KECELIK BURIK...!
KIYE wulan opo si, akehe gel pok wong nduwe gawe. Ngantenan, lamaran, sang-sangan
alias tukar cicin, sunatan, syukuran pindah omah, persasate saben dino Setu-Minggu
ono. Bicoro Yu Trimah seng dodolan warung sego be, entuk undangan akeh.
“Saiki ncen sasine Jumadillakhir karo Rejeb. Longko pantangane nggo nduwe
gawe”, jare Yu trimah, nyauri Sutri ngntenan nang dunguni,ngesuke neng
wirodeso. Bar kuwi sunatan nang kergon,bareng ,bak jum. Durung undangan seng
kadek sedulure dewe, seng lamaran lan sang-sangan..Ongkose ora sithik kuwi,
nyumbange piro,becake piro. Durung nek diwehi seragam kembaran,pijar ndandake
barang. Bar kuwi paesan nang salon barang. Ora nekoni undangan kok ra
pantes,tapi nek di tekoni ko jebule akeh ho...lhais wis....kotomono nak wong
jakarta mono kondone ibarat diongkos...”
Ngesuk kamis malam jumuah malah apak aring jakarta, podo bae urusan njagong
nganten. Bejone diongkosi seng duwe gawe, asale yu trimah pak dijaluki
tolong,diadeke jedhot,nggo masake dayuh sedulur-sedulur seng podo nginep.
Dikancani sutri,adine, wong loro es ditukoke karcis sepor eksekutip. Wong loro
mlebu tapsiyu, biso getun kae.Asale saiki tapsiune wis mangklih,resike pok.
Resik kadek runtah,yo resik kadek bakul-bakul karo wong-wong sing cok do turu
klekaran nang tapsiun.
Karang saiki es digawe koyo nang bandara seng entok mlebu seng duwe
karcis,. Tur karcice di cocoke arane karo KTP/SIM.persis bandara si ho? Dadine
ketok rajin. Jegokane seng jentrek-jentrek, Cuma dipanggune penumpak othok,seng
ngeterke ura enthok mlebu. Ora adol karcic meneh peron meneh koyo mbiyek. Ora
biso nrombol mlebu kiye critane. Nrombol mlebu peron be ora biso, opo meneh
ngabuk numpak sepur ora mbayar utowo mbayar separo....
Pancen resik tur rajin tah..tapikno atine yu trimah setengahe mak nyeer,
soale kelingan bakul apem comal karo bakul gedang godong sing biasa nyunggi
baskom nang tapsiun, emboh kuwi nasibe saiki kuwi,bareng es mlebu nang sepor e
mangkat, ora ono seng didadahi, lha sing ngeterke bisone longok-longok othok
kadek njobo....
“Ajib ho..sepure..?”Sutri bungah, jare “mundak pangkat”, saiki ngicipi
sepur eksekutif sing anyes, lampune padang njinglang, mambune wangi.
“Kiye ra...arane wong urep
pas-pasan. Pas pingin teko nang jakarta nunggoni ponakane, pas ono sing
nukoke karcis sepor,tur eksekutif”. Yu trimah kondo ko kuwi karo nggeret
kopere. Wadah koper seng nang dowor sirah penumpang saiki luwih jembar. Di
selangi bantal cilik karo kemol.kordene apik. Sayange, pas kordene di silake,
katok kacane sepor do mleker. Ketoke di pataki wong-wong. Hidihlah, eman-eman
si ngantek cacat ko kuwi.
Kondekture es mider nyekreki karcis. Bar kuwi gari pramugarine sepor, ditawani
panganan remo-remo, sutri ketok bungahe pok, kalan meleh-meleh menu. Dikirone
gratis koyo maune, mugakno yu trimah sakalan nyawil ngei kode, dibisiki, sutri
ora mudeng, ,alahan nawani yu trimah pak pesen op, barang wis mudeng, daftar
menune sakkalan dibeleke.
“Ora sido wis mbak,nyong wis sangu ok”, batine : kecelik kiye,,,tiwas pak
pesen nasi temnbel. Kae si nasi putih, tempe tahu goreng, ndog dadar, ayam
goreng karo sambal lalapan. Saiki pancen dodolane remo-remo, seje karo nasi
goreng karoan besthik othok koyo maune.ssstt..jarene kiye ho..ngapusi
coe,jarene nasi goreng seng nag sepor kuwi nek ura entek di kumpulke,diwehi
ndog dadar karoan timun,terus didol maneh,...hehe...
Guyonan yu trimah cilik, saprene seh cok denggo kae, saiki ono saisi
timbel,nasi rames,bakso,telor,roti bakar keju nombarang. Oh ya, jus e
remo-remo,jambu,sirsak,alpokat,tomat.sutri bar kecelik,gagiak mbukak tas
sangune.mlayan,ono roti dapel gedang rojo,karo kamir. Yu trimah gowo arem-arem
karo onde-onde.
Jebolno yu trimah lungo reng jakarta, Turmudi podo lungko numpak sepor,tapi
ngetan, ring suroboyo. Numpake kadek semarang. Bareng konco kantore,Turmudi es
janjian kambek koncone mengko pak sarapan pecel,nang cepu.jare koncone,nang
nggambrengan podo bae ono wong dodol pecel,tapi kalah enak karo pecele wong
cepu. Segone dipincuki,zik panas, dibruki jangan pecel,diremetke rempeyek
kacang,lawuhe milih dewe,ndog ceplok,pelo ati,opo empal daging.bar kuwi di
gebyur tik bumbu pecel e sing luget. Enake pog....
Turmudi didongengi koyo kuwi sampek kemecer,sampe-sampe ngujo ura sarapan
kadek isuk,suko tuku pecel nang cepu ae,jam sewelasan.Biasane, pas sepure mandeg
nang stasiun cepu,bakul-bakul pecel gagiak do moro. Terus dasaran kilat nang
bordes sepur. Seng tuku kemprubut,ngedoline cepet, . Nyusukine ae podo ae seng
cepet.Temenan, stasiun mandeg nang gambrengan, Turmudi karo koncone anteng bae,
sedilut meneh cepu batine turmudi karo nyabarke wetenge seng samprohan. Bareng
ketug cepu,wong loro gagiak marani bordes,mbukak lawange.lingak-linguk,luru
wong adol pecel kok sepi,longko siji-sijio.Hidihkae,bakule do mlingsep nang di
si ho?
(Petugas kadek stasiun
semaur, saiki bakule asongan ora entok mlebu tapsiun,opo meneh dasarane nang
bordes,marake kotor tur nggangu penumpang, jarene. Hidihlah...pecel enal-enale
koyo kuwi,denteni wong akeh,kok ra entok dodolan? Lha bakule do dodolan nang
di? Penumpange sepor sing ngarep-ngarep pecel.do gelo raa..lha opo opo
restorasine sepur biso nyediake pecel enak koyo pecel cepu pok? Tiwas ora
sarapan,kecelik burik...dodol kacang diorak-arik wis....)
Sumber : Suara Merdeka, Jumat 24 Mei 2013
Oleh : Iyeng Setiyawati
Tidak ada komentar:
Posting Komentar