Jumat, 25 April 2014

Warung Megono, 21 Juni 2013



Rezeki Kucing Manak
FATIMAH, anake Yu Trimah rekene wis seminggu kiye gebrek terus karo kucing. Asale izik usum kucing kawin, tapi onggrongan kae si, kucinge pijar ao-ao karo mbeker-mbeker nang nduwur gendeng omah karo warung. Ora kuwi othok, kucing sak wernane, sing ireng, putih, kembang telon opo kembang asem, ting glodak do kerah karo saingane. Mbudheki kuping. Mugakno Fatimah gregetene pok.
Biasane sing klakuane ko kowi, ngudak-udak kucing, yo Atun. Tapekno saiki Fatimah gel melu-melu kae, tur luwih juwet. Nggowone ciduk isi banyu. Ngko nak digusah has hus ora ngrewes, karo mindik-mindik, banyune digebyurke munggah. Kapokmu kapan…kucinge sak kalan njranthal. Tapi, sing ireng minggat let sedilut teko maneh, genti sing putih.
Gebyur meneh ra..gagang sapu nembarang diacung-acungke. Kucinge mlayu nggenjrit, tapekno banyune nyirati pemean nang ngisor tritisan. Hidilah..Yu Trimah setengah gugu ndelokke petingkahe Fatimah, tapekno setengah kaku nyawang kumbahan cepel do klebus meneh.
“Opo meneh si Fat, kucing teng glodak karo mbeker be wis rame….kok kowene malah semeang!”, denese Yu Trimah gugu dewe. Anak wedoke ontang anting wis mangkat prawan, tapekno kelakuane cok zik koyo jah cilik. Disawang simake kokuwi, Fatimah semodokan isin.
“Kiye si mak…ndewe kiye saiki di kepung, omah karo warunge di nggo jak-jakan kucing. Nang gendeng, kucing kawin udak-udakan. Kae nang pojokan kae, ono kucing manak. Anake limo, ono sing kembang telon. Enggo selot akeh-selot akeh mak, kucing nang ngomahe ndewe. Lucu si mak nak ndelokke anak kucing do dolanan. Tapi mengko nak nggondol lawuhe warung, yo ra lucu meneh. Pak tak gusahi bae, men ora nang kene”, Fatimah mangsuli kambek nyungir. Gagiap njupuk anduk pak adus.
Pancen ok nek akeh kucing kuwi marakke sungkan nek kerah opo meneh pak kawin, semeange pok, udak-udakan cok marakke tanduran do ambruk, utowo pot do pecah ting slengkrah. Ono wong mangan, njangus karo ngeang-ngeong terus. Alemane pok, awake di usel-uselke, karo-an buntute dijengatke munggah. Ora kabeh wong seneng karo kucing, ono sing sengit, ono sing gigu, ono meneh seng girapen. Nek ngregoni wong do marung, nggagar ra…during meneh perkoro tembeleke. Nek nang latar ono siji bae kucing sing ngising, mambune srang-sreng ora ilang-ilang. Njelehi ah..
“Wis mateng nju?”, moro-moro Pak Guru Samet mlebu warung. Yu Trimah kaget.
“Gening gasik Pak Guru? Saking pundi, yahmenten empun dugi”, Yu Trimah sakkal nggawe the.
“Apak rapat neng Dindikpora nju, kiye apak mbahas pilihan bahasa daerah”, jare Pak Guru.
“Lha nopo ajeng dikurangi jatahe guru-guru sing ngajari boso Daerah? Usul pak Guru, denese teng Pekalongan boso daerahe nggih boso Pekalongan”,Yu Trimah usul. Pak Guru Slamet milih njagog nang nggon biasane. The angete wangi meleti, siap disruput.
“Lha kiye apak di rembug mateng bahan endi  sing apak dilebokke kurikulum karo endi sing ora. Gedang gorenge enak kiye nju. Gedang sobone tuwo tur gede-gede. Karang akeh udan, coke lemahe subur ho..”, jare Pak Guru Slamet ngethamel.
“Oo ngoten nggih. Mugo-mugo pemerintahe ndewe purun ngusahakke kersane boso Pekalongan mboten ilang”, Yu Trimah gaya kae si, ngomongke pemerintah nombarang. Moro-moro ono meneh kucing udak-udakan nrabas pekarangan warung.sinng siji kucing ireng sing mau wis di gebyur Fatimah. Ngudak-udak kucing putih.glodhag…bak buk… klonthaaaaang…grombyaaaang…hidilaaaahh. Malah teko meneh loro, ao-ao karo mbeker-mbeker serune pok. Yu Trimah sampek njenggirat lap-lapan. Pak Guru Slamet be nyrupurteh sampek tehe  kecret owk. Ngelus dodo…dhasar kucing, seje menungso.
“Usum kucing kawin karo kucing kerah ho nju ?”, pak Guru Slamet ndelehke cangkir gelase. Entek gedang goreng siji, wekas sarapan garang asem.
“Nggih, niku, Fatimah gebrek ribut saben dina ngurusi kucing kawin, kucing kerah, kucing manak, onggrongane pok”, Yu Trimah mangsuli. Tasripin teka, sakkalan njukuk gedang goreng. Nyauti:
“Bener Fatimah ra nju, ono kucing gebrek, di gusahi. Jarene simbah, nek kucing do kerah nang nduwur gendeng opo pyan, marakke sing nduwe omah gebrek karo bojone si...”, jare Tasripin.
“Mosok si Pin... la nyong pak gebrek karo sopo, mben dino ono kucing gebrek nang gendeng, tapi onone nyong karo Fatimah othok? Coke tahayul Pin”, Yu Trimah nyauti karo ngguyu. Biasa ra.. Tasripin sakkal ngedrel. Kucing kuwi singit si, marakke kuwalat. Opo meneh nek sampek nyetir montor, opo kendaraan, terus nubruk kucing sampek mati. Bonggan wis, bakale apes. Asale jarene meneh kiyi ho, kucing kuwi nyowone pitu. Ora gampang matine. Nek sampek nubruk kucing sampek mati, yo ketulah temenan ! Pak Guru Slamet karo Turmudi sing tesan teko, mesem ngrungokke Tasripin.
“Nak aku retine kiye ho...wong Jowo nduwe kepercayaan, nekomah kerep dinggo manak kucing kuwi apik, ngrejekeni. Lha iki Yu Trimah kan warunge laris si. Biasa nggo manak kucing sedino-dinone..”
“Ngono ho kang? Aku tau krungu si wong-wong tuo jaman biyek sok do ndongeng kokuwi. Tak daraki tahayul ! Tapi koyone opo bener ho ?”, Yu Trimah semangat kae si.
(Nang jero batine pancen ngakoni nak warunge nembe dibuka be wis langsung laris. Biso dijagakke nggo urip. Ndilalah bae, pancen omahe karo warunge kerepe pok nggo manak kucing. Nang teras, nang sepen, nang pyan, nang ndi bae wis, sakkarepe kucinge. Tapi mosok si, kucing biso ngrejekeni? Kuwi anggepane wong-wong. Pak ora ah...sing mesti, kucing kuwi kewan kesayangane Nabi Muhammad. Ngeman karo kewan, podo bae ngeman penciptane si ho..?)

Sumber : Suara Merdeka, Jumat 21 Juni 2013
Oleh : Iyeng Setiyawati



Tidak ada komentar:

Posting Komentar