Nju, nyong ora kemambon, yhakin. Coke opo nyong ambegane  tik insang ho, seje irung?” Yu Timah karo Atun kekelen krungu Ripin ambegan tik insang, padhakke iwak, ono-ono thok kae. Mbak Jum seng tembene teko be melu gugu.
Mbiyek pas ono wong marung sing kringete mambune pok-pokan, Tasripin othok sing ora kemambon, padahalliyane wis pak do klenger.Coke Tasripin podo bae wis nduwe insang. Dielingke perkoro kuwi, Tasripin bisone cuma cungar-cungir. Zaman wis akeh obat kelek karo lengo wangi ko kiye kok zik ono sing kringete mambu ho, sak pore ah.
“Zaman sak mono, wong towone ndewe wis nduwe resep ajib nggo ngilangi mambune kelek ho? Nggawe dewe, ora sah tuku,” jare Tasripin.
Ha-ah, karang mbiyek simake Yu Trimah be sregep nggawe campuran enjet karobanyu peresan jeruk pecel. Diwadahi gendul tepak hand-body Viva. Hehe, biso dibuktekke kasiate, ora kalah kadek obat kelek alias deudoran zaman saiki. Karang saiki onone boros thok, kabeh-kabeh tuku. Luwih ngandel karo gawean pabrik timbang nggawe dewe.
“Aku wingi nang Semarang, nunggoni Farida karo ponakanku krimbat nang salon sing terkenal nang Semarang. Ejian ah, bicoro ngrumati rambut be, mbayare larange pok.
Asale dirumati gel koyo ratu kae si, kadek kramas, bar kuwi diwehi obat, sirahe dipijeti, dikrukupi, sampek dikramas meneh, terus digarengke sisan di jongkati. Ditakoki ndisik, pak nganggo obat lokal opo Korea? Nak Korea, luwih larang,” Mbak Jum ndongeng.
Ajib ho. Zaman mbiyek, simbahe dewe ngrumati rambut, tik lengo cem-ceman. Nggawene kadek lengo klenthik, rajangan godong mangkokan karo kembang kenongo. Krimbate tek tanduran ilat boyo, diusek-usekke nang kulit sirah. Kramase tik sampo orang-aring, utowo merang. Kondisionere (men rambute ura gembel tur gampang dijongkati), tik santen, bar kuwi dibilasi tik peresan jeruk pecel. Nek rambute brodhol, sirahe dicacap tik banyu kadek ares debog gedang sing tesan di tegor.
“Opo nju, sampo merang? Opo merang biso dinggo kramas si?” Tasripin takok.
O, durung tau reti ho, merang di obong sampek dadi areng, bar kuwi disoki banyu. Nak wis adem, disaring, dijukuk banyune thok. Kuwi bisi nggo kramas, tur mandi nggo ngilangi sindab. Ojo wedi, biso lunyu tur mumplukkoyo sampo gawean pabrik.
(Yu Trimah kilingan, mbiyek pancen tau nganggo sampo merang, nang kulit sirah rasane adem, ora marakke gatel opo meneh alergi koyo sampo zama saiki. Nek kedarung buthak, dilengani tik lengo kemiri, biso ketel meneh rambute. Cumo saiki, sopo sing tlaten nggaweni dewe? Likrik tur ora gaya ra. Sampo merang genah kalah karo obat kramas “gewol” kadek Korea)

Sumber : Suara Merdeka, Rabu 27 November 2013
Oleh : Iyeng Setiyawati



Tidak ada komentar:

Posting Komentar