SI
KUNCUNG
KUCING
kuwi denese sing dipikir opo ho ? Ketip-ketip matane ndelokke Tasripin, tukang
ojek, mangan nganggo pindang teri, pernahe kemecer kae si. Lha gulune ketoke
munggah-mundur, ok. Cleguk. Nek Tasripine nglinguk ndelokke, si Timus sakkalan
clingus, tur matane kriyip-kriyip dimelas-melaske. Wis masang rai melas ko kuwi
sampek suwi po-o, Tasripin gel ora retinan kae si, zik wutuh neruske mangane, ora
sosial babarjid. Mendhing-mendhing, timbang kucinge njangus terus, diwehi
secuil po-o si... Tapi Tasripin dewe wetenge wis samprohan ket mau, dadine ora
ngrewes.
“Puuss..puus...mene
puss..,” Yu Trimah gagiak ngundang kucinge. Diuledke sego pindang meneh. Timus
mangan gelise pok. bar kuwi klamet-klamet, sikil ngarepe didilati terus nggo
raup. Wis ora urusan karo piringe Tasripin meneh, mlengkungke geger, terus
ngruntel nang nduwur keset.
Turmudi
karo kang Dikin sedulure, mlebu warung biso pas bareng Mbak Jum sing nggowo
majalah anak-anak sak tumpuk. Majalahe dizrokke nang mejo, bar kuwi wekas es
jeruk. Mendung-mendung po-o tetep es ngombene.
“Kok
nggowo majalah anak-anak iku nggo opo mbak..?” Yu Trimah takok kambek ngelungke
pesenane Mbak Jum. Ooo apak dijilidke, terus disumbangke perpustakaane SD nang
pedhek omahe.
Taspirin
melu-melu ndeloki. saiki tah wacan nggo bocah kuwi remo-remo, ora koyo mbiyek.
Paling-paling onone komik HC Andersen. Jaman sak mono ora tuku, tapekno nyelang
kadek persewaan komik, Biasane komike wislungsep, kertase wis soklat tur wis
nglunthung utowo pating tlekuk.
“Eh, lha
saiki opo toko Karuhun izik ono Di,” Dikin, sing wis suwi manggon nang Suroboyo
takok kambek Tumudi.
“Izik.
Zik wutuh koyo mbiyek. Nang opo kok sampeyan takok? Kilingan dikongkon pak lik
tuku buku Api di Bukit Menoreh Pok,” Turmudi genten takok.
Jaman
sakmono, sopo sing ora reti toko Karuhun nang Pekalongan? Toko sing adol koran,
majalah kambek buku crito seri sing komplit dewe. Kang Dikin gugu, asale mbiyek
nek dikongkon pak lik-e tuku nang kono, mesti boncengan karo turmudi.
Nggendhune pok kae. Pertamane takok ndisik, buku Api di Bukit Menoreh sing
anyar wis ono opo hurung. Nek bukune wes ono, kondone mbek pak lik-e mesti
tekone ngesuk. Dhuwite ora dijaluk, ngesuk dikon mbaleni meneh tuku bukune .
Lha kuwi sing pancen dienteni Kang Dikin. Bukune diwoco ndhisik sampek rampung,
tembene ngesuke diwehke pak lik-e. Padahal zaman sak mono zik kelas papat SD,
tapi wis seneng moco buku crito silat karangane SH Mintareje, senengane wong
tuwo-tuwo.
“Lha
jaman mbiyek sitik thok si ho wacang nggo bocah cilik..jaman tahun pitung
puluhan,” jare Dikin. Akeh-akeh komik silat Ko Ping Hoo. Hidilah, nek luru
komik kuwi, biasane nyelang kancane opo nyewo nang persewaan, gel niate pok.
Persasate persewaan komik sak Pekalongan wis dijak-jak kabeh.
“Nek
nyong yo senenge komik HC Andersen. Gambare apik, critane opo mmaneh..,” jare
Mbak Jum. Yu Trimah podo bae seneng. Tapi ciweke pok, neh critone marakke
susah, mesti mocone kambekan nangis. Turmudi molak-malik majalah sing digowo
Mbak Jum.
“Kiye
ho...mbiyek durung ono majalah Bobo, opo meneh komik Donal Bebek, Paman Gober,
Doraemon ko kiye. Aku kilingane pok, mbiyek kuwi majalah anak-anak yo siji
othok, arane Si Kuntjung, tulisane zik nganggo ejaan lawas : k-u-n-t-j-u-n-g
...hehe..,” Turmudi bungahe pok kae.
“Kuwi
tahun piro si, aku kog ora tau tumon..,” jare Yu Trimah. Turmudi ngguyu. Lha
karang Yu Trimah izek enom. Mbak Jum zik reti. Tapi sedilut othok, asalae bar
kuwi wis ono majalah Bobo.
“Kuntjung
kuwi wis kuno tah...kuwi majalah anak-anak sing pertama ketoke nang Indonesia.
Nek ora salah kiye ho, ket sak hurunge tahun sewidak. Nyong reti, asale sampek
saiki zik nduwe majalah Kuncung sing ejaan anyar. wong tahun 1976 be wis tahun
ke XIX owk,” kang Dikin nerangke.
“Penulise
nyong kilingan nemen : Soekanto SA, Hendrawan Nadesul..,” Turmudi nyauti.
“Lha
nyong retine Bobo, kuwi bnyelang nggon tonggoku sing paling sugih. Sak kampung
nek ndelok tipi yo nggruduk mono,” jare Yu Trimah. Hehe..jaman sakmono, buku
wacan, opo meneh tipi, zik dadi barang mewah, wong sugih othok sing do tuku.
“Aku
mbiyek saking pingine nduwe wacan, kae si..lembar anak-anak nang koran, tak
kethoki, nghang tak lim, kotomono tak jilid. Korane njaluk nggon lik ku, koran
sing wis ora kanggo. Tak luru sing dino Setu, mesti ono lembar anak-anak-e.
jaman sakmono apak tuku majalah Kuntjung be ora kuwat. Mugakno dilampu ngapusi
pak likku, nyekethemi bukune men biso moco ndisik saking ora sabare, jare kang
Dikin meneh.
(Hehehe...jah cilik jaman saiki wis penak, wacan sak pirang-pirang. Wong
tuwone akeh sing biso lengganan. Sing ora biso tuku, biso nyelang nang
perpustakaan, utowo nyewa nang persewaan. Sayange akeh-akehe isine majalah,
buku novel utowo komik kadek luar kabeh, Jepang karo Korea...)
Sumber : Suara Merdeka, Jumat 11 Januari
2013
Oleh : Iyeng Setiyawati
Tidak ada komentar:
Posting Komentar