BATIK KALONGAN
CABANG BADUY
Turmudi jik dadi lakon
kiye, ditanggep bolo-bolone nang warunge Yu Trimah. Do seneng
ngrungoke dongengan perkoro wong Baduy Dalam. Karang during suwi iku Turmudi
nembe sonjo mrono. Jare Turmudi, wong Baduy Luar karo Baduy Dalam kuwi,
podo-podo omahe omah panggung kadek gedhek, apyone welit. Longane omah, biasane
nggo ngingu ayam. Uripe podo bae petengan, ora nganggo listrik utowo dammar
sing nganggo lengo lyun. Onone ceplik utowo sentir, sing nganggone lengo
klenthik. Nek dayoh teko nggowo lilin yo ra kaiki.
“Gonjakane rakhate pok,
kowe. Aku ngledo, kok tipine ora disetel pak ? kiye acarane Thukul si… Njawabe
penak othok:… sabar, karang nang deso kene izik giliran lampu mati…,”critone
Turmudi marakke gugu.
Baduy Luar, kotomono
mageri Baduy Dalam, sedino-dinone dadi “penghubung” Baduy Dalam, wong baduy
Luar luwih gampang urusan kambek wong sak njobone Baduy. Entuk nganggo klambi
biasa, nganggo teplek ora kudu
ireng-putih tur sikile ngodhok koyo wong Baduy Dalam. Entuk numpak kendaraan,
ora mlaku koyo wong Baduy Dalam. Biso nduwe hape, radio, motor, karo liyane,
ora koyo baduy dalam, entuk nganggo, entuk weruh, tapi ora entuk nduweni.
Dadine, saiki wis akeh
wong badu Luar sing nduwe bisnis, do sekolah tur biso riwa-riwi aring Jakarta
numpak bis opo sepur utowo kendaraan liyone. Sing podo yo kuwi, ora nganggo
listrik, nak mbengi petengan kabeh. Ora tau ndadekke masalah, wong turune jam 8
mbengi, mengko jam 4 opo 5 isuk wis do mangkat aring lading alias alas. Longko
sawah. Longko irigasi. Kabeh dipasrahke karo alam, sak entuke banyu udan. Ajib
ho…urip ko kuwi biso ajeg ket jaman mbiyek sampek saiki. Turmudi ndongenge
mandeg sedilut, ngentekke kopine.
“Aku karo koncoku
nginepe nang tokoh kono, arane podo wong kene, Pak sardi. Tonggone do melu
moro, mangan bareng-bareng, melu kojahan rakhate pok kambek ngopi. Mangan opo
ngombe, podo bae tik mangkok, longko gelas. Aku getune pok, ora do sekolah, ora
nonton tipi, tapi kojahane nyambung terus, do reti politik nombarang. Jah enome
be cok kondo ko kiye : oh my God…!,”Kabeh do gugu ra, mbayangke kojahane.
O..ha-ah..nang kono disuguhi duren karo duku. Ejian ah… durene Baduy
cilik-cilik, tapi manise pok, ora kalah kadek duren Lolong.
“Wong Baduy nandur pete
pora kang?,”Tasripin takok, karang hobine pete.
“Pas do panen pete….petene Baduy manis-manis. Mengko petene dibengketi,
didol nang pasar Ciboleger, kuwi daerah luar Baduy. Kadek Cibeo biso 8-12 kilo
adohe…tapi uwong Baduy mlaku sakmono kuwi ketoke sipil, mugakno cepet tekan…”
“Kuwi wong wadok opo bodo bae aring tegalan kang?,” Mbak
Jum melu takok. Turmudi mesem.
“Yo podo bae kerjo mben
dino mbak…Lucune kiye ho… nek pak do mangkat kerjo, lanang opo wadok, do poyan,
condone marakke gugu ok…jare apak aring kantor ndisik. Yo tak ledo sisan ra…:apak
ring kantor, lap top-e ojo keri ra… nggagar mengko ora biso kerjo…,” Turmudi
mangsuli, sing krungu do gugu Lha priye semaure kuwi, opo podo reti lap top si?
Laptop? Reti kowe… ndaraki opo…
“Lha kiye si laptope
wis tak gowo. Palango nggowo laptop sing tetep murup nak listrik nang kantor mati…, ko kuwi kondone kambek nuduhke bendo
karo arit... hehehe”, Turmudi nerangke, kabeh do gugu maneh. Bendo karo arit
kuwi pranti kerjo, dadine diphadakke karo laptop...hehe...ajib ah...
“Sampeyan aduse neng kali pok, Kang ?” Yu Trimah takok. Tasripin
ngledo, gening takok aduse...
“Seje nang kali, tapi nang pedheke kali, ono pancuran. Men gampang
aduse, pancrane diwadahi lesung gedi. Yo wis adus jebar-jebur, nyidhuke tik
bathok. Mlayan ok...ono adang-adange kedek gribig. Tapi kuwi nggo adus othok.
Jambane tetep nang kali...,”
Turmudi mangsuli. Hehehe... plung lap ho... sak kal ilang kintir,
karang banyune kemricik mili terus.
“Ngingune opo bae kang nang ndeso kono. Wis do beternak opo
durung?”, mbak Jum takok menenh, asale ket mau krungune ayam othok, bebek be
durung disebut. Pancen sing diingu ayam othok. Ayame lemu-lemu. Wong Baduy
pantang mangan daging wedhus, pantang ngingoni wedus, sapi, kebo. Asale men
kewan-kewan kuwi ora podo ngentekke tanduran nang kono, kotomono nggo jogo
keseimbangane. Iwak yo ora ngingoni, nak pingin, luru, nyerok bae nang kedung.
Pokoke, uripe santai nemen, kebh sak cukupe, sak perlune.
“Lha jare nang baduy ora entuk nggawe poto...lha kiye kok sampeyan
poto-poto nang brug pring kang? Sari ho pemanangane,” mbak Jum takok meneh,
nyawang potone Turmudi jik gondelan cagak. Jare, kuwi wis neng Baduy Luar.
Pancen ora entuk nggawe poto opo video nang baduy Dalam, tamu-tamu kudu ngajeni
ra..ojo nyolong-nyolong moto. Lha wong Baduy, entuk napkahe kadk endi? Do
nggawe tenun tik tenunan gedok, seje mesin. Apik-apik kowe...kiye slendang ko
kiye... nggo sampeyan siji-siji. Hore... do bungah entuk oleh-oleh tenunan
Baduy.
(Ono batik, biasane nggo iket/udeng, karo nggo jarikan wong
baduy Luar. Kelire Biru-ireng, karo krem-ireng. Jeble gaweyan Solo. Ono meneh
kiye ho, nang pasar Cboleger, nang pedeke gerbang mlebu Baduy Luar, ono toko
dodolan oleh-oleh Baduy. Akeh batik nangkono. Wong-wong ngaranine batik Baduy.
Turmudi panasaran, diparani, jebule...batik Pekalongan...heheh. ajib ho, batik
Pealongan owk di oleh-oleh nang Luar Baduy, terkenale “batik baduy...hehehe)
Sumber : Suara Merdeka, Jumat 12 April 2013
Oleh : Iyeng Setiyawati
Tidak ada komentar:
Posting Komentar