PIT JENGKI BIRU
Pernahe rakyat kiye...zik do kojahan nostalgia perkoropit
onta. Hidih, lha karang arane kuwi, onta. Coke saking dhuwure ho...karang pit
gaweyan Londo. Pit onta kuwi ono sing lanang, ono sing wadok. Nek sing lanang,
tengahe ono plagrangane. Nek numpak, pertamane sikil kiwo nylingkrik nang pedal
kiwo, kambek pite setengahe disurung. Nek wis nylurut, tembene sikil tengen
munggah, ngliwati slebor sak boncengane. Njagok nang sadel sing digawe kadek
kulit kandel tur kaku, gel atose pok. Nek ora kulino, bokonge biso pedes kabeh.
Sepeda wadok denese podo bae. Nak sing wis pinter biso numpak coro sing sopan.
Podo bae, sikil kiwo nang pedal ndisik, nak wis nembe sikil tengen nusul. Tapi
nak zik ajaran yo langsung mlangkah bae. Sikil tengen sertek-sertek, bar kuwi
tembene sikil kiwo sing nusul. Mbonceng pit, podo bae werno loro carane. Ono
sing langsung njagok nang boncengan, biasane jah cilik. Nak perlu men ora mlebu
ruji, sikile ditaleni teik setangan. Nak jah gedi, mboncenge nyengklak.
Hehe...pite wis mlaku, sing mbonceng setengah mlumpat nyengklak nang
boncengane.
“Lha sampeyan opo biso numpaki pit onta lanang nju, opo
sikilmu gaduk,” Turmudi takok. Asale getun, didongengi Yu Trimah, ajare numpak
pit malah tik pit lanang weke simbahe. Tibone ping selikur mbuhrao, sampek
dengkule ting sradhil, mlakune dingklang. Coke pite bosen ditibakke,
kalah-kalahe yu Trimah biso numpak pit. Numpake miring, mbrobos kadek ngisore
plagrangan, mugakno ora seimbang, dadine sithik-sithik tibo gedhabruuk. Getune
kiye ho, gel ora nono kapoke kae si.
“Yo nak wis biso numpak, yo biso nggenjote tah, tapekno
yo tetep miring, ora wani numpak nang sedele..,”jare Yu Trimah. Asale tau kiye
ho, nekat nyingkrik nang sedele, nggenjote separo, pedale disendal othok,
sampek mubeng dewe, tekan nduwur disendal meneh. Tapi gampang rubuh ra...
Ji Fathur sing tembene mlebu warung, ngrungokke wong-wong
do kojahan perkoro pit onta.
“Nak zik ajaran tah pancen nyara. Tapekno nak wis
biso...hoo ojo takok dosa wis...kacokane pok. Ucul setang kowe.. ndaraki
opo...wanine gel pok. Bar kuwi njagoke seje nang sedel, tapekno nang
boncengane...padahal sikile durung biso nggenjot mubeng si...,” Ji Fathur
karo-an gugu.
Nak perkoro ucul setang, jebulno kabeh jah lanang mesti
ngalami. Turmudi be semangate pok
ndongeng. Mbiyek karo konco-koncone jah SMP siji, nak muleh sekolah, senengane
bareng mbek Sardi, kancane seng omahe nang Noyontaan, padahal omahe Turmudi
nang Bendan. Kadek SMP siji, ngliwati kantor Balai Kota (saiki dadi Museum
Batik). Semodokan kempis-kempis munggah bruk loji. Awaaas... wis ketuk bruk
Loji, setange di pinggirke ngiwo. Nak wis...siji...loro...telu...pas dalane
mudun dek bruk Loji, nylurut ucul setang liwat Hilir (dalan Patiunus). Mbuh
priye kuwi carane kok biso ngenggokke setange, biso menggok nengen, tetep
zikucul setang, tetep pite nyrunthul bantere pok. Ora bakal nyekethemi
rem...wong tangane be sedhakep onggrongane pok. Cok-cok karo keplok-keplok, opo
tangane menduwur kabeh, “merdek”. Karang zik ucul setang, ngnekke bele tik
cangkem, kring-kriiing...kokuwi...
Wong tuwo-tuwo sing lap-lapan weruh kelakuane Turmudi
karo Sardi sak rombongan, bisone gedek-gedek othok, karo-an ngelus dodo.
“Anake sopo si kuwi denese...numpak pit kacokane
pok...opo wis bosen mangan megono ?” Tapeknokarang ndugal kabeh, yo ora do
ngrewes. Pak ooorra...Lha jaman sakmono, biso numpak pit kuwi bungahe pok si.
Opo meneh nak nduwe pit dewe, ora sah nyelang sopo-sopo. Jare Turmudi meneh,
Sardi jah Noyontaan kuwi gel waninane pok. Nak numpak pit ora trimo ucul setang
othok, tapekno njagoke nang boncengan, terus kambek akrobat. Cok gaya turu, cok
kambek ngadek. Kabeh wong do getun, bocah kok slamet terus, durung tau tibo
krungkep dek pit ontane. Mbak Jum tumon-tumon ngguyu kekel. Kilingan jaman SMP,
zik anyaran nduwe pit jengki RRT.
“Wis tak critakke si ho, aku bungahe pok ditukokke
bapakku pit jengki RRT. Keliru biru kinclong-kinclong. Mben sore diserbeti.
Maune aku ora entuk sekolah numpak pit dewe, mbuh kuwi, wedi nak ora biso
nyabrange. Tapi kalah-kalahe yo entuk. Wis, aku mangkat sekolah numpak pit.
Ibukku wis wekas remo-remo kae si, ati-ati nyabrange, nang gili akeh montor do
ngebut, ojo klalen pite disosi. Slamet tekan sekolahan. Biasa ra...ro semeyang
nak ono ono sing pite anyar. Bali sekolah, aman. Lha bareng sorene, wayahe
nyerbeti, aku ditakoki karo bapakku. Lha pitmu nang endi nok, mene, diserbeti
sing resik. Hidilah...lha pitku tak dokok ngendi ho? Prasaku wis tak tak sosi
kenceng, lha iki si sosine ono. Tapi, pit jengkiku nang ngendi? Tak
eling-eling...hidilah...biso klalen kae si, karang wis kebiasaan numpak becak,
bali sekolah aku klalen ora njukuk pitku, tapekno tetep numpak becak...,” mbak
Jum ndongeng, liyane do gugu.
Kalah-kalahe diterke mbakyune boncengan marani nang
sekolahan. Hidikae, pit jengki biru kinclong-kinclong zik wutuh disetandarke
nang jejere grobak bakso. Zik wutuh sosinan...payah wis, zik SMP mbak Jum wis
pikun. Ketug omah, bapake mbak Jum wis ngadang karo malangkrik. Bejone pite zik
ono.... sing do kojahan gugu kabeh. Bonggan wis, nek pite ilang.
(Yu Trimah mbatin, nak jah lanang-lanang do ucul
setang kacokan, jah wadok-wadok podo bae ora gelem kalah. Pit siji ditumpaki
jah enem. Ono sing mbonceng loro, ono sing ngadek nang kiwo, tengen, malah ono
sing methangkring nang setang nombarang. Ora kalah kadek sirkus gadis plastik
wis.....)
Sumber : Suara Merdeka, Jumat 8 Februari 2013
Oleh : Iyeng Setiyawati
Tidak ada komentar:
Posting Komentar