Jumat, 25 April 2014

Warung MEgono, 6 Nov 2013



RETI PEMASA? SAKPORE…(1)
JI Fathur ket mau njinggleng namati hapene. Saiki SMS gel remo-remo kae, cok marakke gugu, tapi kerep-kerepe marakke umbrus.
Maune, usum SMS sing ngakune kadek papa-mama, do sregep njaluk pulsa. Ono sing jarene zik urusan karo pulisi. Hidikae, bicoro njaluk pulsa pirang ewu be, dilampu ngapusi. Sing bingungan, biso kecelik kuwi. Sing jengkelan koyo Tasripin, pingine mangsuli. Padahal jarene, nek diwangsuli, pulsane dewe cok keserot. Bonggan wis. Ji Fathur gedek-gedek.
“Ejian ah…nyong telung ndino iki wis entuk Avanza 3. Sugih temenanan kiye…,” Ji Fathur nylemong kambek zik wutuh namati hapene. Sing krungu podo nglinguk. Tasripin mripate kethip-kethip.
“Entuk undian pok Ji….lha kok akeh temen, entuke 3. Nggo aku siji ra…,” jare Tasripin. Hidikae, Tasripin kuwi ora mudeng opo gethokan si? Yu Trimah koyo ketularan, podo bae kethip-kethip.
“Nek kulo angsale tembe kalih Ji, coke sekedap malih ditambahi setunggal,” jare Yu  Trimah. “Lha iyo…wong ngapusi kuwi ono bae corone. Do ngandani kene menang undian, tapi panitiane tik nomer hape, alamate ora petho, kalah-kalahe dikon kirim biaya administrasi liwat ATM,” mbak Jum ngimbuhi.
Adine meh bae keblusuk. Jarene entuk undian kadek pasta gigi. Entuk motor kijang inova. Wonge nelpon sakdawan-dawan, terus ngongkon moro ring Jakarta, tapi dikon ngirim biaya administrasi ndisik sejuta. Boro-boro nelpon takok kantor pasta gigindisik opo bener ono penarikan undian hadiahe montor. Jebulno ora ono kaiki, lhais kowe…meh bae.
“Lha konco kerjoku wingi meh bae kesliru transfer nang penipu. Goro-gorone, pancen zik pak transfer duwit panitia seminar, jumlahe Rp 29 juta, lha kok moro-moro oleh SMS, ngandani nek duwite dikon transfer nang rekening. Anyarae bendahara. Bejone nelpon ndisik, opo bener nomer rekwninge ganti…,” Turmudi genten ndongeng. Tasripin ora mudeng.
“Lha kuwi sing SMS sopo, kang? Lha kok reti nek koncone sampeyan tembene pak transfer?” “ Hidih yo ko kuwi ngawur bae ra…asal kirim SMS, kanggo sopo bae, mbopo ono wong sing zik kebingungen ngeling-ngeling nomer rekening sing pak ditransferi. Ndilalah candak koncoku,” jare Turmudi.
Ha-ah bener ko kuwi. Saiki akeh SMS kadek ngendi-endi, termasuk wong ora kenal,” O…coke kadek ponakane simak sing nang kantor pulisi njaluk pulsa kae ho…?
Ora dikirimi pulsa nghang njaluke transfer bae sisan…,” Tasripin komentar, marakke liyone do gugu.
Ji Fathur mesam-mesem othok krungu konco-koncone do kojahan nang warunge Yu Trimah.
“Saiki pancen jamane umbrus. Wong ngapusi ora wedi-wedi maneh. Eh Di, sampean teko nang peresmiyane Gedung YAGIS dong tanggal 20 Oktober po ra? Nyong pengene pok teko, tapekno pas nang luar kota, mangklihe ora sido wis. Saiki bangunane dadi ajib ho, nyong melu bungah, nyawange,” Ji Fathur rono-rono takok perkoro Gedung YAGIS.
Sing ditakoki enak-enak nyruput kopi putih kemebul.
                                                ***
“Opo si kuw, gedung YAGIS, Kang?” Yu Trimah takok, karang ora paham. Pancen wingenane tau moco nang Koran, ono berita peresmiane. Turmudi nuding Ji Fathur, maksude men nerangke.
“Gedung YAGIS kuwi bangunan, pusat kegiatane YAGIS, Yayasan Abdul Gaffar Ismail, maune umahe pak Kyai Haji Abdul Gaffar Ismail, ulama terkenal zaman sakmono. Mbiyek ora ono wong Pekalongan sing ora reti Uztad Gaffar Ismail. Kae si, omah nang dalan Bandung karoan Sorogenen,” Ji Fathur nerangke.
Mbiyek, saben malem selasa bakda Isya, Pak Kyai nganakke pengajian, ojo takok kowe sing do teko. Biso regudugan kadek ngendi-endi, Semarang, Batang, Tegal, Cerbon ketug Linggarjati, sampek 1.000 nan. Kuwi terkenale “Pemasa” alias Pengajinan Malam Selasa. Biso diarahi pengajian legendaris Pekalongan, karang Pak Kyai Abdul Gaffar nganakke pengajian sampek setengah abad, kadek taun 1953-1941. Terus disambung maneh tahun 1953-1997.
(Turmudi pancen kilingan, tau didongengi Bapake, Pak Kyai Gaffar nek kotbah nang Pemasa, biso marakke sopo bae sing ngkrungokke, do melek kabeh. Ora kober ndongeng dewe opo meneh ngantuk. Nek nerangke, tik boso sing gampang dipahami, tegas, tapi puitis, marakke do “ kesenggol kabeh” kerep marakke trenyuh sampek do nangis, tapekno juga kerep lucu sampek ger-geran. Tembene iki ono pengajian kok sampek 50 tahun suwine, kadek jamane simbah)
Sumber : Suara Merdeka, Jumat 6 November 2013
Oleh : Iyeng Setiyawati

Tidak ada komentar:

Posting Komentar