BADUY
SOBO MANTEN
Warunge yu
trimah katok semringah. Panganan, lawuh, wis matengan kabeh. Mambune sedep
kemebul ketug tapsiyun. Sotong ireng ndendeng sing disenengi wong-wong, wis
diwadahi baskom putih. Pernahe ngglabet kae, tur sotonge menthek-menthek katok
mempur. Tempene wis dintas, wis dirayah sing tuku, ora mbodhi po-o, larise pok.
(mbodhi, maksude ombo gedhi, koyo empene tauto nang medono).
Sing genah
semringah, pancen bakule. Yu trimah nganggo klambi jambon, bengese podo bae
jambon, pupure tipis roto, malah marakke ketok seger koyo es setrup.
Lha kiye
ra, sing marakke selot semringah: turmudi wis jagok nang pojokkkan warung, sak
wise absen telung dino ora sobo warung. Pancen pamit pak ring jakarta,
kondangan sohobe mantu. Kae si, sohib sing biyek ngejak nginep nang baduy
dalam. Mugakno bareng njedhul nang warung, ditakokke:
“Endi kiye
oleh-olehe kadek Jakarta.....?” Takok ko kuwi kambek ngiling teh panas kadek
ceret.
Sing ditakokki mesam-mesem ping telu, bar kuwi ngelungke tas
kresek. Isine gedhang gebyar dowo-dowo.
“Gening
kadek Jakarta oleh-olehe gedhang gebyar kang, koyo kadek Subah othok...”
“
His...kiye seje gedhang gebyar biasa nju...kiye gedang gebyar ajib, asli kadek
Baduy, ndaraki opo,” jare Turmudi karoan ngetokke udute kadek sak klambi. Ha jare
kondangan nang Jakarta, lha kok biso ketemu wong Baduy kuwi priye? Opo Turmudi
lungo ring Baduy maneh? Tasripin melu ngrungokke kambek mucu-mucu ngetamel tahu sumpel. Sing dinteni dongengane zik
nyruput teh panas. Hidilah... Kiye wedang teh opo geni si? Ilat sakkalan
keslomot kiye, bonggan biso srawanen.
“Didamun
disik ra kang... Karang kuwi jarang
tesan umob,” jare Yu Trimah. Turmudi ngipasi ilate sak menit, bar kuwi tembene
biso ndongeng.
Njagong manten
nang Jakarta, dayohe penthol : wong Baduy Dalam ! Priye ora penthol? Ben biso njagong nang Jakarta dino minggu
mbengi, wong-wong kuwi wis mangkat kadek desone ket dino senen, mlaku tur
ngodhok, ora nganggo teplek opo meneh sepatu. Ketug Jakarta dino Jumat sore,
nginep nang omahe koncone, bar kuwi Setu awane tembene mlebu hotel sing wis
dicepaki karo sing nduwe gawe. Wong limo kadek Baduy Dalam, arane pak Sardi,
pak Sadim, Idong, Didong, Dede. Sing Kadek Baduy Dalam nusul dino Setune, asale
biso numpak montor, dadine mangkate enter-enterean.
“Hidilah...mlakune
berarti patang ndino kang? Opo ora empoh ho sikile...,” mbak Jum komentar. Ha-ah,
patang ndino, asale angger awan semodokan sore wis tapuk udan, dadine do ngiyup
ndisik karoan liren. Nek ora udan yo biso telung ndino othok. Pancen sakpore kuwi,
wong-wong Baduy gelem do teko njagong, dilampu mlaku pirang-pirang ndino. Yu Trimah malah tertarik karo hotele.
“Kuwi do
nginep nang hotel kang? Lha opo reti carane munggah nang lift?”
“Kuwi tah
gampang nju, wong Baduy kuwi cerdas-cerdas, dituturi sedilut wis do biso
nganggo lift, padahal kudu tik kertu nombarang. Biso nganggo kakus, keran
banyu, shower, ngurupke-mateni AC. Retinan owk. Sing ajib bareng tekan
mantenane. Nang mantenan, wong Baduy dadi daya tarik dewe. Akeh dayoh do getun,
opo kuwi wong Baduy temenanan, opo wong biasa tik kostum Baduy : klambine
ireng-putih, Udenge putih nek Baduy dalam, lha sing Baduy luar klambine ireng
udenge biru tuo. Bareng reti pancen nek wong Baduy temenan, akeh dayoh sing do
njaluk poto bareng, hehe...” Turmudi nerangake. Bareng reti wong-wong kuwi
mlaku kadek desone, wong-wong selot getun : kok kuat ho, mlaku tur ngodok 3-4
dino? Kok gelem do moro ring mantenan ho?
Opo zik sedulure sing mantu ? Perjalanane wong Baduy mangkat mulih mlaku
tur ngodok kuwi ngetokke paseduluran sing sakpore si ho, ora biso dilironi tik
opo bae.
“Nang
mantenan terus podo ngopo bae kuwi kang? Doyan suguhane Manten?” Yu Trimah
takok. Doyan bae, wong-wong Baduy yo do pede ngantri panganan prasmanan. Sing
dipantang Cuma iwak wedus. Ndilalah Suguhane akeh seng tradisional, dawet,
ronde, leker, glali, es gulo asem. Rakhat.”
Bar kuwi
zik do mbahas meneh : nang opo kok ora entuk ngaggo teplek/sepatu? Nang opo kok
ora entuk nompak kendaraan ? “ Ha-ah kang... Nang opo si, wong Baduy Dalam ora
entuk nganggo teplek opo sepatu?” Mbak
Jum takok meneh.
(Denese
jawabane sipil : men tetep sederhana, opo onone, ora neko-neko. Sederhana, tapi
akibate biso luwih jeru meneh, men menyatu karo terhubung kambek alam; podo bae
kambek alasan, kenang opo ora entuk numpak kendaraan. Asale teplek karo
kendaraan, biso marakke ilang sipat nrimone. Kendaraan biso marakke ndonya
ciut, tapekno nganggangke hubungane masyarakat).
Sumber : Suara Merdeka, Rabu, 4 Desember 2013
Oleh
: Iyeng Setiyawati
Tidak ada komentar:
Posting Komentar