BINTANG KECIL,
SAIKI NANG ENDI?
Bintang kecil, di langit yang tinggi
Amat banyak menghias angkasa
Aku ingin terbang dan menari
Jauh tinggi ke tempat kau berada
SIK
kilingan lagu kuwi si ho? Persasate kuwi dadi “lagu wajibe” jah cilik jaman
sakmono. Mbak Jum mesti ketento nyayi lagu kuwi nang batin, saben ngubengi
bunderan Monumen Pekalongna. Ejian ah, sedino biso ampek nyanyi ping enem kiye,
ndaraki opo, lha saben pak lungo arah kota, mesti kudu ngubengi bunderan kuwi
owk, anake mbak Jum malah ngaranine “hormat pada sri ratu” ... he he.
Mbak jum
sik kilingan nemen, mbiyek Bintang Kecil kuwi jember, bentuke segi tiga. Ono 2
hekatre kuwi.... Adame pok, asale wt-witane gedi-gedi, koyo trembesi, ringan
karo-an flamboyan. Jaman sakmono, Bintang kecil sing mbiyek tau diarani kebon
Rojo, ora tau sepi kadek bocah. Nang kono ono bandulan jentrek-jentrek nang
ngisor ringin.
Pernahe
sik krungon-krungonen cekakakane bocah do dolanan bandulan karo-an
jengklat-jengklit. Suworo kriyat-kriyute wesi bandulan biasane krungu ketug
gedung Pemuda (saiki masjid).
Sik utuh
ngalamun kiye, mbak Jum mbayangke, mbiyek nang sebelah lor, ono panggungcilik,
tengaheono coronge gemandhul. Nang ngrepe panggung, ono plagrangan dek papan
gemblethak nang suketan, bentuke bintang, dicet abang ijo kuning biru.
Lha kuwi
sing marakke pangoonan kuwi darani bintang kecil. Pamggunge biasa dinggo jah TK
karo SD do pantes. Bungahe pok kuwi...ndaraki opo...biso pantes nang Bintang
kecil, ancene dadi cita-citane jah cilik. Cok-cokan nyanyi karo deklamasine
(kudu karo gaya), dilombakke. Gayane biso lucu-lucu kae si, tapi mesti ono sing
ciwek, nangis nang panggung.
“Nang
ngopo mbak...kok ngguya-ngguyu dewe ket mau?” Yu Trimah gugu namati mbak Jum.
“Aku
gugu, kilingan mbiyek jaman sik jelas sisji SD, pantes nang Bintang Kecil.
Kabeh jah wadok, nak maju nyanyi, mesti gayane pok, tangane njembreng rok-e men
mekrok jembar. Nak wis dikeploki, bungahe pok kuwi...,”jare mbak Jum karo
ngudek es jeruke.
‘Ha’ah...mbiyek
nggon monumen, jaene nggo taman dolanane jah cilikho?” yu Tromah nyaut.
“seje
jah cilik othok nju....wong tuwo be do seneng mono owk. Do ngeterke anake, tapi
yo senenge do jagokannag ngisor wit ringin, karang enyup tur silir. Nek aku
senengane dolanan jengkalt-jengklit karo slurutan. Nggon slurutane, diwur-wuri
tik hunkwe koyo sing nggo papan karambol kae si, men lunyu. Sluruut....cepete
pog dek nduwur,” Turmudi melu nrombol ndongeng.
“Nek
jare kakangku, mbiyek Bintang kecil kuwi nggo setart karo finise karnaval.
Persasate nak tujuhbelasan, wong sak Pekalongna ditambang wong Turki, do
nglumpuk kabeh nang Bintang kecil, pak ndelok karnaval. Asalae nak ndeloke nang
Bintang Kecil, biso weruh komplit,” Tasripin genti kondo.
“Eh...gening
wong Turki nombarang Pin ?” mbak Jum takok. Tasripin mringis, bar kuwi nerangke,
maksude wong turunan kidul, alias wong Pekajangna, Kedung Wuni, Kajen, pokoke
sak kidule Pekalongan.
Hehe...ditakkirone
wong Turki temenan. Bakul nakul mesti moro nang Bintang Kecil, kadek
plembungan, yoyo, kitiran, icik-icik, othok ketrug jajanan koyo glali, arum
manis, opak angin, ketug lotere ndog asin.
Kadek
taman dolananne bocah, Bintang Kecil ujug-ujug”disulap” dadi Bonbin mini. Ajib
kiye ah..ora usah nglurug ketug Jogja opo Semarang, jah Pekalongan biso nang
kebon Binatang. Ono kandang kethek, lutung karo wowo jentrek-jentrek. Lha kuwi,,
Pasaraya Sri Ratu kwi, mbiyeke kandang ulo karo boyo. Ulone remo-remo, sanca
piton, sowo, malahan ono ulo kobra nang kandang koco. Boyone nang tengah
blumbang, senengane mangap ombone pok, pernahe koyo pak prikso untu, ora
kesel-kesel. Rodo menengah, ono kandang kidang karo kancil. Rupane lucu, tapi
mambune prengus koyo wedus.
Ono
meneh merak akroan mannuk remo-remo. Pancen ora komplit, tapai mlayan ah, biso
nggo hiburan. Syange, nembe pirang taun othok, Bintang Kecil mangkle dadi THR,
mbuh kuwi, kewane digowo nang ndi. Bejone. THR-e rame. Ono panggung Kethoprak,
ono ludruk, lucune pok. Biasane, lakone opo, diumumke keliling kota tik
halo-halo nganggo montor, gentenan karo pengumumane biskup Fajar karo Rahayu.
Cok-cok nggo pentas Band. Titik Sandora-Muchsin be tau manggung nang THr kono.
Nang THR juga ono dolanan bocah sing “moderen”, koyo go kart karo bom-bom car.
Suwi-suwi,
THR-e dilongo nggo termianal angkot! Angkot (wong Pekalongan mbiyek ngaranine “kol”)
untel-untelan karo montor kambek sepeda montor sing apak ngisi bensin, nang
jejere THR.
Umbrus
wis, opo mmeneg wit Flamboyan karo-an trembesi mangklihe ilang. Bonggan wis,
Bintang Kecile wis ora adem maneh....
(Mbak Jum mbatin: Saiki? Taman dolanan bocah
wis ilang genti THR, THR genti terminal kol. Mangklihe terminal kol digusur
maneh, dadi toko-toko karo warung-warung. Tamane garek secuil, didokoki monumen
pahlawan nggo ngijoli monumen sing maune neng platarane Gedung Pemuda. Lha
taman dolanane bocah, siaki nang endi? Wis pindah nangmal ketoke
ho....doalanane tik koin, sing dipandeng layar monitor. Ora ono jah bandulan, slurutan karo playon ho, saiki...?
Sumber :
Suara Merdeka, Jumat 15 Maret 2013
Oleh :
Iyeng Setiyawati
Tidak ada komentar:
Posting Komentar