Jumat, 25 April 2014

Warung Megono, 17 Mei 2013



Tenunan Cecek : Biso Pora ?
           LANGITE padang. Biru resik koyo klambine Yu trimah sing zek semampir neng pemean. Megone putih koyo kapas, bentuke trewelu lucu. Seje trewelu, tapi kucing, batine atun, Hidih kucing ok kupinge dowo?saiki kupinge mangklih bujel ding,ko koyo wedos ho?angine sempribit,marake wedos putih neng langit,mangklih dadi kembang mekrok.Pokoke anut angin wes...saiki kembang mekrok,sedoelo neh dadi mingkup,lonjong.
Hawane gel marakke arip.Aton angop ombone pok,,ora di tutupi,asale zik asah-asah,tangane kanggo kabeh,bojone tawon seng gembrenggeng nang pedeke, ora ketarik mlebu. Yuu trimah ketularan angop. Karang awake zik semodokan lesoh,asale tembene kadek banyuwangi,ponakane di lamar wong bali,wong othok tembene tekan numpak bis,yo maklum bae nek awake mrentek kabeh,setengahe lempoh wis. Prei telung dino,warunge dino iki tapuk buka.Durung pepek koyo biasane,pak ora wis,sing penting ono megono karoan garang asem. Dodole sotong karo srimping ngesok coke, nek es biso kulakan komplit, tapi durung pepek po-o,seng tuku podo ae kemprubut, karang wes kangen karo megonone. Mambune tahu sumpel karo tempe mbel-mbel semerit digowo angin. Ndog dadar, ndog asin, karo ndog soklat, podo wae cocok nggo lawuhe sego megono. Pokoke bongsone iwak-iwakan tapuk ngisuk ae dodole. Krupuk karo rempeyek nto-nto bejone es tiring-tiring neng njerone lonthong. gedang kapas, jeruk, kapas, nggo ngebegki mejo.
“Warung e tutup suwe temen nju...nang di wae si genahe?” Pak slamet teko karoan njukuk krupuk. Wedang tehe zik klinthing-klinthing di udeg. seng ditakoki mesem,gel manise pok.
“Tigang dinten tok si, Pak guru...kulo kesah teng Banyu wangi,”Yu trimah mangsuli.
“O...lha jarene atun wingi pas aku kecelik mrene,sampean nekani lamaran? Opo sampeyan sing dilamar?”Pak Guru ngujo ngledo. Turmudi zek njagok neng pojokan,sakkalan mlirik.
“Ponakane kulo,pak guru,angsal tiyang bali. Ejian ah...entok peningset remo-remo, kabeh dipajang,di wehi pehtetan apik-apik, sakpore wis,,,”Yu trimah nyauri,karo nglirik ring pojokan genti.
“Sing sakpore petetane opo isine peningset nju..? “ Mbak jum ngledo.wekas garang asem.
“Yo pethetane,yo isine mbak.. Pethetane apik,karang notone ahli,digawe koyo sajenan kae si,tik janur no mbarang,karang adat bali. Isine, ajib maneh. opo pakeane komplit ketug teplet-sepatu jinggrik, ono wedak pupur mekap sak minyak wangi. terus...lha kiye sing nyong melu bungah. ono tenunan Bali remo-remo. apik-apik mbak tenunane. kelire remo-remo, kerlip-kerlip, trilhong-trilhong. abang, ijo, kuning, biru, wungu, sak wernone ono kabeh. sing motip kotak-kotak, lincip-lincip, apik kabeh. sampek pingin kae si...” Yu Trimah semangate pok nerangke. mbak Jum mesem pak ngledo.
***
“Pingin opo hayo... kye kang... Yu Trimah pingin... jajak ditakoni ra... pingin dilamar juga pok?” Mbak Jum kondo ko kuwi karo nglinguk Turmudi. sing dilinguk mesem-mesem karo nglirik Yu Trimah. Yu Trimahe sakkal raine abang. pak njukuk sendok garpu be sampek kesliru garpu kabeh. kalah-kalahe:
“Pingin nduwe tenunane mba. ...tapi yo gelem bae ne ono seng nglamar,. Syrate ngewehi tenunan kadi bali ko kuwi,...he he he,” sak pore kiye Yu trimah, marake seng do neng warung do ngguyu kabeh tambah ngledo.
“Oooo...bares kang...gagiak sampian seng maju nglamar, syarate ono tenunane baline,,,,,!”Tasripin kondo ko kuwi karoan ngogrek-gogrek tangane Turmudi. Wonge ngguyu othok teng gleges. kethoke kalem, padahal deg-degan sampek lempitan korane gigal. Pipine Yu Trimah selot abang ayu.
“Ojo wedi Di... nek ora ono tenunan bali, Pekalongan nduwe tenunan remo-remo... ora kalah apike.  Malah sing digawe seje benang othok koyo tenunan Bali, Pekalongan nduwe tenunan kadek serat opo bae wis.” Pak Guru Slamet marani Turmudi, raine disetel serius kae si. Mbak Jum gugune pok.
“Mengko pas ngantenan, kabeh di pajang tik tenunan, kamar mantene, tutupe ranjang manten... Ejian... nganggo tenun. Kordene, kadek tenun. Taplake, tenun juga. Bicoro kap lampu, yo kadek tenun re...opo maneh? saiki tenun Pekalongan apik-apik lheh...” Pak Guru Slamet nerangke.
“Metu kadek kamar kye Di, pak sarapan, nang mejo makan, kadek taplak mejane, tutupi panganan, sampek sarunge wadah sego, tenun Pekalongan kabeh,” Mbak Jum nyambung kojahane Pak Guru Slamet. Turmudi pandeng-pandengan karo Yu Trimah, terus ngguyu bareng. Hayoo...
(Karang Pekalongan kuwi terkenel tenune sing digawe kadek bahan remo-remo. Ndisik sing ngrintis pak A. KADIR, awit tahun 1940. Terus arane dienggo merek produksine, diwalik dadi RIDAKA. Mbiyek terkenal tenunan bambune. Ajib ho...banbu utowo pring,di sigar-sigar dadi sodo,terus ditenun batik ATBM(alat tenun bukan mesin), di renteng tik benang,biso nemen nek di gawe barang remo-remo. Suwi-suwi, bahan seng biso tenun selot remo-remo. Serat alam koyo godong nanas, plapah gedang,pedang-pedangan/lidah mertua, opo maneh ho..oh ya,enceng gondok,akar wangi, mendong, zik akeh maneh. kabeh biso ditenun didadeke barang tenunan sing sakpore apik. sing durung dicecek..hehe..men ajib ra..cecek seje nggo megono othok,tapekno biso ditenun juga...nganggo sarung tenunan cecek,njagok tengkreng mangan megono cecek....)

Sumber : Suara Merdeka, Jumat 17 Mei 2013
Oleh : Iyeng Setiyawati


Tidak ada komentar:

Posting Komentar