Jumat, 25 April 2014

Warung Megono, 31 Mei 2013



REMPEYEK ENTHO-ENTHO
           PIRANG-PIRANG ndino kiye rasane ilat gel sepo kae,batine mbak jum.Ketoke pingin taoto, jebulno bareng liwat sayung apak tuku, wis ora sido pingin. Mangan Tik jangan lodeh, pindang banyar? Pernahe bosen.jangan asem tik sambal cucut?sambele sedep seger,dikeceri jeruk?Hidihlah....tembene wingi mblenger panggang cucut,goro-goro ketekanan sedulur kadek wonosobo, jarene kangan mbek panggang cucute pekalongan. Opo meneh kiye sasarane...ben cangkeme ura kecut,ket mau durung mangan.
           Mbak Jum kalah-kalahe pingin lontong tahu. Tahune digoreng tesan, kobise dirajang lembut. Bumbune seng luget..bawange menteh. Hidihlah..jadi kilingan lontong tahune pak dastam, sing mider akhir tahun 1970-an hingga 1980-an. Jaman mabk Jum zek cilik. Mikul dewe, padahal pak dastame es tuwo. Ider kadek kergon getug bendan barat-podosugih. Dikancani anake seng ngrewangi mbuntel. Pikulane dipandangi teplok, nak nguleg bumbu,wes tunak-tunuk po-o zik mantep, ndaraki opo...tik layah karoan uleg-uleg kadeg kayu. Nak ngrajang kubis, cepete gel pok,gel ura kuatir keperang kae,tur biso lembut nemen. Ketug ngarep umahe mbak Jum biasane es bengi,, antarane jam sepuluhan. Dag-dog-dag-dog persis gele, tapekno es dienteni, nak dag-dog-dag-dog sing lewate bengi kuwi mesti lontong tahu.
           Kambeg zek nostalgialontonge pak dastam, mbak Jum mlebu nang warunge yu trimah. Pesen teh anget, bar kwi pesen rempeyek entho sing neng keler. Longlo lontong tahu,peyek po-o...
           “Ejian, zik isuk zik kempripik kiye peyeke nju...Asline aku zik nyidam lontong tahu jaman mbiyen kae si...lugete pok. Kiye werohe peyek, pak ora es, podo ae dek kacang. Kiye rempeyeke sampeyan pancen khas kalongan ho...kacange mendodlo bunder-bunder. Nak tuku nang semarang, akeh-akehe kacang dirajang tipis”, karo kremus po-o, mbak jum zek kojahan.
           Yu Trima biasa ra..mesem otok. Selot tuwo po-o,malah selot ayu. Padahall ura kober dandan,lipenan tok, klambine ijo cerah. Jarene wong-wong,rupane Yu trimah kuwi sedep,koyo megogonone.
           “Karang panganan jowo kuwi remo-remook. Bicoro podo rempeyeke be, pekalongan kambek semarang seje. Podo-podo srabine be seje. Srabi kali beluk, paling seje kambek srabi ambarawa, seje maneh kambek srabi wong soslo. Jarene simakku, pancen jowo kuwi paling sugih roso”, Yu trimah nyauri. Mbak jum zik wutuh ngremusi rempeyek. Kacange wutuh po-o,tetep renyah kempriyuk.
           “Oo ko kuwi yo nju. Panganan remo-remo pariasine nang jowo kuwi asline jowo sugih roso ho? Tembene reti kiye, rasa nang ati biso nyambung kambek rosone jajan”, ko kuwi komentare mbak jum.
           “Ha-ah ra... kuwi zek tembek rempeyek karo srabi. Durung pangana liyone. Sing arane garang asem, biso seje-seje sak jowo. Opo meneh soto. Persasate kabeh kota nduse soto khas dewe-dewe. Soto kalongan tik taoco, dadine taoto. Soto semarang seje maneh. Soto boyolali,soto purworejo, soto gombong, soto kudus? Remo-remi si ho?Liyane zik akeh mbak...ora panganan othok..”,Yu trimah mripate nyawang mabk jum koyo zek ngajak bedhekan jaman cilik kae.
           “Akeh ra nju sing biso disawang kadek rosone wong jowo. Biso jowo bek atusan dewe dialeke. Kadek Tegal, Pemalang, Kalongan, Kendal, Semarang, Jogja, Solo, Banyumas, Kebumen, Purwokerto, zik sak Jowo Tengah be biso seje-seje si...ha-ah pok?”, ejan pintere pok kae si, Yu trimah.
           Karo-an zik wutuh kemprecek, Yu trimah kojahan perkoro pakaean adat daerah. Gampangane, klambi ngaten wis, tegal,pemalang, kalongan, saiki wis duwe klambi ngaten khase dewe-dewe. Jogja-solo tah wes do reti, mengko jabar sejeh maneh, jatim, opo maneh. Kadek model banyak-e,jarike,sampek panjang sirahe,akeh pok jenise.ceplike,gelang,kalonge,kopyahe manten lanang,kuluk ,blangkon,remo-remo maneh kuwi. Mbak jum semedokan gumun,jebulno Yu trimah ahli ngmong perkoro remo-remo. Retine seje perkoro bumbu megono othok.Tur kondone karo semangat nemen. Jarene goro-gorombiyene kerep di dongengi simbahe perkoro adate wong jowo. Wani pratin mbi tirakate. Longko ndersulo,longko gebrek opo maneh byah kroyokan,eh....saiki arane tawuran.
           Mbak Jum ngrungoke kambek manthuk-manthuk paham. Setuju,.akur. kiye kadek rempeyek biso ketug ngendi-ngendi ora kojahane. Resepe rempeyek piye nju, ben enak koyo kiye?
           “Jarene simbah, nggawe rempeyek enthok-enthok kuwi denese gampang,tapekno ora biso sembarangan.glepung berase kudu anyar,ojo seng apeik. Kacange seng mentes ojo seng gabug.. lengone seng apik,lengo sayur,ojo seng lengo seng sengar...mngko dadine cepet tengik. Bar nggo nggoreng iwak po gaging ora kaiki,angger durung coklat opo meneh buthek:, Yuk trimah nerangake.
           Karang njogo roso panganan kuwi, kudune di padake karo njogo awake dewe. Ojo sampek ngisin-ngisinke. Delok kae...nggawe apem,nek ura ngati-ati,tliti campurane,ura bakal dadi enak. Gawe coro bikang nek ura pas njugile,ora biso mekrok apik,sing tuku mangklihe gelo ra,coro bikang enak-enak kok ora mekrok.
           (Batine mbak jum,bener ho..ketoke sepele,nggawe panganan,nek rasane ura dijogo, nggawene sakarepe dewe,yo ra bakal dadi panganan seng enak. Jajane kalongan sing remo-remo tur enak-enak,kuwi kadek sing gawe tetep njogo roso. Ora gawe tik bahan sing ora apik,ora mikiri ngluru bahan sing paling murah, asale nak bahane be seng murahan, rosone seje ra..tengik,kemplotak ora biso kriyus-kriyus..bicoro rempeyek be,njaluke digawe sing temenanan,men dadi enak..., persis warisane simbah karo wong tuwo jaman mbiyek)*****

Sumber : Suara Merdeka, Jumat 31 Mei 2013
Oleh : Iyeng Setiyawati


Tidak ada komentar:

Posting Komentar