UJIAN KRUBYUK-KRUBYUK
SUWORO
kodok sing biasa saut-sautan sakwise udan, saiki wis liren. Yo maklum bae,
saiki wis arang-arang udan. Sing nduwe kloso, bantal guling kasur teles
ketrocohan, wis biso ajeg mepeni. Dalan-dalan wis do gring, ora blethok meneh.
Srengengene wis niyat men cureng, yhakin po-o semelet. Bicoro ayam be do ngiyub
nang ngisor kersem, kambek klekaran. Kae, jago cilk sing kelire putih ireng,
zik ajaran kluruk, ket mau munine : kukuuuk, kotomono zik mbekuki. Suworone
saut-sautan kambek jagone Lastri, tonggone Yu Trimah. Bejone ono wit kersem,
dadine ora patiyo semromong.
Turmudi
nganggo kocomoto ireng, mlebu warung karo-an singsot. Ejian ah… gayane gel
ngalah-ngalahke jah enom kae si. Yu Trimah nyawang semodokan getun, gening
kocomoto irenge ora diuculi.
“Ejian
… nganyari kocomoto anyar pok kang?” Yu Trimah takok karo ngelungke teh manis
Apik pora njuw? Setil ho?”ka era… disindir po-o pernahe
ora kroso. Tasripin ra, sing nyauti:
“Hebat ah…setil opo
timbil opo ketiban bel kuwi kang?”hehe… maksude bel, beleken.
“Hehe…ha-ah bener Pin, aku zik ketiban bel kiye…
jarene zik usum….” Turmudi mangsuli. Langite padhang njingglang po-o pernahe
koyo mendung, adem. Pak diuculi, wedi nak marakke gigu, asale mripate abang
mbanyu, gatele pok. Biasa ra, nak anyaran usum panas, mesti akeh sing dho lara
moto. Yo wis kocomoto irenge dingggo terus ws, sisan nggo gaya-gaya. Turmudi
tuku lawuh.
“Kiye Taufik prei, jah kelas nem do ujian nasional.
Nang omah dewekan, melas, asale Casmini zik balik ndeso. Ngesuk tekone,” jare
Trmudi. Tukune ndog soklat, acar lobis, karo horeg-horeg srimping.
“Hidikae, gening
ditinggal dewe nang omah. Maune dititipke mene bae si, melas,” Yu Trimah
nyauti. Taufiq anake Turmudi pancen lulut karo yu Trimah, sampek kerep diledo,
wes ngenteni opo maneh, podo legone be… gagiak dadi keluarga sakinah, mawaddah,
warohmah. Nek diledo kancane ko kuwi, Turmudi bisane ngamni othok, karang
during reti, bakale priye. Yu trimah onone nangis nang njero ati, karang uripe
during petho. Darani rondho, kok during tau pegatan, during tau kepaten bojo.
Darani nduwe bojo, kok wis rung taun setengah mrantau ora bali, tur longko
kabare. Nghang priye ?
“Kiye jah SD do ujian nasional ha-ah? Sak pore ho… jah
jaman saiki. Zik SD be wis ujian nasional. Nyong mbiyek jaman SD, boro-boro
kilingan mangkat sekolah. Pikirane ngedu layangan karo balapan doro othok,”
Tasripin ngujo nylimur, men Yu Trimah kao Turmudi ora sedih
“Bener Pin, jaman SD mbiyek tah awake
dewe ora tau ucul kadek layangan karo doro. Longko PR, longko buku abot-abot
sing kucu digembol mben dinone. Mulih sekolah, weruh wong do panen, njaluk
damene sisan nggo nggawe sumpritan. Weruh layangan tugel, yo ngudak layangan
ndisik,” Turmudi nyauti. Ha-ah, jaman mbiyek jah SD paling-paling isine buku
sekrip 3 iji. Longko buku kandel-kandel, nak digembol biso marakke bungkuk.
Longko PR sing marakke mumet, mugakno biso dolanan nang latar karo kancane
saben padhang mbulan. Mangklihe do nostalgia jaman cilik.
“Nyong
be podo bae. Bali sekolah, cekelane kecik sing akehe sak dus sepatu bata. Utowo
puternan, utowo pasaran...sak pore ah,” Mbak Jum nyaut. Es jeruke dijoki meneh.
Karang
ha-ah, dolanan jaman sakmono gel remo-remo. Kabehbocah seneng dolanan. Denese
jah saiki yo podo bae, tapi opo kober? Sak pele ono sekolahan favorit, jah
TK-SD wis disekolahke adoh kadek omah. Mangklihe tonggone, seje konco dolane,
yo wis ra...ora do kenal karo tonggone. Arane be sekolah favorit, muride diwehi
pelajaran tambahan remo-remo. Men do pinter kabeh. Dipelokke lomba remo-remo, kadek
dokter cilik ketug olimpiade matematika. Sing ajib meneh, wong tuwone persasate
melu lomba. Lha do lomba ngeleske anake remo-remo, kadek pelajaran sekolah,
bahasa inggris, nari, nyanyi ketug sepatu roda. Lha kapan dolane ho?
“Opo
meneh bareng Sd dipelokke Ujian Nasional. Ejian ah...sak Indonesia, ujiane podo
kabeh. Pekalongan dipadakke Jakarta, Bandung, Makasar, Waingapu, Wamena. Kepala
sekolahe mumet, guru-gurune ojo ditakokke wis. Mangklihe nggon ngudak sebutan
“sekolah favorit”, “sekolah berprestasi”, “lulus seratus persen”, sing diwulang
anjut murid-muride ra...” Turmudi kondo karo pratin.
“Bener
kang... bejone aku ora dadi jah SD jaman saiki, nggagar wis, dolanku biso
keter.. nyoro, ora biso nglipiki doro. Ora biso nyerok iwak karo nawu kolang-kolang,
ora entuk udan-udanan mbopo lara, bonggan ngko ketinggalan pelajaran”, jare
Tsripin, sing krungu do gugu, tapi batine mbenerke.
Mangklihe
jah kelas limo karo enem sinaune kudu anjut. Melaske, zik cilik-cilik wis
diajari setres. Sengsoro meneh, pas ujian nasional, sekolahe do banjir kenang
banyu rob. Kae si, SDN karo MI Pabean sing pancen lengganan banjir; SD Panjang
Wetan 3, 4, 5 karo 6. Priye wis kuwi, ujian nasional karo-an krubyuk-krubyuk.
Opo ora masuk angin ho? Bejone ono sekolahan sing mbadum susu karo roti sak
hurunge ujian. Men do sehat, bregas, biso lancar nggarap ujiane.
(Turmudi pamit karo-an mbatin. Lha iyo,
denese pak nggo opo, jah zik SD kok wis dikon ujian nasional. Nek pak nggawe
“peta kualitas sekolah,” yo seje muride thok ra sing diuji. Gurune karo pejabat
dinas pendidikan nombarang ra... sing melaske meneh, nek pas ujian, bocahe izik
lara, sampek ono sing dilampu mangkat ujian nganggo ambulan. Pak didadekke opo,
bocah-bocahe ndewe? Pinter othok, opo biso nggo sangu urip? Padahal nggo bocah
sekolah, ora kalah pentinge, ngajari budi pekerti, men mbesuk kepinterane ora
dinggo ngakali opo ngapusi wong, opo meneh -amit amit- korupsi!)***
Sumber : Suara Merdeka, Jumat 10 Mei 2013
Oleh : Iyeng Setiyawati
Tidak ada komentar:
Posting Komentar