Senin, 28 April 2014

Warung Megono, 1 Feb 2013



KRING KRIIING….!!
           KOYO biasane, warung wis kemrubut rame. Yu Trimah wis rebyek ngedoli. Sing lengganan-lengganan tah sipil, karang wis apal sing dikarepke opo.
           Turmudi, biasane sarapan megono karo horeg-horeg tempe. Paling-paling imbuh cucut nak wis mateng. Opo endog soklat bunder. Tasripin ngirit meneh, biasane megono karo tempe glepung mbel-mbel.
           Ji Fathur senengane garang asem. Mbak jum senengane es jeruk, lha mangane karo rendang opo srimping.
           Sing semodokan kagok nak ono wong teko, seje wong Pekalongan, terus nusu-nusu njaluk didoli ndisik, tapi mikire pak nganggo lawuh opo, suwine pok. Garang asem ? kuwi iwake opo, ayam kampung opo seje.disauri nak garam aseme Pekalongan kuwi seje tik ayam,tapekno tik daging sapi. Zik takok maneh, tik santen pora? Pedes pora? Ndelok koyo opo? Bareng dibukakke mancine, takok maneh, gening koyo rawon, tik kluwek? Lha podo karo pindang tetel pora ? hehe… karang wong kuwi remo-remo, cok-cokan ono sing wawancara ndisik ko kuwi.
Meneh :iki opo? Niku srimping. Srimping kuwi opo? Niku bangsane kerang. Lho, kerang ko putih? Enak pora? Hidilah… tobil anak kadal. Durung reti srimping, pijar takok enak pora. Nek wis reti rasane…hoho, ojo takok meneh wis. Mesti tumane… bicoro pindang teri be, ono sing tembene weruh, jare nang daerahe ora nono. Pindang teri kuwi opo? Nggih teri teles dikukus, dikepeli. Terine sing enak, sing putih lembut. Ono sing ngarani teri nasi. Ooooo… kuwi nang nggonku arane seje pindang teri, tapekno blenyik. Ono tah kuwi. Tapekno bareng wonge rasan pindang terine Yu Trimah : lha kok rasane seje… iki enake pok, terine alus tur gurih. Nang jeporo ono, tapekno terine ting kresek kasap tur cok ono rine. Hehe… tembene reti ho… nak panganane wong Pekalongan kuwi enak-enak, tur seje karo nggon liyane. Yu Trimah wis apal, kalah-kalahe mesti wonge dadi lengganane, saben ring Pekalongan mesti mampir. Alhamdulillah…..
                                      ***
Es batune entek, Lik Kasan dengaren durung ngeteri. Yu Trimah ngongkon Atun marani es batune.
Numpak pit bae, men cepet tur ora anteb nggowo es-e,”jare Yu Trimah.
 “Suko mlampah…. Mengke ngepite sertek-sertek othok,”jarene Atun. O, jebulno Atun ora biso numpak pit. Mbak Jum  ngguyu, krungu “sertek-sertek.” Kelingan jaman mbiyek ra….
“Hehe….nak ajar numpak sepeda pancen pertamane sertek-sertek ndisik ho, apak nggenjot mubeng be pernahe wedi nak tibo,”jare mbak Jum. Yu Trimah podo bae gugu, nghang nyauti.
“Ha-ah mbak, seje sertek-sertek othok ra… ono imbuhe grobyak karo nangis nombarang….”
“Karang ajar numpak pit kuwi, nak durung tibo, durung bakal biso nggenjot ok,” jare mbak Jum.
“Sampeyan nak ajar neng endi nju…? Tau tibo ping piro? “Turmudi takok. Yu Trimah gugu.
Suwi kang, coke tibo ping selikur ho… lha aku ajare tik pite simbahku, pit lanang sing ono plagrangane nang tengah kae si. Ketoke pit Reli, duwuuur nemen. Sikil tengen ngantek tekan ngisor kelek, mbrobos  dek ngisore plagrangan. Sertek-sertek sithik, grobyak. Mengko sithik maneh, grobyak Yu Trimah. Sing krungu dho gugu, lha kok dengkul biso pating srindhil, melas temen. Pit Reli kuwi maksude pit Raleigh, pit sing terkenal dek jaman Londo. Turmudi ngguyune paling seru, asale mbayangke temenan, awake Yu Trimah cilik, miring-miring ajar nggenjot pit gedhi.
“Lha aku be ajare tik pit onta, gedhine pok. Opo si kae mereke. Hamler pok ? Tapi seje pit lanang, dadine mending, ora pati-o nyoro. Pite digojeki pak likku. Mengko nak wis biso nggenjot mubeng, meneng-meneng dicolke. Getune kie ho, nek aku ora reti likku wis ngeculke, aku biso tetep nggenjot. Tapi nek reti pitku dicolke, pitku sakkalan ogel-ogel, bar kuwi gabruuukkk…dengkule bonyok, “Turmudi ndongeng. Hehe…jah cilik jaman sakmono tah dengkule longko sing wutuh. Kabeh mesti tau babak, tau korengen nombarang, asale mesti tau tibo, mbuh kuwi playon, pit-pitan opo penekan wit.
“Hi, bererti aku zik mlayan kiye ho…, ajar pite ora tik sepeda onta, asale aku ditokke bapakku pit model anyar, pit jengki. Mbiyek arane pit RRT pok ?”, jare mbak Jum, sakwise nyruput es jeruk.
“Ejiaaan…mbiyek wis duwe pit RRT ha-ah? Kuwi karang pite anake wong sugih si..hehe..persasate kabeh jah cilik mesti cita-citane biso nduwe pit RRT. Pangkate paling duwur kuwi,”jare Turmudi meneh. Pit RRT pancen cekli, dibandingke pit londo. Tasripin kok anteng?
“Pin…. Lha sampeyan piye ajar pite? Opo ujug-ujug biso nompak montor pit ?, Yu Trimah takok.
“Hehe…nyong mono tah ajar pite tik pit mini, weke tonggoku, tur pruthulan. Longko slebore, malah longko sadele nombarang. Pokoke gel rodo loro kambek setang othok wis..,”jare Tasripin. Do gugu meneh ra, lha pit kok longko sedele., nghang numpake priye? Jarene, wong zik ajar be, yo ora perlu njagok nang sedel. Sing penting biso nggenjot. Wong rantene be wudo longko tutupe ok, sitik-sitik ucul, nglempreh, dibenekke meneh. Tapi dinggo ajar cepet biso kuwi, asale cilik, dadine nggenjote wani…
(Yu Trimah zik kilingan pite simbahe . berkone kinclong-kinclong. Ono dinamone, dadine nek dinggo mbengi biso padang kencar-kencar. Slebor karo peleke podo bae kincling. Tapi sakpele dinggo ajar,dadine do cicel. Ora kaiki wis. O, iyo, Pit jaman mbiyek ono penenge. Nek pit-pitan nang nggili, kudu ati-ati, mbopo kecandak cegatan peneng, bonggan biso didendo. Jah saiki tah ajar pite tik pit mini, tur ono cagake roda cilik-cilik, alias pit roda papat).

Sumber : Suara Merdeka, Jumat 1 Februari 2013
Oleh : Iyeng Setiyawati

Warung Megono, 18 Des 2013



POMIT OPO HELEM ?
TASRIPIN, tukang ojek lengganane Yu Trimah, Ket mau isuk dugal dewe karo rambute. Wis di garoni po-o, jik mumbul terus, koyo uwong tesan tangi turu.
Dibiyak pinggir, sigarane ora biso roto, asale uyeng-uyenge ono loro. Dibiyak tengah, raine ketok wagu. Digaroni memburi, dadi jambulen. Mbuh ah, ket mau ora biso rajin. Jajak nek di garoni munggah, mbopo pantes. Gening selot wagu.
Mbuh ah, kalah-kalahe Tasripin teluk, nekat mangkat, rambute madul-madul po-o, sing penting nganggo topi, paling-paling ora ketoro. Mampir sarapan nang warunge Yu Trimah, Tasripin mlebu warung karo nguculi topi abange.
Biasane, Tasripin kerep ora nganggo helem, asale helem e wis semodokan rusak oplok-oplok tur mambune apek. Sak hurunge njagok, dekne nyiwel tahu sumpe panas ndisik.
“Pin, nek kerjo, garuan ndisik ra rambute, men katok rajin,” jare Yu Trimah sing weruh rambute Tasripin ting zrawut ora petho, sing dilokke nyungir kambek ngelus-lus rambute.
“Ha-ah kiye, nyong be dugale pok, ket mau mbengi bar karmas kok biso njegrak ko kiye,” jare Tasripin karo mimpes-mimpeske rambute. Dimimpeske, malah tambah mumbul, ndablege pok.
“Opo dicukur bae Pin, rambutmu. Ojo kalah ra, kambek jah saiki. Pak dicukur model opo bae, kae sedulurku, mesti bisone, salone neng Pesindon,” jare Yu Trimah.
Mbak Jum sing ngrungokke Tasripin gembenggeng perkoro rambut, gugu. Hidikae uwong rambute ketutupan topi utowo helem be pijar semeyang.
“Dicukur koyo Gogon Srimulat sisan si Pin, malah apik. Mumpung nduwure do mumbul ko kuwi,”jare Mbk Jum karo ngempet ngguyu.
Tasripin nyungir othok. Hidilah, gening Gogon, mengko rambute koyo sikat sepatu tah. Yu Trimah gah kalah:
“Opo dicukur bathok bae si Pin, malah silir,” Yu Trimah usul.
Turmudi karo Mbk Jum ngguyu krungu istilah cukur bathok. Kelingan jaman mbiyek, pancen ono kuwi, cukur bathok. Nduwure zk wutuh ketel, ono ponine nombarang, tapi pas sak waket kuping, dicukur resik.
“Timbang cukur bathok, nanggung nju, suko dicukur kuncung bae si, malah ajib, “ jare Turmudi.
“ Jaman mbiyek ono cukur betel ho, sampeyan kelingan porak Kang Di?” Mbak Jum nylemong.
“Opo kuwi, cukur betel?” Turmudi takok. Hehe …karang jah enom, ora menangi istilah betel. Diterangke Turmudi kuwi model cukuran rambut grondrong, poninan, tiru-tiru pemain band “Beatles”, terus ilate uwong Pekalongan kondone “betel”.
Jaman sakmono usume pok. Kabeh jah nom persasate poninan kabeh.
Bar kuwi ono meneh cukuran Koes Plus, rambute gondrong pokoke.
“Hehe… nek saiki tah ono cukuran punk, gothic, opo meneh kae, arane angel-angel. Nak mbiyek yo cukur bathok, cukur lanang, cukur kuncung, opo malah cukur plonthos sisan,” jare Turmudi.
“Punk kuwi sing koyo opo si?” Yu Trimah takok.
Halah, kae si, sing meh koyo cukur plonthos, tapekno bagian tengahe, diturahi rambute nghang dijegrakke. Koyo cukur Gogon, tapekno dowo, kadek githok ketug mbun-mbunan. Pernahe koyo tentara jaman Romawi.
“O… sing ko kuwi. Kiye nyong nak dugal, tak plonthos sisan kiye. Ketoke malah penak, ora sah pijar ngluru garu. Tangi turu po-o biso langsung mancal ojek,” Tasripin komentar.
“Ha-ah bener Pin, dicukur plonthos bae, malah sirahmu  resik, ora dingo balapan tumo,” jare Turmudi setengahe ngece kae si.
Yu Trimah karo Mbak Jum cekikikan, kilingan, dong anu pancen Tasripin tau tumonen. Sing ngonangi Atun, goro-gorone Atun weruh lingso kok nrentep nang rambute Tasripin.
Sakkal dikon seritan karo Yu Trimah. Hidilah, entuk tumo 3. Mugakno bener, dicukur plonthos bae, mengko nak tiru-tiru gondrong, malah nggagar, tumonbe biso menculat, nulari konco-koncone.
Hidilah, ngomongke perkoro tumo be biso marakke gatel. Yu Trimah kukur-kukur dewe.
“Tapi nak dicukur plonthos, ora biso nganggo pomit ra, hehe… jaman mbiyek usum pomit ho, tulisane pomade. Diusir-usirke rambut, dadine klimis. Opo merekke nju?” Turmudi gugu dewe.
” Hehe … Pomit pok ? Ono Japarko, ono Lavender. Nyong kelingan nemen, wadahe bunder lonjong, kadek klenthung.
Gambare nyonya Perancis. Pomite ijo lunyu. Ono sing merek tanco. Terus sing diiklanke nang tipi jaman sakmunu, arane Mandom, “Mbak Jum mangsuli karo gugu kelingan kabeh.
(Turmudi nghang usul : Wis ora usah rebut perkoro rambut, wong bakale ditutupi helem be owk. Lah salahe Tasripin ora nganggo helem, mugakno rambute madhul-madhul.
Jajak nak tertib berlalu lintas, biso enthuk helem gratis kadek satlantas, heleme apik, SNI. Apik kuwi, operasi tertib lalu lintas, sing tertib diwenehi helem gratis. Sakpore kiye satlantas Pekalongan)
Sumber : Suara Merdeka, Rabu 18 Desember 2013
Oleh : Iyeng Setiyawati


Warung Megono, 11Des 2013



RUNTAH, MARAKKE BERKAH
MAMBU plastik kobong, gel nyenggrak nang irung kae. Wong sak warung do keplepeken kabeh, candak kebul larahan sing ijek diobong Atun, rewangi Yu Trimah. Ji Fathur sampek watuk-watuk. Casmadi, Supire gagyak ngelungke banyu wantah bek semodokan lego.
“Kiye jah siji karang ngengkele pok, wis dikandani ojo ngobong runtah neng knu, kebule mlebu ring warung kabeh, ndaraki opo, : Yu Trimah marani atun, gregeten kae si.
“Lha niki mau larahane dieker-eker kalih tukang rombeng, mangklihi madul-madul sadhanten,” Atun mangsuli. Tangane kambek nyunduki larahan kathek gagang sapu prothol sing pucuke diwenehi paku reng.
“Ha-ah, tapekno ojo diobong ra weng. Opo maneh plastik-plastik ko kuwi, kebule marahi sanget kabeh ra. “Yu Trimah kondo maneh, terus njaluk maaf kambek tamu-tamu warunge.
Pak guru Slamet wahing ping papat, terus gagyak komentar :” larahan saiki kambek larahan mbiyek, nek diobong mambune seje ho?” Tangane ndudut setangan kadhek celonone.
“Iyo tah seje, mbiyek larahan kuwi dicemplungke jubangan othok, nek wes kebek gari dihurugi. Nggawe maneh ning pedeke. Mandarin biso dinggo rambuk,” Ji Fathur nyauti.
“Bener ji, karang mbiyek iku longko larahan kadek barang gawean pabrik kotomono plastik. heheO… aku kilingan, mbiyek kae ember bodol kadek plastik atom kambek teplek plastik anti patah, ora diguwak, asale payu diijolke brondong opo jipang, uwonge ider turut kampong,”pak guru Slamet nambahi, setengahane gugu kae si kilingan teplek sing ajib dewe jaman sakmono, teplek “lily”. Zaman mbiyek denese wis ono daur ulang sampah.
“barang plastik zik arang kuwi. “Plastik kuwi kethoke tembene ono yo pertengahan tahun suwidakan,” Ji Fathur beneke kupluke.”nyong be jek kelingan, mbiyek kae sing arane ember, be kadek sing si ho?”Turmudi kelingan ember gedhi sing cok dinggo ngumbahi klambi ono kupinge kiwo tengen.
“Opo  kuwe jek menangi ember gembreng Di?”pak guru Slamet takok.” Yo ijek ra, nk ngangsu be ijek timbo seng ok, Turmudi mangsuli.
“HeheO ha-ah, mbiyek kae ono tukang patri sing mider turut kampong, gaweane nembeli ember opo baskom borot,” Ji Fathur nambahi.”Saiki kabeh serba plastik ho? Nggejah kae wis. Kadek beras ngantek trasi, buku sampek klambi, jajane Yu Trimah nombarang wadahe plastik kabeh,” Turmudi nyawang jagokane.
Bicoro lemari kambek lawang kolah be kadek plastik.
Mugakno nek pecinta lingkungan podo gembar-gembor ngelikke sediluk maneh ndonyane kelelep plastik, yo seje ndospok othok, karang plastik kuwi ora bakal ajur opa maneh bosok, “pak guru Slamet kondo ko kuwi, seriuse pok.
“Ha-ah, kudune didaur ulang. Lha kae ono kumpulan sing ajib nemen si nang Bendan Timur. Arane Bina Keluarga Remaja (BKR) Kuncup Mekar. Kegiatane nglumpukke larahan sing payu didol-arane sampah anorganik-kadek warga, istilahe be ajib ok, “sedekah sampah”, asale warga sing ngekeki larahan kuwi, ora dibayar. Saiki mandaran wis dikembangke dadi Bank Sampah, “Turmudi nyeritake kambek bangga, asale nang Pekalongan wis ono pelopor pemberdayaan sampah.
“Nyong during paham kiye, kok ono sedekah runtah, Bank Sampah kuwi denese op, Kang ?” Yu Trimah getun, karang nembe krungu saiki.
(Denese runtah utowo larahan kuwi ijek akeh manfaate. Contone sedekah sampah sing dikandake Turmudi, warga podo setor sampah anorganik sing wes diresiki maring BKR Kuncup Mekar, sukarela. Lingkungane dadi resik, tur biso nggo amal sisan. Sampahe diolah liwat Bank Sampah : setoran sampah diregani Rp 1.500 sampek Rp 2.250 sekilone, tapekno duwite didumpas nek Bakda. Sampah anorganik, kotomono plastik sing wis diguntingi biso digawe barang-barang sing payu didol. Umpamane tas blonjo, wadah koran, kap lampu, klasa, sajadah nombarang. Ajib ho? Keluarahan endi maneh sing apak tiru kiye)
Sumber : Suara Merdeka, Rabu, 11 Desember 2013
Oleh : Iyeng Setiyawati

Warung Megono, 4 Des 2013



BADUY SOBO MANTEN
Warunge yu trimah katok semringah. Panganan, lawuh, wis matengan kabeh. Mambune sedep kemebul ketug tapsiyun. Sotong ireng ndendeng sing disenengi wong-wong, wis diwadahi baskom putih. Pernahe ngglabet kae, tur sotonge menthek-menthek katok mempur. Tempene wis dintas, wis dirayah sing tuku, ora mbodhi po-o, larise pok. (mbodhi, maksude ombo gedhi, koyo empene tauto nang medono).
Sing genah semringah, pancen bakule. Yu trimah nganggo klambi jambon, bengese podo bae jambon, pupure tipis roto, malah marakke ketok seger koyo es setrup.
Lha kiye ra, sing marakke selot semringah: turmudi wis jagok nang pojokkkan warung, sak wise absen telung dino ora sobo warung. Pancen pamit pak ring jakarta, kondangan sohobe mantu. Kae si, sohib sing biyek ngejak nginep nang baduy dalam. Mugakno bareng njedhul nang warung, ditakokke:
“Endi kiye oleh-olehe kadek Jakarta.....?” Takok ko kuwi kambek ngiling teh panas kadek ceret.
Sing ditakokki  mesam-mesem ping telu, bar kuwi ngelungke tas kresek. Isine gedhang gebyar dowo-dowo.
“Gening kadek Jakarta oleh-olehe gedhang gebyar kang, koyo kadek Subah othok...”
“ His...kiye seje gedhang gebyar biasa nju...kiye gedang gebyar ajib, asli kadek Baduy, ndaraki opo,” jare Turmudi karoan ngetokke udute kadek sak klambi. Ha jare kondangan nang Jakarta, lha kok biso ketemu wong Baduy kuwi priye? Opo Turmudi lungo ring Baduy maneh? Tasripin melu ngrungokke kambek mucu-mucu ngetamel  tahu sumpel. Sing dinteni dongengane zik nyruput teh panas. Hidilah... Kiye wedang teh opo geni si? Ilat sakkalan keslomot kiye, bonggan biso srawanen.
“Didamun disik  ra kang... Karang kuwi jarang tesan umob,” jare Yu Trimah. Turmudi ngipasi ilate sak menit, bar kuwi tembene biso ndongeng.
Njagong manten nang Jakarta, dayohe penthol : wong Baduy Dalam ! Priye ora penthol?  Ben biso njagong nang Jakarta dino minggu mbengi, wong-wong kuwi wis mangkat kadek desone ket dino senen, mlaku tur ngodhok, ora nganggo teplek opo meneh sepatu. Ketug Jakarta dino Jumat sore, nginep nang omahe koncone, bar kuwi Setu awane tembene mlebu hotel sing wis dicepaki karo sing nduwe gawe. Wong limo kadek Baduy Dalam, arane pak Sardi, pak Sadim, Idong, Didong, Dede. Sing Kadek Baduy Dalam nusul dino Setune, asale biso numpak montor, dadine mangkate enter-enterean.
“Hidilah...mlakune berarti patang ndino kang? Opo ora empoh ho sikile...,” mbak Jum komentar. Ha-ah, patang ndino, asale angger awan semodokan sore wis tapuk udan, dadine do ngiyup ndisik karoan liren. Nek ora udan yo biso telung ndino othok. Pancen sakpore kuwi, wong-wong Baduy gelem do teko njagong, dilampu mlaku pirang-pirang ndino.  Yu Trimah malah tertarik karo hotele.
“Kuwi do nginep nang hotel kang? Lha opo reti carane munggah nang lift?”
“Kuwi tah gampang nju, wong Baduy kuwi cerdas-cerdas, dituturi sedilut wis do biso nganggo lift, padahal kudu tik kertu nombarang. Biso nganggo kakus, keran banyu, shower, ngurupke-mateni AC. Retinan owk. Sing ajib bareng tekan mantenane. Nang mantenan, wong Baduy dadi daya tarik dewe. Akeh dayoh do getun, opo kuwi wong Baduy temenanan, opo wong biasa tik kostum Baduy : klambine ireng-putih, Udenge putih nek Baduy dalam, lha sing Baduy luar klambine ireng udenge biru tuo. Bareng reti pancen nek wong Baduy temenan, akeh dayoh sing do njaluk poto bareng, hehe...” Turmudi nerangake. Bareng reti wong-wong kuwi mlaku kadek desone, wong-wong selot getun : kok kuat ho, mlaku tur ngodok 3-4 dino? Kok gelem do moro ring mantenan ho?  Opo zik sedulure sing mantu ? Perjalanane wong Baduy mangkat mulih mlaku tur ngodok kuwi ngetokke paseduluran sing sakpore si ho, ora biso dilironi tik opo bae.
“Nang mantenan terus podo ngopo bae kuwi kang? Doyan suguhane Manten?” Yu Trimah takok. Doyan bae, wong-wong Baduy yo do pede ngantri panganan prasmanan. Sing dipantang Cuma iwak wedus. Ndilalah Suguhane akeh seng tradisional, dawet, ronde, leker, glali, es gulo asem. Rakhat.”
Bar kuwi zik do mbahas meneh : nang opo kok ora entuk ngaggo teplek/sepatu? Nang opo kok ora entuk nompak kendaraan ? “ Ha-ah kang... Nang opo si, wong Baduy Dalam ora entuk nganggo teplek opo sepatu?” Mbak  Jum takok meneh.
(Denese jawabane sipil : men tetep sederhana, opo onone, ora neko-neko. Sederhana, tapi akibate biso luwih jeru meneh, men menyatu karo terhubung kambek alam; podo bae kambek alasan, kenang opo ora entuk numpak kendaraan. Asale teplek karo kendaraan, biso marakke ilang sipat nrimone. Kendaraan biso marakke ndonya ciut, tapekno nganggangke hubungane masyarakat).

Sumber : Suara Merdeka, Rabu, 4 Desember 2013
Oleh : Iyeng Setiyawati