Jumat, 25 April 2014

Warung Megono, 8 Mar 2013



Sayungnara...Sayungnara
Saben khuto seng nduwe tapsiun sepur, mesti ono tetekan sepure. Kae si, palang sepur aliasrajek wesi sing ngadhangi kendaraan men do mandek pas sepure liwat. Angger ono sepur pak liwat, mesti tetekane muni. Mbiyek, munine ko kye : thing theng...thing theng.... nak saiki wis diganti tik suworo sirine model anyar: ngok-ngik-ngok-ngik-ngok..... malahan, sing luwih moderen meneh, tetekane dikompliti tik halo-halo, sing otomatis ngeki pengumuman perkoro tertib lalu lintas, ojo mbrobos tetekan ndak bilahi.
Karang nak dipikir kye ho, tetekan kuwi ndrawasi, asale izikk akeh sing mbukak-nutupe njagakke tukang palang sepur. Nak wis tapuk muni thing-theng thing-theng, tukang palang sepur gagiak ngedunke palange, men nutupi dalan kendaraan. Cok-cokkan suwiiiii...... nemen. Wis ditutup ket mau-mau, tapi sepure ora liwat-liwat. Sampek montor, montor pit, becak, pit onthel, andrine dowone pok. Sing kacokan meneh, malah cok mbrobos kadek ngisore palang sepur. Umbrus ah, lhais wis nak ujug-ujug sepure teko. Sikile kagok ora biso mlayu, ngagar wis.... durung meneh nak sing jogo palang sepur keturon opo klepyan. Wayahe sepur liwat malah enak-enakan turu. Zik mending nak klayah turu. Lha nek pas kebelet nguyuh opo wetenge mules? Bejone saiki wis akeh sing moderen, tetekan sepure otomatis nutup nak sepure wis pedek.
Nang Pekalongan, panggonan sakkiwo-tengene tetekan sepur sak wetane tapsiyun diarani sayung utowo sayun. Coke kadek tembung stasiun ho, ilate wong Pekalongan kagok, ngomonge sayun. Sayung Pekalongan, jaman mbiyek nduwe ciri khas sing ora bakal dilalekke sopo bae sing tau manggon nang Pekalongan jaman sakmono : koplak jaran. Ha-ah, bener, mbiyek sayung sing sebelah kulon, pancen dadi koplak jaran. Dokar sak pirang-pirang ting jentrek nang kono. Mben isuk, jaran-jaran wis dipakani suket campur dedek, diwadahi ember eh..tong ding, kadek kayu utowo gwmbreng. Coke dicampuri jamu karo-an ndog bebek men kuat kerjo sedino, ngluru duit nggo kusire. Biasa ra...bar do mangan yo mesti ting ntlepok ho... ? pokoke tlepong jaran, jaman sakmono wis dadi i pemandangan sing umum nang sayung karo gili sak kutho. Maklum bae, mbiyek durung usum jaran diwehi”sruwal” alias dipasangi karung mburine nggo nadahi tleponge. Saking akehe tlepong jaran, jaman sakmono ono guyonan, balapan ngomong”teplek tepak tlepong...teplek tepak tlepong...”, cepet-cepetan, akeh-akehan, ora entuk salah utowo keclethut...hehehe...
Akhir tahun pitung puluhan opo wis mlebu tahun wolung puluhan ho, pokoke pas Bintang Kecil (taman bermain anaok-anak jaman sakmono, saiki Monumen) didadekke THR karo terminal angkot, koplak jarane dipindah, kadek sayung ngalih nang pedheke Pasar Sentiling. Mending resik kye arane...pusat tleponge wis ora nang sayung maneh. Tepake koplak jaran mangklihe nggo dodolan, kadek es barteh ketug warung-warung sego.
***
Suwi-suwi, bareng dalan KHM Mansyur dijembarke, akeh warung karo-an toko sing kecandak pelebaran dalan, mboh do pindah nang ngendi mangklihe. Toko-toko do madeg. Nggenteni warung-warung. Nang antarane toko-toko, zik ono pelataran kosong, mbiyeke perumahan PJKA ketoke. Lha kuwi pelatarane mangklihe dinggoni bakul-bakul pedagang kaki lima. Asale akeh juga sing dodolan ora tik kaki alias silkil, maksude akeh wong do dodolan cumo nggelar terpal plastik. Kadek dolanan bocah, sampek iwak akuarium. Selot suwi selot akeh sing pagelaran dodolann nang kono, akeh-akehe barang prombengan. Sayange ora ditoto sing nggenah, dadine sekitare sayung ting slengkrah, sukere pok kae si, ora kalah umbrus karo-an dadi jamn koplak jaran.
Mbak Jum pirang-pirang ndino lungo aring Suroboyo urusan dagangan, mugakno pas ngliwati sayung, semodokan getun. Ejian ah...saiki wis resik, ora suker meneh koyo maune. Ajib kye..
“Nju wis weruh Sayung saiki hurung? Wis ora umbrus koyo maune...,”jare Mbak Jum bareng tekan warunge Yu Trimah. Jam sakmono pancen akeh sing zik marung.howone semromong, Atun, rewange Yu Trimah ket mau ngudek es teh karo es jeruk terus.
“Lha ono opone si, sayung saiki,” Yu Trimah mangsuli kambek nglungke es teh.
“Mosok si, hurung tau liwat sayung? Saiki ajib, wis ora suker meneh. Maune isine wong dodolan prombengan si. Kadek sepeda, rajek wesi, ketug gembreng bodhol, ono kabeh. Maune suker si ho?. Saiki wis resik. Ajib nju..,” jare Mbak Jum semangat. Es tehe wis dijiki Atun. Tahu sumpel anget ora keri.
“Ha-ah ra..bener. karang sayung kui persis nang pinggir gili sing diliwati kabeh wong sing mlebu kutho. Nak suker, ngisin-ngisinke si ho, opo meneh karo wong-wong kadek luar kota,” Tasripin nyauti. Meneng-meneng, mangane tanduk. Kriyak-kriyuk krupuke ora mendek-mendek.
“Lha kae, sukete sing runggut tur landung-landung nang sekitare tetekan sepur ketuk tapsiyun, wis diresiki hurung ? Pas awake ndewe numpak sepur kadek Semarang kae katok sembrawut ho ? nak kadek nduwur sepur, ketorone pok,” jare Turmudi karo nyelehke korane.
(Wis dadi kutho batike wong sak ndonya, wis entuk penghargaan Adipura ping pirang-pirang, wis dadi kota unggulan Wisata Jawa Tengah, nak zik akeh panggonan suker yo ora ajib ah....mengko tanakan podo bae karo jaman sayung kebek tlepong ! Eman-eman, wong nang kono ono tauto Pekalongan sing kerep diluru tamu-tamu dek luar kota...)

Sumber : Suara Merdeka, 8 Maret 2013
Oleh : Iyeng Setiyawati

Tidak ada komentar:

Posting Komentar