Jumat, 25 April 2014

Warung Megono, 22 Feb 2013



SABEN REBO
Mlayan kiye...udane wis ora saben ndino. Biso dinggo mepe kasur sing ketrooohan. Yu Trimah sing apak ngebleki kasur getun, moro-moro ono wong dodolan tahu aci, masang songkro sak kompore nang ngarep lawang rajek omahe. Reti tahu aci si ho ? Kae si.. tahu sing diiris tipis dadi sewu mbuh ora, terus dipopoki aci sing kandel, digoreng. Songkrone jentrek-jentrekkambek bakul liyane. Pokoke rajek wesi omahe Yu Trimah ujug-ujug mangklih. Ono sing nyanthel-nyanthelke klambi tik cantholan nang kono, sebelahe meneh dinggo majang dolanan bocah, kadek golekan ketuk bedil-bedilan. Selot sore selot rame. Mangklihe sak dawane dalan nang kampunge Yu Trimah, wis kebek wong dodolan.
Ejian ahh...ramene gel pok, denese ono opo si? Wong dodolan poso regudugan mlebu kampung. Ono sing til mabil, ono sing tik tenda, ono sing tik songkro, ono maneh sing nggelar othok tik terpal plastik. Lha kiye si sing diarani “party” alias pasar tiban. Singkatane apik ho? Persatuan bakul nang pasar tiban wis do nyepakati nak apak bukak dasaran. Jadwale kampbek panggonane wis digawe koyo lis kae si. Dino kiye nang dalaln Sumatra, ngesuk nang Panjang, ngesuke maneh nang kraton, ganti meneh nang Bumi Rejo, ko kuwi mubeng terus. Lha sing saiki, pas nang kampunge Yu Trimah. Sak hurunge wis diumumke nek pasar tiban apak digelar nang kono. Dinone saben Rebo.
Fatimah anake Yu Trimah, bali kadek sekolahan, gagiak bae metu ngomah, apak ndelok pasar tiban. Bar kui gagiak laporan. Opo bae ono, jarene.
“Mak, jare pak luru daster lowo. Lha kae si, pijar lungo ring Setono, nang ngarepan bae ono daster lowo, sing jumbo be ono,” Fatimah kanda ntrecel kambek nyawang simake sing pancen setengehe jumbo.
“Gagiak mak, selawe ewunan. Kudung apik-apik, limang ewu. Teplek sing modele koyo Croc, biso ceples kae, ono sing limolas ewu, paling larang selawe ewu. Wong tas koyo wekw lik Sutri kae be limolas ewunan ok....!” Fatimah semranthal metu maneh.
Mangklihe Yu Trimah kambek tonggo-tonggone podo regudugan apak ndelok. Jebule dodolane remo-remo, persasat nang pasar, kabeh barang kebutuhan ono kabeh. Kadek klambi ketug pu[ur. Perkakas rumah tangga ketug dolanan bocah, ono kabeh. Apak luru celengan, opo apak blonjo tahu tempe kambek sayuran, biso bae. Tanduran be ono remo-remo, kadek kembang anggrek ketug bibit jambu Bangkok. Helem nombarang ono. Sedulure Yu Trimah, arane lik Parti, dodolan klambi, apik-apik tur murah-meriah.
Kalah-kalahe, ora do ndelok othok, ibu-ibu rombongane Yu Trimah mangklihe do blonjo. Yu Trimah tuku tas kambek baju gamis, mumpung murah. Bu Kasiran entuk taplak mejo kambek teplek jinggrik. Bu Siti tuku telenan kayu kambek kemoceng. Tambah maneh kudung sing ono kerlip-kerlipe.
***
Gel persis nang pasar malem kae si, lampune padang njingglang, wong karang ono sing nyewakke aki nggo ngurupke lampu-lampu neon. Dolanan odong-odong, pancingan hadiah, ikan hias, yo mesti bae ono, mugakno jah cilik do kempriyek ramene gel pok.
Lha kae ono sing adol sajadah, kupluk, baju koko nombarang. Kabeh murah-meriah.
“Bakul gemblonge pundi,” Bu Sri takok, luru gemblong. Asale penasaran, tau krungu dong pasar tibane dijentrek nang Kraton, jarene ono bakul gemblong, sing dodolane larise gel pok,saking larise sampek tukune antri, di wehi karcis koe,ndaraki opo...hidihlah,wong apak tuku gemblong be pijar antri karcis,koyo pak suntik othok kae si.
Yu Trimah mangklihe ngetoke dwet satus ewu punjul,nggo tuku gamis nang lik parti,kudung,serbet nggo nang warong,teplek croc getokan kambek jepet kuciran remo-remo nggo Fatimah. Tapi yakin po-omurahe gel pok. Kabeh barang sing di didol nang pasar tiban gel biso kompak kae,murah kabeh. Coke ora bayar pajek tur ora bayar retribusi koya nang pasar kae ho,batine yu Trimah.deweke mbaleni metu maneh,nambahi tuku termos kembek ceret nggo warunge.
Mugakno nak ono pasar tiban, sing tuku seje wong kampung kono othok, tapekno akeh sing ngujo teko mrono, asale pak do luru barang sing murah koyo nak tuku nang bazar kae. Lha Turmudi be mrono ngejak Taufik, apak luru sempoa, asale Taufik wis apak dileske sempoa. Ajib, sempoa be ono, tur luwih murah.
Turmudi dadi kilingan kojahane wong-wong nang kantore, jarene pasar tiban kuwi pasare rakyat, tumon-tumon mencungul dewe kadek kebutuhan ekonomi sakpele krismon kae si. Lha priye, wong-wong kuwi apak dodolan nang pasar, wis ora kumanan panggonan. Apak gawe toko dewe, ora ndowe modal. Mangklihe do gawe kotomno paguyuban pok arane, do dodolan bareng-bareng bae men biso medeki wong tuku.
(Turmudi mbatin, sing arane pasar kuwi pancen biasane mencungul dewe, nagnut kebutuhane wong sing adol karo sing tuku. Panggonane be podo bae, manggrok nang nggon sing biasa diluru wong-wong. Mboh kuwi, kok ono sing kondo, jare pasar tiban kuwi biso mateni pasar kambek warung tradisional, asale pasar tiban kuwi sengojo medeki konsumen, regane murahe pok. Lha mengko nak pasar tibane wis ngalih, mangklihe warung-warung dianggep larang ra... mugakno jarene kiye ho, pasar tiban kuwi biso mengancam pasar kambek warung tradisional, ngungkuli supermarket. Kepriye ho, nyatane party kuwi larise pok....)

Sumber : Suara Merdeka, Jumat 22 Februari 2013
Oleh : Iyeng Setiyawati

Tidak ada komentar:

Posting Komentar