POMIT OPO HELEM ?
TASRIPIN, tukang ojek
lengganane Yu Trimah, Ket mau isuk dugal dewe karo rambute. Wis di garoni po-o,
jik mumbul terus, koyo uwong tesan tangi turu.
Dibiyak pinggir,
sigarane ora biso roto, asale uyeng-uyenge ono loro. Dibiyak tengah, raine
ketok wagu. Digaroni memburi, dadi jambulen. Mbuh ah, ket mau ora biso rajin.
Jajak nek di garoni munggah, mbopo pantes. Gening selot wagu.
Mbuh ah, kalah-kalahe
Tasripin teluk, nekat mangkat, rambute madul-madul po-o, sing penting nganggo
topi, paling-paling ora ketoro. Mampir sarapan nang warunge Yu Trimah, Tasripin
mlebu warung karo nguculi topi abange.
Biasane, Tasripin kerep
ora nganggo helem, asale helem e wis semodokan rusak oplok-oplok tur mambune
apek. Sak hurunge njagok, dekne nyiwel tahu sumpe panas ndisik.
“Pin, nek kerjo, garuan
ndisik ra rambute, men katok rajin,” jare Yu Trimah sing weruh rambute Tasripin
ting zrawut ora petho, sing dilokke nyungir kambek ngelus-lus rambute.
“Ha-ah kiye, nyong be
dugale pok, ket mau mbengi bar karmas kok biso njegrak ko kiye,” jare Tasripin
karo mimpes-mimpeske rambute. Dimimpeske, malah tambah mumbul, ndablege pok.
“Opo dicukur bae Pin,
rambutmu. Ojo kalah ra, kambek jah saiki. Pak dicukur model opo bae, kae
sedulurku, mesti bisone, salone neng Pesindon,” jare Yu Trimah.
Mbak Jum sing
ngrungokke Tasripin gembenggeng perkoro rambut, gugu. Hidikae uwong rambute
ketutupan topi utowo helem be pijar semeyang.
“Dicukur koyo Gogon
Srimulat sisan si Pin, malah apik. Mumpung nduwure do mumbul ko kuwi,”jare Mbk
Jum karo ngempet ngguyu.
Tasripin nyungir othok.
Hidilah, gening Gogon, mengko rambute koyo sikat sepatu tah. Yu Trimah gah
kalah:
“Opo dicukur bathok bae
si Pin, malah silir,” Yu Trimah usul.
Turmudi karo Mbk Jum
ngguyu krungu istilah cukur bathok. Kelingan jaman mbiyek, pancen ono kuwi,
cukur bathok. Nduwure zk wutuh ketel, ono ponine nombarang, tapi pas sak waket
kuping, dicukur resik.
“Timbang cukur bathok,
nanggung nju, suko dicukur kuncung bae si, malah ajib, “ jare Turmudi.
“ Jaman mbiyek ono
cukur betel ho, sampeyan kelingan porak Kang Di?” Mbak Jum nylemong.
“Opo kuwi, cukur
betel?” Turmudi takok. Hehe …karang jah enom, ora menangi istilah betel.
Diterangke Turmudi kuwi model cukuran rambut grondrong, poninan, tiru-tiru
pemain band “Beatles”, terus ilate uwong Pekalongan kondone “betel”.
Jaman sakmono usume
pok. Kabeh jah nom persasate poninan kabeh.
Bar kuwi ono meneh
cukuran Koes Plus, rambute gondrong pokoke.
“Hehe… nek saiki tah
ono cukuran punk, gothic, opo meneh kae, arane angel-angel. Nak mbiyek yo cukur
bathok, cukur lanang, cukur kuncung, opo malah cukur plonthos sisan,” jare
Turmudi.
“Punk kuwi sing koyo
opo si?” Yu Trimah takok.
Halah, kae si, sing meh
koyo cukur plonthos, tapekno bagian tengahe, diturahi rambute nghang
dijegrakke. Koyo cukur Gogon, tapekno dowo, kadek githok ketug mbun-mbunan.
Pernahe koyo tentara jaman Romawi.
“O… sing ko kuwi. Kiye
nyong nak dugal, tak plonthos sisan kiye. Ketoke malah penak, ora sah pijar
ngluru garu. Tangi turu po-o biso langsung mancal ojek,” Tasripin komentar.
“Ha-ah bener Pin,
dicukur plonthos bae, malah sirahmu
resik, ora dingo balapan tumo,” jare Turmudi setengahe ngece kae si.
Yu Trimah karo Mbak Jum
cekikikan, kilingan, dong anu pancen Tasripin tau tumonen. Sing ngonangi Atun,
goro-gorone Atun weruh lingso kok nrentep nang rambute Tasripin.
Sakkal dikon seritan
karo Yu Trimah. Hidilah, entuk tumo 3. Mugakno bener, dicukur plonthos bae,
mengko nak tiru-tiru gondrong, malah nggagar, tumonbe biso menculat, nulari
konco-koncone.
Hidilah, ngomongke perkoro
tumo be biso marakke gatel. Yu Trimah kukur-kukur dewe.
“Tapi nak dicukur
plonthos, ora biso nganggo pomit ra, hehe… jaman mbiyek usum pomit ho, tulisane
pomade. Diusir-usirke rambut, dadine klimis. Opo merekke nju?” Turmudi gugu
dewe.
” Hehe … Pomit pok ?
Ono Japarko, ono Lavender. Nyong kelingan nemen, wadahe bunder lonjong, kadek
klenthung.
Gambare nyonya
Perancis. Pomite ijo lunyu. Ono sing merek tanco. Terus sing diiklanke nang
tipi jaman sakmunu, arane Mandom, “Mbak Jum mangsuli karo gugu kelingan kabeh.
(Turmudi nghang usul : Wis ora usah rebut perkoro
rambut, wong bakale ditutupi helem be owk. Lah salahe Tasripin ora nganggo
helem, mugakno rambute madhul-madhul.
Jajak nak tertib berlalu lintas, biso enthuk helem
gratis kadek satlantas, heleme apik, SNI. Apik kuwi, operasi tertib lalu
lintas, sing tertib diwenehi helem gratis. Sakpore kiye satlantas Pekalongan)
Sumber : Suara Merdeka, Rabu 18 Desember 2013
Oleh : Iyeng Setiyawati
Tidak ada komentar:
Posting Komentar