KALI LOJI VS
KALI PARAHYANG BADUY
HOWONE arip kiye ... ket mau angop terus,
theklak-thekluk. Wis ngombe kopi po-o, mripate Tumudi gel angele pog dijak
melek. Koyo kraket kae is, sampek dibenjet-benjet dewe. Kopine tanduk ah,
njaluk sing luweh kenthel, terus diwehi uyah sithik, men tambah mantep, marakke
mak bayar. Yu Trimah nuruti pesenane Turmudi, kopine diwehi uyah sithik. Sithik
bae, ojo sampek kasinen, bonggan nek kasinen biasane diwadani, jarene pengen
rabi. Burone pingin rabi, hidilah. Kamsude, burondo ....
“Sampeyan kenang opo si, kok pernahe arip
nemen...nembe lek-lekan pog?”Yu Trimah nakoki kambeg ngudhek kopi. Sing
ditakoki mrenges. Seje lek-lekan, tapekno balungan tuwo, nek bar lungo adoh gel
kroso kae...Bejone awake ora lempoh, Cuma arip othol orak ilang-ilang...
“Kang, jarene Supri sampeyan tembe teko kadek
Baduy, banten haiah....? lha kok ajib temen kang, biso gleng-gleng ketug
Baduy...”Tasripin takok, penasaran kae si. Turmudi mrenges maneh.
“Haiah...kiye be rasane zek arip terus....”jare Turmudi.
Lha endi oleh-olehe kang?
“Baduy kuwi nggon endi si?Pernahe tau krungu
tapekno ora paham...”Yu Trimah takok maneh. Pokoke kilingan kadek pelajaran
mbiyek, kuwi arane suku nang pedalaman.
“Kuwi nang banten nju...ora patiyo adok kadek
Jakarta, cumo mlebune mrono ora biso tek kendaraan, kudu mlaku antarane 8
kilonan. Nek bar udan, luyune pok, dalane munggah mudun, wis pokoke petualangan
arane...”Turmudu nerangke. Denese akehe pok sing pak diceritakke, tapekno
saking akahe sing ajaib-ajaib nang Baduy, sampek bingung apak criti kadek
ngendi. Ono potono ora?Opo bener si, jarene nang Baduy ora ono listrik, terus
ora enthuk nganggo hape, ora entuk moto/motret?
“Kiye tak kandani ho...Wingi kuwi aku bejo, dijaki
kancaku aring Baduy, tur Baduy Dalam. Nginep nang kono. Biso namati langsung
uripe wong Baduy, kadek weruh alam lingkungane, ngicipi masakane, kenalan karo
wong-wong sing sreseh, niteni guyonane, sampek reti sitik-sitik peraturane.
Rakhate pok wis, longko tunggale. Kabeh wong sing tau moro ring Baduy, mesti
pingin mono maneh.”ko kwi, Turmudi tapik ndongeng.
Ketug desa Cijahe wis jam 5 sore, bejone dipethuk
warga Baduy dalam sing siap ngrewangi kene do mlaku munggah mudun, malah
nggawakke barang nombarang. Nek dalane lunyu, men ora do keplarak, pak Sardi,
sak bolone siap nggandeng utuwo nggeret Turmudi sak rombongan. Kadek desa
Cijahe, pas jembatan pring sing dadi wakete desa Luar Baduy jaro Baduy luar,
ketug deso Cibeo, adohe kiro-kiro wolong kilo. Ngliwati pemandangan sing asri
nemen, gunung, lembah, kebon, tegalan, kambek ngapalke aran tanduran sing onone
nang Baduy othok, dalan sing munggah kethip, pemahe ora patiyo abot kae. Sing
semodokan nyoro dalane selot suwi selot lunyu, karang nembe udan. Sepatu,
teplek, wis nggedebel gel ora biso dinggo meneh. Kalah-kalahe do ngondhok,
ngliwati dalan sing akeh watune gedi-cilik, bujel-lincip, karo-an oyot-oyot
tandarun. Turmudi karang tembene pisan mono, keplarak-plarak, bejono ora sampek
tibo, asale akeh sing nggoceki.
Ngliwati tegalan seng ditanduri pari. Eh, pari
sing ditandur nang baduy kuwi, jwnise pari wulu, karang kabahe akeh wulune. Kuw
jwnis pari seng wes suwi punah, tapekno nang Baduy zik wutuh akeh. Pak Sardi
cerito, nek wong Baduy kuwi uripe nerimo sak anane, tapekno ora tau kekurangan
pangna kadek jaman mbiyek sampe saiki. Pari sing wis dipanen, dibengketi, ngang
dipepe terus disimpen nang lubang, arane Lheuit. Simpenann nang lumbung ora tau
entek, muga-mugakno wong Baduy kuwi biso diarani biso nyukupi kebutuhan pangane
dewe. Turut ndalan, pak Sardi ora bosen-bosen ngelikke, ati-ati, ojo sampek
nggocek tanduran illat, kuwi tanduran koyo suket alang-alang tapekno landepe
koyo silet, nek kebeler biso gujrah getih. Terus ono tanduran arane iris, sing
dipangan wijine, koyo kacang tholo tapi bunder gepeng. Ngesuke pak dimasakke
jangan iris, enak jarene.
Dalane zik adoh, tapi wis tapuk peteng. Sentolop
tapuk ditlorongke. Joo wedi kepethuk ulo opo lintah. Jare pak Sardi, nek niate
apik, ora ndresulo nang ndalan, perjalanane bakal selot lancar. Ajib ho?
“Omahe koyo opo kang? Nag mbengi peteng ndedet
haiah?Senengane masak opo?”Yu Trimah, karang dodolan sego, mesti takoke
masakane. Turmudi nerangke maneh. Wong Baduy Luar karo baduy Dalam kuwi,
podo-podo uripe petengan, ora nganggo listrik utowo damar sing nganggo lengo
liyun. Onone ceplik utowo sentir, sing nganggone lengo klenthik. Nek dayoh teko
nggowo lilin yo ora kaiki.
“gonjakane rakhate pok, kowe. Aku ngldo, kok
tipine ora disetel pak? Kiye acarane Thukul si... Njawabne penak othok :
...sabar, karang nang deso kene izek gilirane lampu mati...”Turmudi gugu.
Senengane masak jangan iris, digodog othok karo uyah, tapi rasane enake pok,
ngungkuli jangan tholo.
Sing paling ora biso dilaleake, kaline, Kali
Parahyang sing mili ngubengi desa Cibeo, beninge pok. Kabeh wong Cibeo
ngendelke kali kuwi nggo kabeh keperluan sing mbuthuhke banyu. Sampek saiki
izik wutuh bening resik, asale wong Baduy ora entuk ados, ngumbahi tik
sabun/bahan kimia. Turmudi be idkandani, nek sikatan tik odol, ojo dilepehke
nang kali, nang lemah bae, men ora ngotori kali.
(Ajib
ho.... kanggone wong Baduy jotorane menungso ora bakal ngrusak kali, malah biso
dairabuk. Sing ngrusak kuwi malah plastik, sing nganggo bahan kimia. Seje adoh
ho...kambek kali loji....?Opo zik biso diresiki meneh ho nak wis kadang ireng?)
Sumber :
Suara Merdeka, Jumat 5 April 2013
Oleh :
Iyeng Setiyawati
Tidak ada komentar:
Posting Komentar