Warung Megono
Sak rombongan manuk grejo-ketoke kadike ono selawe
punjul- ket mau ting mbleber nang pekarangan. Suarane pating crecet, muni
bareng sak anak putune mbuhrao. Do nithuli las, menir, opo beras sing wutah pas
ditapeni. Pernahe lulut kae si. Pencalutan nang antarane suket, ngluru menir
sing nylempit. Ono sing ngiwo, ono sing nengen, lincahe pok.
Kae, delok, Timus, kucing telone Yu Trimah sampek
gregetan. Meneng bae, ndekem nang pedheke jengkok plastik. Ndase menga-mengo
ngututke obahe manuk. Matane ora kedep. Rindhik-rindhik Timus tapuk maju.
Kupinge njegrak, brengose ngececeng, buntute dislempitke nang sikil mburine.
Yaak...ancang-ancang pak nubruk kye, ketoke karo deg-degan. Timus selot maju,
ji..ro..lu..! Kabruuk, manuke mak blebeeeerr...gel kompak kae si, selawe-selawenw
mabur bareng-bareng, longko sing keri. Suarane kemrecek gel ramene pok. Timus
setengahe mbedhegel, mlengos, ora kere nyawang meneh. Suko marani Atun, njaluk
jatah pindang bae wis, ora sah pijar kesel nubruk.
Turmudi ket mau nyawang manuk grejo karo-an Timus, gugu
dewe. Mbuh ho, nangopo manuk sing uripe sak mbrayat kui diarani manuk grejo.
Padahal sobone orang nang grejo thok si, persasate nang saben latar. Kadek
latar tapsiyun, sekolahan, ketuk latar warunge Yu Trimah. Sing mesti keno
dititeni kadek hobine sobo bareng sak arat-arat. Turmudi ketularan Timus,
nyawang manuk ora kedep.
“Kenang opo kang, kok ket mau ngalamun,” Yu Trimah
ngelokke, dikirone Turmudi ngalamun.
“Ora ok nju, nyong kilingan jaman cilik mbiyek, nduwe
bolo, manuk grejo,” Turmudi mangsuli.
“Sampeyan mbiyek ngingoni manuk grejo ha-ah ? Lha opo
apik si,” si njune takok meneh.
Seje apik, tapekno lucu. Goro-gorone Turmudi jaman SD
nemu susuh manuk grejo tibo kadek wet gedang. Ono piyeke, cilik menthik, durung
biso mabur. Lingak-linguk ora nemu simboke. Wedi nak piyeke ditubruk kucing,
Turmudi gagiak njupuk, terus diwadahi kardus tepak sepatu. Diloloh kambek upo
diwenyet-wenyet, diombeni banyu sak teteskadek pucuk drijine. Kerduse dilebokke
kamar. Mengko nak bali sekolah, gagiak ditiliki, terus dilolohi meneh. Selot
suwi selot gedi, manuke di burke. Ora diajari po-o, bejone biso mabur ho?
Getune, manuke kerep marani Turmudi, saben isuk opo sore, menclok nang jendelo
kamare. Kemrecek karo penculatan sedilut, terus mabur meneh. Biso reti kae, nek
kuwi jendelane Turmudi. Ko kuwi mben dino, sampek Turmudi pak mlebu SMP.
“Hidilah, lha kok ajib temen Kang, koyo mudeng kae ho,”
Mbak Jum komentar. Pancen ajib ok. Bicoro manuk greja, manuk bandangan seje
kandangan be reti.
Tasripin mlebu warung, ngakune kaliren. Hidilah, lha
pirang ndino ora mangan si? Nglengkik.
“Nyong gel mumete jahat. Sak kesok mupruk, mubes ngluru
teplek pesenane siwoku,” jare Tasripin, kambek mucu-mucu nyokot tahu sumpel.
Njagok ndisik, ngombe ndisik, jare Turmudi.
“Lha teplek ono sing diluru, ilang pok tepleke...,” jare
Yu Trimah ngujo ngledo. Siwone Tasripin kadek Moga, wis telung ndino nginep
nang omahe. Njaluk ditukokke teplek jaman Pekalongan nduwe “Bintang Kecil”,
karo koplak jaran nang sayung, alias tahu sewidakan. Lha Tasripin be durung
lair tah.
“Kiye si, tepleke ko kiye....ora apik si nek jareku,”
jare Tasripin karo nuduhi poto teplek kelire ijo tuwo, digawene kadek plastik
kincling. Bagian gegere teplek, ono bolongane. Pernae empuk kae. Turmudi karo
Ji Fathur sing nglongok ndelok potone, biso bareng kae ngomonge:
“Oooo.....teplek Lily...! Hehehe....,”Wong loro podo bae
ngguyu bareng. Tasripin ndomblong.
“Kiye teplek alias sandal antipatah, arane pancen
Lily. Pokoke top markotop kuwi, jaman sakmono,” jare Ji Fathur. Turnudi
ngimbuhi, jaman kuwi, kabeh wong persasat hurungnganggo sandal nak sandale seje
Lily. Lha kuwi denese sandal nggo lanang opo wadok, kok arane Lily ?
“Yo biso nggo lanang opo wadok, kotomono koyo pit jengki
wis, hehe,” Ji Fathur mangsuli.
Kuwi teplek alias sandal idam-idamane kabeh wong jaman
tahun sewidak sampek wolung puluhan. Ora tuwo, ora enom. Malah jah cilik-cilik
be seneng ok, asale apik, tik plastik alus tur kelire remo-remo, kincling.
Dinggo empuk, ora marake mlicet, asale longko sambungane, alus kae cithakane.
Jah lanang nak sunat, waji nganggo teplek kuwi. Nak hurung ditukokke teplek
Lily, hurung gelem sunat. Opo meneh nek bodo. Nggo sholat Ied, sing afdol yo
nganggone teplek Lily. Gel bungahe pok kae si, mamerke teplek anyare. Mengko
biasane kancane do kenalan, teplek Lilyne diencot sithik. Athooo....Onggrongane
kae si. Pancen ajib, teplek kuwi penak dinggone, ora marai kesel, asale tipis
tur enteng.
“Lha kok iso diarani teplek anti patah si Ji,” Yu Trimah
takok. Mbak Jum sing reti maksude, gugu. Kuwi pancen teplek anti patah, ora
gampang tugel opo pothol koyo yeplek kadek kulit. Paling-paling suwek. Tapi,
nak suwek, biso disolder. Hehe...soldere tek peso digarang nang areng utowo
kompor, terus dinyoske. Beres wis, biso rapet meneh. Ko kuwi biso ping
pirang-pirang, mugakno awete pok, biso pirang-pirang taun. Ngisore kae ho,
gabus karete kae, sampek gripis, tipiiis nemen, sampek ora biso ditulung meneh,
tembene tepleke diguwak. Hehehe......
(Turmudi yo kilingan nemen, wong seje simbah karo
bapake othok sing nganggo, deknene be ngalami nganggo ok. Jowedi, sampek saiki
jebule zik ono sing adol, nang pasar-pasar pinggiran kota. Umpamane pasar
Wirodeso, pasar Karang Anyar, malah jare mbak Jum, nang toko cilik ngarepe
pasar Ungaran yo zik ono. Ajib ho....teplak anti patah jaman sakmono, ora kalah
kadek teplek jaman saiki, cap boyo...)
Sumber : Suara Merdeka, Jumat 1 Maret 2013
Oleh : Iyeng Setiyawati
Tidak ada komentar:
Posting Komentar