BATIK+TEPLEK
SABEN ono pitik mlebu pekarangane Yu Trimah, gagiak digusah Atun,
asale zik mepeni krupuk sak pirang-pirang. Nggagar wis, nak diorak-arik pitik
maneh koyo mau, biso kecelik burik ora sido nggoreng krupuk. Suwi-suwine pitike
bosen digusah kar dipathaki. Suko sobo nang ratan bae, mbopo nemu sego tumplek
koyo wingi, anae pok. Jago sing kelire soklat abang kluruk ping telu.
Kojahan nang warunge Yu Trimah selot juwet. Kae si, goro-gorone
Turmudi takok, opo bener batik kuwi diilhami wulune pitik. Asale wulune pitik
apaik-apik si ho ? blirik-blirik ireng, putih, abang, soklat, kuning,ijo. Maune
do ora ngandel, mosok si batik diilhami pitik? Hidikae kok ora ngandel, pitik
kan gaweyane gusti Allah, lha mosok pitik sing diilhami batik?
Ketoke nyrekal ho, kojahane, tapekno nak didelok kadek sejarahe,
jebule Turmudi ora salah. Batik sing wis ono nang jawa kadek abad XII,
asal-usule kadek njero istana. Sing nganggo cumo rojo karo keluargane. Motipe
biasane kadek tanduran karo kewan. Lha kewane sing dinggo motip, jarene pak
guru Slamet, yo sedulure itik : Manuk. Ono manuk wutuh, ono suwiwine manuk.
Biasane manuk garuda utowo merak, seje manuk gagak opo maneh mhug. Biasa ra,
Tasripin senengane ngledo. “Nang opo kok seje manuk gagak ho ?.”hidlah, yo
mengko kelire ireng othok ra...ora apik. “Wong jaman mbiyek gel tlatene pok
ho... ngrengsine be suwine pok, asale tanahane rwet, ting kruwek cilik-cilik
nganggo canting sing pucuke sak dom mbuhrao...,”jare mbak jum.
“Ha-ah bener... nggawene kuwi ho... kadek ngeblat, ngrengsi ketuk
mbabar biso ketug telung wulan. Yo pantes bae nak regane saiki larange pok
ho... biso limolas juta?,”Turmudi ngimbuhi.
Ono kuntul nang tengah sawah, alias betul tidak salah... wedange do
dijaki meneh. Tasripin mangane tanduk sampek antog. Bicoro wis antog be zik
mothel gedang kapas. Onggrongan kae si.
“Bener sampeyan ho kang... wong mbatike zik wutuh sederhana uripe.
Bayarane zik wutuh dietng dinonan, pocokan saben Kemis. Ajib ho, wong sing
ahli, tlaten, tur sabare sakpore ko kuwi, biso nyithak juragan-juragan sugih,
sampek biso nduwe omah gedhong magrong-magrong, terus munggah kaji rwa
riwi,”jare Yu Trimah. Kabeh do anteng mikir. Bener, durung ono critane, wong
mbatik sugih.
“Eh lha denese batik Kalongan kuwi onone Mataram do ngungsi
goro-goro perang. Yo perang ngelawan Londo, yo perang nglawan pecahane kerajaan
Mataram dewe. Akhire do ngungsi, ono sing liwat segoro, ono sing liwat gunung.
Mangklihe ketug Pekalongan ra. Ono sing nang pesisir Pekalongan, ono sing nang
kidul Pekalongan. Mugakno batik ono nang endi-endisak Pekalongan. Kadek
Krapyak, Pesindon, Buaran, Pekajanganketug Wonopringgo,”jare guru Slamet.
“Berarti tahun piro kuwi ho?,” mbk Jum takok meneh. Ora liren
kriyuk-kriyuk rengginang.
“Nek moco nang sejarah yo ket abad XV. Tapi semodokan angel
berkembang, asale jamansakmono ono larangan nggawe batk motif sing biasa dinggo
rojo karo keluargane. Mangklihe do nggawe motip tanuran, kembang, kupu. Abad
XVII batik selot berkembang. Asale bahan kelir kadek eropa tapuk mleb. Motip
Guci kadek China sing digowo pedagang jamane Laksamana Chneg Hoo, mangklihe
digawe motip batik, men motipe karo kelire seje kamek motip larangan kuwi,”pak
guru Slamet nerangke meneh. Ha-ah pancen. Pengaruh kadek bangsa liyane, ora
biso dimukiri. Kadek Londo, Batik Pekalongan enthuk motip buketan. Kadek
Jepang, mangklihe dadi batik Hokokai, Ajib ho...
Farida, anake mbak Jum moro-moro nusul karo harry, sedulure kadek
jakarta. Ejian ahh, nyentrike pok. Rambute dijambul klimis, diwehi jeli...reti
si ho, jeli rambut seje jeli jajanan. Nganggo ceplik putih nang kuping kiwo. Klambine
kotak-kotak dibledehke, njerone ono rangkepane kaos. Katoke model
patlop,tepleke selop. Kabeh do nyawang hartono. Bar kuwi nyawang Farida...
hidilah gening saiki modot duwur temen, meh sundul lawang warung. Jebul
nganggo... teplek jinggrik...ejian ah...10 senti coke. Sing marakke getun,
teplek podo bae nyentrik : motipe batik !
“Ejiaaaann... nganyari ha-ah Da...? Kiye, nek pak reti, teplek
batik gaweyane ponakanku, kenalke arane Harry jauhar...,”mbak Jum bungah weruh
Farida nganyari tepleke. Ponakane karang saiki dadi disainer nang jakarta.
Tepleke, ketok mewah nemen, ngisore kulit imitasi, nduwure dirangkepi bahan
batik. Nyeni, yhaqin po-o ora ngapusi. Wong-wong do pingin weruh, dadine farida
koyo peragawati malaku mono-mene men do weruh teplek jinggrike. Bar do salaman
kambek Harry, do komentar.
“Apik kiye...batik digawe teplek ko kuwi... nek wong Solo karo
jogja wis suwi do nggaweni tas remo-remo kadek batik. Kabeh-kabeh dibatik.
Bicoro topeng karo dolanan dakon be kayune dicat motip batik ok...tapekno nyong
tembene tumon kiye..batik digawe teplek jinggrik,”Ji fathur komentar.”Ayo
Ji...pak pesen piro, dilarisi ra... nek nang Jakarta, bereng wis mlbu butik
regane nyandak nem atus ewu. Nak wes ketug Eropa, biso ping pindone. Nak kiye
neng ponaanku, langsung kadek sing nggawe, separone bae Ji, telung
atus...,”mbak Jum sak kal promosi. Ejian ah...bicoro teplek slemek sikil be
biso larange pok ho? Tapi pancen apik, alus, koyok miyayeni, batine Yu Trimah.
(Pekalongan kota batik, kabeh wong sak indonesia, eh...sak dunia
ding, wis do reti. Selot akeh barang kerajinan sing digawe tik batik
Peklaongan, selot ajib. Suvenir kadek Pekalongan biso selot remo-remo, seje
batik karo alat mbatik othok, koyo canthing kambek ca, saiki ono meneh teplek
jinggrik batik, wis diekspor nombarang, regane biso larang, kotomono barang
seni bernilai tinggi)
Sumber : Suara Merdeka, Jumat 3 Mei 2013
Oleh : Iyeng Setiyawati
Tidak ada komentar:
Posting Komentar