Senin, 28 April 2014

Warung Megono, 1 Feb 2013



KRING KRIIING….!!
           KOYO biasane, warung wis kemrubut rame. Yu Trimah wis rebyek ngedoli. Sing lengganan-lengganan tah sipil, karang wis apal sing dikarepke opo.
           Turmudi, biasane sarapan megono karo horeg-horeg tempe. Paling-paling imbuh cucut nak wis mateng. Opo endog soklat bunder. Tasripin ngirit meneh, biasane megono karo tempe glepung mbel-mbel.
           Ji Fathur senengane garang asem. Mbak jum senengane es jeruk, lha mangane karo rendang opo srimping.
           Sing semodokan kagok nak ono wong teko, seje wong Pekalongan, terus nusu-nusu njaluk didoli ndisik, tapi mikire pak nganggo lawuh opo, suwine pok. Garang asem ? kuwi iwake opo, ayam kampung opo seje.disauri nak garam aseme Pekalongan kuwi seje tik ayam,tapekno tik daging sapi. Zik takok maneh, tik santen pora? Pedes pora? Ndelok koyo opo? Bareng dibukakke mancine, takok maneh, gening koyo rawon, tik kluwek? Lha podo karo pindang tetel pora ? hehe… karang wong kuwi remo-remo, cok-cokan ono sing wawancara ndisik ko kuwi.
Meneh :iki opo? Niku srimping. Srimping kuwi opo? Niku bangsane kerang. Lho, kerang ko putih? Enak pora? Hidilah… tobil anak kadal. Durung reti srimping, pijar takok enak pora. Nek wis reti rasane…hoho, ojo takok meneh wis. Mesti tumane… bicoro pindang teri be, ono sing tembene weruh, jare nang daerahe ora nono. Pindang teri kuwi opo? Nggih teri teles dikukus, dikepeli. Terine sing enak, sing putih lembut. Ono sing ngarani teri nasi. Ooooo… kuwi nang nggonku arane seje pindang teri, tapekno blenyik. Ono tah kuwi. Tapekno bareng wonge rasan pindang terine Yu Trimah : lha kok rasane seje… iki enake pok, terine alus tur gurih. Nang jeporo ono, tapekno terine ting kresek kasap tur cok ono rine. Hehe… tembene reti ho… nak panganane wong Pekalongan kuwi enak-enak, tur seje karo nggon liyane. Yu Trimah wis apal, kalah-kalahe mesti wonge dadi lengganane, saben ring Pekalongan mesti mampir. Alhamdulillah…..
                                      ***
Es batune entek, Lik Kasan dengaren durung ngeteri. Yu Trimah ngongkon Atun marani es batune.
Numpak pit bae, men cepet tur ora anteb nggowo es-e,”jare Yu Trimah.
 “Suko mlampah…. Mengke ngepite sertek-sertek othok,”jarene Atun. O, jebulno Atun ora biso numpak pit. Mbak Jum  ngguyu, krungu “sertek-sertek.” Kelingan jaman mbiyek ra….
“Hehe….nak ajar numpak sepeda pancen pertamane sertek-sertek ndisik ho, apak nggenjot mubeng be pernahe wedi nak tibo,”jare mbak Jum. Yu Trimah podo bae gugu, nghang nyauti.
“Ha-ah mbak, seje sertek-sertek othok ra… ono imbuhe grobyak karo nangis nombarang….”
“Karang ajar numpak pit kuwi, nak durung tibo, durung bakal biso nggenjot ok,” jare mbak Jum.
“Sampeyan nak ajar neng endi nju…? Tau tibo ping piro? “Turmudi takok. Yu Trimah gugu.
Suwi kang, coke tibo ping selikur ho… lha aku ajare tik pite simbahku, pit lanang sing ono plagrangane nang tengah kae si. Ketoke pit Reli, duwuuur nemen. Sikil tengen ngantek tekan ngisor kelek, mbrobos  dek ngisore plagrangan. Sertek-sertek sithik, grobyak. Mengko sithik maneh, grobyak Yu Trimah. Sing krungu dho gugu, lha kok dengkul biso pating srindhil, melas temen. Pit Reli kuwi maksude pit Raleigh, pit sing terkenal dek jaman Londo. Turmudi ngguyune paling seru, asale mbayangke temenan, awake Yu Trimah cilik, miring-miring ajar nggenjot pit gedhi.
“Lha aku be ajare tik pit onta, gedhine pok. Opo si kae mereke. Hamler pok ? Tapi seje pit lanang, dadine mending, ora pati-o nyoro. Pite digojeki pak likku. Mengko nak wis biso nggenjot mubeng, meneng-meneng dicolke. Getune kie ho, nek aku ora reti likku wis ngeculke, aku biso tetep nggenjot. Tapi nek reti pitku dicolke, pitku sakkalan ogel-ogel, bar kuwi gabruuukkk…dengkule bonyok, “Turmudi ndongeng. Hehe…jah cilik jaman sakmono tah dengkule longko sing wutuh. Kabeh mesti tau babak, tau korengen nombarang, asale mesti tau tibo, mbuh kuwi playon, pit-pitan opo penekan wit.
“Hi, bererti aku zik mlayan kiye ho…, ajar pite ora tik sepeda onta, asale aku ditokke bapakku pit model anyar, pit jengki. Mbiyek arane pit RRT pok ?”, jare mbak Jum, sakwise nyruput es jeruk.
“Ejiaaan…mbiyek wis duwe pit RRT ha-ah? Kuwi karang pite anake wong sugih si..hehe..persasate kabeh jah cilik mesti cita-citane biso nduwe pit RRT. Pangkate paling duwur kuwi,”jare Turmudi meneh. Pit RRT pancen cekli, dibandingke pit londo. Tasripin kok anteng?
“Pin…. Lha sampeyan piye ajar pite? Opo ujug-ujug biso nompak montor pit ?, Yu Trimah takok.
“Hehe…nyong mono tah ajar pite tik pit mini, weke tonggoku, tur pruthulan. Longko slebore, malah longko sadele nombarang. Pokoke gel rodo loro kambek setang othok wis..,”jare Tasripin. Do gugu meneh ra, lha pit kok longko sedele., nghang numpake priye? Jarene, wong zik ajar be, yo ora perlu njagok nang sedel. Sing penting biso nggenjot. Wong rantene be wudo longko tutupe ok, sitik-sitik ucul, nglempreh, dibenekke meneh. Tapi dinggo ajar cepet biso kuwi, asale cilik, dadine nggenjote wani…
(Yu Trimah zik kilingan pite simbahe . berkone kinclong-kinclong. Ono dinamone, dadine nek dinggo mbengi biso padang kencar-kencar. Slebor karo peleke podo bae kincling. Tapi sakpele dinggo ajar,dadine do cicel. Ora kaiki wis. O, iyo, Pit jaman mbiyek ono penenge. Nek pit-pitan nang nggili, kudu ati-ati, mbopo kecandak cegatan peneng, bonggan biso didendo. Jah saiki tah ajar pite tik pit mini, tur ono cagake roda cilik-cilik, alias pit roda papat).

Sumber : Suara Merdeka, Jumat 1 Februari 2013
Oleh : Iyeng Setiyawati

Tidak ada komentar:

Posting Komentar