DIGUYU PITIK
UDANE zik
sregep kiye. Terang sedilut, bar kuwi koyo keron kae si, ojo suwi-suwi terange,
selak pingin mak bres meneh. Gludhuge ora gelem kalah, sautan-sautan kadek
kidul aring lor, kadek wetan ketug kulon. Hawane atis. Janji nduwe loro encok
yo nyoro temenan wis, ting crekot. Palango nyinggahke wedang jae bae, mlayan
nggo anget-anget. nhaa... kiye terang meneh. Angine semodokan gedhi, nglogrokke
godong-godong kenongo sing wis kuning. Banyu udan sing zik nemplek nang
pucuk-pucuke cemoro do tibo ting tlepuk. Megone wis tapuk padang, kelire perak,
ora klawu meneh.
Kinjeng-kinjeng
do ting bleber, menclok nang kembang bugenvil putih. Hidilah, ono sing kelire
abang jembrang...apike pok. Kabehe abang, kadek sikil, awak, buntut, tekan
swiwine. Sing ireng matane thok. Mbak jum nyawang kinjeng abang ora kedhep. Nek
jaman mbiyek, ono kinjeng sing cilik
lancip, kelire biru kecu, arane kinjeng dom. Mabure kesit, angele pok diincup. Seje kambek
kinjeng kebo, seng awake gedi, kelire ijo. Kae tah lulut, gampange pok diincup,
terus dipasangi benang, digawe layangan.....
Jago
pelunge mbah kasdi kluruk meneh, suarane dowo tur cementheng, apike pok. Kuwi
nek dilombakke cok menang. Mbak jum ora paham perkoro jago, tapekno biso niteni
pelunge mbah kasdi seng kluruk, asale suarane pancen seje dewe. Asline kiye ho,
mbak jum pingin ngingu pitik. Pernahe kok nyenengke kae si, krungu kluruke,
terus mben dino njupuk endoge sing zik anget. Tapi jare bojone, nggo opo ngingu
pitik, paling-paling ora kober ngurusi wong rebyek urusan dagangan bat ik.
Nang
warung, kabeh do wekas wedang anget, mbak jum othok sing zik wutuh njaluk es
jeruk. “Ora atis si mbak? Hiiiiii............ Untune opo ora linu,” Taspirin
komentar. Mbak Jume mesem othok.
“Pin.....
Sampeyan reti po ra, nyong pingin ngingu pitik, tukune nang ndi?” Mbak Jum
takok. “Serius pok mbak...? Lha ayo.... Tak lurokke keno...,” Taspirin
mangsuli.
Turmudi
melu nyauti. Denese pingin ngingu pitik seng koyo opo. Pitik sing kampung
biyasa, pak dijupuk endoge, opo pitik sing istimewa? Bekisar, pelung, ketawa,
opo malah cemani?
“Sing apik
tor gampang ngopenane sing opo si?,” Mbak Jum takok meneh. Yu Trimah mesem, kambek ngelungke es jeruke Mbak
Jum. Gugu, asale Mbak Jum kuwi nak wis nduwe kepinginan, pancen cok nekat.
Turmudi kondho, denese ngingu piik kuwi ora nono sing angel, sing penting ono
nggone, ajek diresiki kandange, mangane
cukup. Ojo wedi kandange bakal mambu. Kuwi biso diakali tik campuran pakane,
diwehi bahan sing ngilangi mabune tembelek.kandange nggawe dewe bae, taspirin
ahli kuwi.
“Bekisar,
kuwi pitik campuran kadek ayam kampung kambek ayam alas. Mugakno kluruke apik,
ting cekeker. Kelir wulune yo apik, kinclong-kinclong . Akeh-akehe dikembangke
nang sekitare gunung sumbing. Girase pok, angel dicekel, karang ora biso lulut,
wong turunane ayam alas. Nek dikembangke durung mesti dadine podo bekisare.
Kerep-kerepe sing netes malah ayam kampung biasa,” turmudi nerangke.
Ji fathur
mbenekke kupluke, nghang melu kojahan. Senengane ayam pelung jarene.
“Ayam
pelung kuwi opo si? Jare regane larang ho...,” Yu Trimah sing takok.
“Ayam
pelung kuwi ayam jago sing khususon disenengi wong, suworo kluruke. Biso
jemengglung, mantep, tur dowo nemen. Kiye jarene asline kadek jawa barat. Nggon
sukabumi karo sekitare. Kelir wulune mon tah biasa othok. Tapi nek wes kluruk...
Ojo takok, apike pok,” Ji Fathur nerangke. Jebulno do paham ayam jago. Mbak Jum
bungah kuwi.
“Sing
paling ajib yo ayam cemani. Kuwi ayam asline kadek desa cemani, solo. Tapi
saiki seng ngembangke nang daerah kedu. Temanggung , Magelang karo sekitare.
Kuwi ayam paling ajib sak ndonya. Ora ono tunggale, tur dijogo nemen garis
keturunane, jik wutuh murni cemani,” jare Turmudi.
“Kuwi pitik
sing ireng ndhendheng kae pok? Jarene pitike dukun kang,” Mbak Jum takok.
Hehehe.... Yo terserah bae nak pakdarani pitike dukun seng jelas kiye ho, ayam
cemani kuwi asli Indonesia, sing terkenal ketug ngendi-endi ora. Ket jaman
mbiyek, wong Eropa akeh sing nggowo mulih reng negorone kono. Arane nang kono
zik wutuh cemani. “Eksotis” jarene wong Londo. Asale pancen ajib ok, sak
awak kelire ireng. Wulu, kulit, ceker, cucuk, jengger, moto, ilat,
tenggorokane, malahan ketug balung, daging karo-an getihe, kelire ireng ndendeng.
Lha kadek irenge kuwi, biasa si...... Sok dianggep nduwe kekuatan mistis jaman Kerajaan
Mataram mbiyek, nek pingin nduwe kuwoso, kudu nyarati pitik cemani. Jare sampek
saiki zik sok nggo sajen, nggo sarat slametan mbangun omah, nggo “tumbal”
mbangun jembatan, bangsane ko kuwi. Malah jare biso nggo obat nombarang. Mbuh
obat opo. Lha jarene sudulurku, nang Pondok Indah Mal, Jakarta, ono sing adol
sop cemani nggo tombo, regane sak mangkok telung atus ewu.....,” Ji Fathur nerangke.
“Kuwi asli
kadek Indonesia si ho, didaftarke paten kuwi engko ujug-ujug diakoni pitike
Malaysia,” jare Turmudi. Hee.... Sing wis diakoni Malaysia tah pitik serama...
Padahal yo kui silangane ayam kate karo ayam alas, kadek Indonesia. Lha kae
ayam ketawa sing kluruke persis wong ngguyu nyekakak, kae asli kadek Sulawesi Selatan.
Ora salah nek Sulsel iku diarani “negeri ayam jantan” karang jagone apik-apik. Omahe
penduduk asli, nduwur gendhenge mesti ono jago-jagonane kadek lempung.
(Mbak Jum
pingin ngingu ayam cemani, ojo kalah kadek
wong Londo ra.. Wong nang Eropa be zik dijogo nemen keturunane si, zik cemani
murni. Karo ayam ketawa ah...jajal koyo opo, pingin ngrasakke, isuk-isuk
digugah pitik cekakakan. Hidilah...kuwi berarti podo bae karo diguyu pitik si
ho..?)
Sumber : Suara Merdeka, Jumat 25 Januari 2013
Oleh :
Iyeng Setiyawati
Tidak ada komentar:
Posting Komentar