MANTEN PEKALONGAN
Yu Trimah ijik ngesokke sotong
ireng maring baskom, ujug-ujug Prapti mlebu warung ngeterke undangan mantenan.
Ejian ah…tambah siji maneh sing duwe gawe.
“Nju…undangan manten maneh
kye… jarene pak dicoro Pekalongan,” undangan kelir ijo dilungke. Yu Trimah
nglinguk sediluk terus nutugke ngurusi sotonge.
“Ha-ah, Prap. Kesuwun
ho…tulung zrogke nduwur keler kono bae,” sak lebare madahi sotong, undangane
dijukuk. O, sing pak mantu, konco sekolahe Yu Trimah mbiyek. Kok Prapti mau
kondo nek pak dicoro tradisional Pekalongan. Maksude opo kuwi ho? Manten
Kalongan kuwi koyo opo?
“Kiye delok-o, undangan wulan
kiye biso akehe pok kae. Pinjul kadek pitu,” Yu Trimah kanda kambek moco
tanggale undangan.
“Ha-ah, lha karang ijik usum
manten si…sediluk maneh pak pasa…” Prapti mangsuli kambek madahi tahu sumpel
nang plastik. Gagiak pamit sakwise mbayar, eh diimbuhi siji kambek Yu Trimah.
“Nompo undangan piro nju…?
Wolu? Nyumbange kuwi ra, sing berat….”, Tasripin nyauti kambek mucu-mucu.
Turmudi mesem, jempole nutuli hape nulis sms, bar kuwi hapene di saki maneh.
“Iyo, Pin. Garek ngepingke bae
ra… Pak ora sak kongange. Tapi sing kiye, ketoke ajib kiye… nyong pingin reti,
sing darani manten Kalongan kuwi koyo opo denese,” Yu Trimah ngelungke the
panase Turmudi, kambek nglirik hapene sing muni maneh. Anjut kye sms-ane….
“Nek ono undangan manten opo
sunatan, sing bungah Taufik…asale mesti tak jak,” jare Turmudi, nyawang Yu
Trimah. Klambine anyar, pelike yo anyar, kerlip-kerlip cilik nang kupinge.
“Yo mesti ra…jah cilik kuwi
paling seneng nak dijak kondangan. Nyong be mbiyek bungahe pok nak dijak simak
ok. Dijak lungo nganggo klambi apik. Bar kuwi yo sing mesti…entuk suguhan ra
nju…” Tasripin ngguyu, setengahe gugu kae.
Turmudi ngguyune keri, terus
takok:
“Jik kilingan mantenan jaman
sakmono? Dayohe lanang-wadok njagok dipisah…lanang semodokan njobo, wadok nang
njero,” hapene Turmudi muni maneh, tapi ora direwes.
“Bener kang, mengko nak apak
bali clingak-clinguk nggoleki bojone dewe-dewe.” Mbak Jum sing ket mau ngecipris
nelpon, tapuk komentar.
“Biasane men ora bingung
nggolekine, kangsen ndisik ra, ketemu nang ngisor wit karsem…” Turmudi
nyambung.
“Kabeh suguhane diiderke,
diladekke tik baki ombo kae si…he…he…” mbak Jum ngguyu.
“Ha-ah…jaman sakmono during
usum prasmanan. During usum pesta berdiri ho… Kabeh dayoh
njagokjentrek-jentrek. Nek sing nduwe gawe kuwi wong sugih, cok-cok mangane
prasmanan, tapekno tetep njagok maneh…” Turmudi nyaut kambek njukuk krupuk
terung.
“Dayoh teka, dikon njagok
ndisik, mengko nek wis komplit, nembene tapuk. Pidatone akeh tur dowo-dowo…” Yu
Trimah ora gelem kalah.
“Mengko ndisik ra…mantene
teka, gamelane kadek tip diunekke, ning-nong ning gung…arane gending kebo giro.
Kuwi nek sing nduwe gawe priyayi. Nek wong biasa yo tabuhane tong bring-tong
bring…” mbak Jum neruske.
“He…he…mengko nek mantene wis
njagok, ono jah cilik loro sing ngipasi ho…karang urung ono kipas angin opo
maneh AC.” Turmudi nambahi.
“Nyong njagok nang jejere
simak, mlinguk memburi terus, ngluru wong sing do nggowo baki…pernahe suwine
pok kae,” jare Turmudi. Liyane do gugu.
“Sik kang…nyong pak takok,
mantenan coro Kalongan kuwi priye si? Tik thong bring-thong bring pok?” Yu
Trimah zik wutuh penasaran, karang ket mau durrung ono sing mbahas.
“Manten Pekalongan? Nek pak
nuturi sing asline yo diarak nombarang ra…kae si, pas Mei nek ora salah, nang
TMII Jakarta, ono pagelaran Ngarak Manten Pekalongan. Jarene, ramene pok nju.
Pertamane diarak tik terbang genjring karo-an marawis. Bar kuwi nganggo tari
gambyong pareanom nombarang. Pernae si campuran Jowo karo-an Arab ho…” Turmudi
nerangke.
“Nak aku retine, manten
Pekalongan kuwi werno loro. Ono sing manten wadoke nganggone klambi longdres
putih koyo manten Cino kae, tapekno nganggone koco moto ireng. Lha manten
lanange tik jas ireng, nganggo kopyah ireng. Ono maneh sing jarikan, tik bayak
blusdru ireng, lha cangkrongane, kae si, paesan ireng-treng nang bathuke
manteen wadok, nak Pekalongan bentuke seje dewe, ono tekukane. Terus manten
lanange nganggo jas-clono, kocomotonan ireng…” jare mbak Jum.
“Lha nang opo si kok mesti
nganggo kocomoto ireng? Koyo Sintren ho?” Yu Trimah takok.
(Hurung
ono sing mangsuli kuwi, karang ora do reti, nang opo manten Pekalongan
nganggone kocomoto ireng. Nek perlengkapan liyone koyo janur, kembang tah podo
kambek tradisi Jowo umume. Ngesuk takokke bu likku bae, mbiyek tau dadi dukun
manten. Coke reti, jare mbak Jum)***
Sumber : Suara Merdeka, Jumat 4 Oktober 2013
Oleh : Iyeng Setiyawati
Tidak ada komentar:
Posting Komentar