Jumat, 25 April 2014

Warung Megono, 13 Sep 2013



Kota Santri
ISUK-isuk srengenge wis tapuk mencorong, nglumerke embun karo howo atis sing marakke prindang-prinding nang awak. Katoke bakal semringah kiye, langite resik, wong karang udane wis disuntek mau mbengi. Timus, kucing telone Yu Trimah ngolet, gegere diplengkongke munggah, nyakari keset ping pitu, bar kuwi enter-enteran marani piringe nang pojokan pawon. Ndhas pindang diulet kambek sego wis cemepak. Ngethamel ra... Manuk greja sing kemrecek nang latar ora dilirik babarjid. Kae, prenjak nang wit mahoni gel ngganter ket mau...coke bakal ono dayoh adoh, jare simbah mbiyek.
Yu Trimah mesem, nek dayoh seng pedhek tah wis teko. Turmudi jik moco koran nang pojokan warung. Taspirin ijik gemremeng  dhewe, setengahe mrentem kae si, asale entuk sms njaluk kirimi pulsa kadek “ ibu nang kantor pulisi”. kabare wis diberantas, tapekno sms kokuwi kok ijik ono bae.
“Simakku wis almarhumah  ok njaluk kiriman pulsa, priye denese, “ jare Taspirin kambek ngrogoh krupuk terung kadek lodhong, nghang kriuk-kriuk.
“Wis ojo diwangsuli, mengko pulsane sampeyan kesedot...,” jare mbak Jum. Atun, rewangke Yu Trimah tapuk ngurupke radio. Lagu lawas Nasyidah Ria. Montor mandeg, jebule Ji Fathur kambek...? “Ejian ah...kajine teka, lagune biso pas kiye...suasana di kota santri...,” jare Turmudi kambek nyalami Ji Fathur, suarane Nasyida Ria kadek radio pancen nyanyine kuwi. Kajine ngguyu, terus ngenalke Rusli, ponakane seng kerjo nang dinas kesehatan. Do salaman kabeh, terus kajine wekas teh panas kambek kopi. Sarapane megono kambek panggang cucut, tempe glepunge ora keri. Ooo ponakane...
“Cocok kiye...sarapan kambek kasidahane mbak Nasyida Ria,” jare Tasripin.Horeg-horeg tempe kambek  pindang teri wis didhep. (...suasana dikota santri...). Anteng sedilut, jik do mamah sarapane ping telung puluh loro. Tumon-tumon si Timus kucinge Yu Trimah mbeker, hidikae buntute kepencot. “Denese sing diarani kota santri kuwi sing opo si, aku pingin reti kiye..,” mbak Jum takok.
“Kae ra.. nyah sodagar kiye senengane takok sing angel-angel...,” Tasripin mangsuli. “Ora keno wadhe ra Pin...wis sampeyan ojo semeyang, men kajine bae sing nerangke,” jare Yu Trimah kambek nyerbeti gelas sing tesan bae diasahi Atun.
“Kota santri pok? Yo kota seng penduduke akeh-akehe islam, sing nglakoni syariat islam temenanan, seje islam nang KTP othok. Kotomono penduduke kuwi santri kabeh,” Ji Fathur nerangke. “Lha pekalongan sampek saiki jik diarani kota santri si ho?” mabk Jum takok maneh. “ Nggih tesih ra bu...niki pekalongan kota nopo kabupaten, namine kota santri,’ Turmudi mangsuli, pijaran boso kae si. Mbak Jum kelar sarapane, sendoke wis diglethakke. “Lha nek moco koran, nyong kaget si, jarene diarani kota santri, tapekno Pekalongan kuwi mlebu urutan 10 peredaran narkoba sak Jawa Tengah. Selot kaget manej, jare nang pekalongan sing kena HIV/AIDS tahun2013 biso satus punjul, padahal taun 2011”zik” ono 38 dewe, lha tahun 2010 jumlahe la-lasan othok,” sakal nglinguk nang Rusli, ponakane. lha opo bener sih kuwi, beritane.
Rusli, karang reti dewe penjelasan kadek Kepala Dinas  Kesehatan Kota, yo manthuk mbenerke ra. Bar kui nyritake sisan, nek tembene bae tambah wong telu maneh sing kena HIV/AIDS. Akeh-akehe bisone do keno penyakit sing paling diwedeni kuwi, goro-goro do gentenan nyuntik narkoba, dom suntikane barengan. Bar kuwi yo goro-goro seks bebas. Sing marakke miris kiye ho, bayi biso ketularan kadek ibune. Ejian ah....opo ora marakke getun, ibu rumah tangga biasa sing keno HIV/AIDS, jebulno jumlahe luweh kadek PSK sing keno. Biso ping telu utowo ping papate.
“Lha kok bisane ko kuwi mas Rusli?” Turmudi takok, asale pancen getun.
Rusli nerangke, kuwi goro-goro wong lanang sing do seneng “njajan”, utowo sing do nyuntik narkoba podo”kulakan” virus HIV kadek PSK utowo kadek kancane, terus nularke maring bojone. Cilokone maneh, wong lanang sing”njajan” kuwi biso nularke sopo bae klebu bojone, padahal deknen nduwe negatif HIV. Lha seng negatif mau ijik bujang,nghang kawin, yo podo bae biso nularke nang bojone. Melas sing wadok ra...kotomono ora uman nangkane, tapi kenang pulute. Bar kuwi seng wedok meteng, bayine ketularan sisan. Yu Trimah kambek mbak Jum sampek mrinding,takok, opo seprene durung ono obate? Obat seng marakke mari tah durung ono. Tapekno bejo , wis ditemokke obat antiretroviral, kuwi obat sing biso nyegah virus HIVne  ora “berkembang biak”. Terus, biso nyegah, men wong wadok sing kenang  HIV ora nularke maring jabang bayine. Nek ditlateni ngombe obat kuwi , biso nyegah men ora cepet-cepet dadi lara AIDS. Tasripin takok, lha HIV kambek AIDS kuwi seje ha-ah? Rusli unjal  ambegan, terus nerangke maneh. HIV iku aran virus. Nek AIDS kuwi aran penyakite. Pertamane ketularan HIV. Selot suwi, nek viruse selot akeh, biasane sak wise limang taun, wonge selot ringkih, dadi penyakiten sak awak, kadek watug pileg ketug korengen. Selot-selote, awake dadi tumpukan penyakit, dadine ora dowo umure. Mugakno sing paling apik yo nyegah, timbang nambani.
(Genten mbak Jum seng unjal ambegan, prihatin. Nek wong-wong pingin nyegah men ora kenang HIV opo maneh AIDS, yo kudu ngulinake urip sing sehat. Ora nganggo narkoba. Kelakuane, kembulane kudu  sing apik, ora nglakoni maksiyat koyo seks bebas utowo”njajan”. Denese wis akeh tuntunan sing bener. Nang opo kok nang kota santri penyakit sing asal-usule kadek nglanggar larangan agama kuwi biso selot akeh bae?)*****

Sumber : Suara Merdeka, Jumat 13 September 2013
Oleh : Iyeng Setiyawati



Tidak ada komentar:

Posting Komentar