RUNTAH, MARAKKE BERKAH
MAMBU plastik kobong,
gel nyenggrak nang irung kae. Wong sak warung do keplepeken kabeh, candak kebul
larahan sing ijek diobong Atun, rewangi Yu Trimah. Ji Fathur sampek
watuk-watuk. Casmadi, Supire gagyak ngelungke banyu wantah bek semodokan lego.
“Kiye jah siji karang
ngengkele pok, wis dikandani ojo ngobong runtah neng knu, kebule mlebu ring
warung kabeh, ndaraki opo, : Yu Trimah marani atun, gregeten kae si.
“Lha niki mau larahane
dieker-eker kalih tukang rombeng, mangklihi madul-madul sadhanten,” Atun
mangsuli. Tangane kambek nyunduki larahan kathek gagang sapu prothol sing
pucuke diwenehi paku reng.
“Ha-ah, tapekno ojo
diobong ra weng. Opo maneh plastik-plastik ko kuwi, kebule marahi sanget kabeh
ra. “Yu Trimah kondo maneh, terus njaluk maaf kambek tamu-tamu warunge.
Pak guru Slamet wahing
ping papat, terus gagyak komentar :” larahan saiki kambek larahan mbiyek, nek
diobong mambune seje ho?” Tangane ndudut setangan kadhek celonone.
“Iyo tah seje, mbiyek
larahan kuwi dicemplungke jubangan othok, nek wes kebek gari dihurugi. Nggawe
maneh ning pedeke. Mandarin biso dinggo rambuk,” Ji Fathur nyauti.
“Bener ji, karang
mbiyek iku longko larahan kadek barang gawean pabrik kotomono plastik. heheO…
aku kilingan, mbiyek kae ember bodol kadek plastik atom kambek teplek plastik
anti patah, ora diguwak, asale payu diijolke brondong opo jipang, uwonge ider
turut kampong,”pak guru Slamet nambahi, setengahane gugu kae si kilingan teplek
sing ajib dewe jaman sakmono, teplek “lily”. Zaman mbiyek denese wis ono daur
ulang sampah.
“barang plastik zik
arang kuwi. “Plastik kuwi kethoke tembene ono yo pertengahan tahun suwidakan,”
Ji Fathur beneke kupluke.”nyong be jek kelingan, mbiyek kae sing arane ember,
be kadek sing si ho?”Turmudi kelingan ember gedhi sing cok dinggo ngumbahi
klambi ono kupinge kiwo tengen.
“Opo kuwe jek menangi ember gembreng Di?”pak guru
Slamet takok.” Yo ijek ra, nk ngangsu be ijek timbo seng ok, Turmudi mangsuli.
“HeheO ha-ah, mbiyek
kae ono tukang patri sing mider turut kampong, gaweane nembeli ember opo baskom
borot,” Ji Fathur nambahi.”Saiki kabeh serba plastik ho? Nggejah kae wis. Kadek
beras ngantek trasi, buku sampek klambi, jajane Yu Trimah nombarang wadahe
plastik kabeh,” Turmudi nyawang jagokane.
Bicoro lemari kambek
lawang kolah be kadek plastik.
Mugakno nek pecinta
lingkungan podo gembar-gembor ngelikke sediluk maneh ndonyane kelelep plastik,
yo seje ndospok othok, karang plastik kuwi ora bakal ajur opa maneh bosok, “pak
guru Slamet kondo ko kuwi, seriuse pok.
“Ha-ah, kudune didaur
ulang. Lha kae ono kumpulan sing ajib nemen si nang Bendan Timur. Arane Bina
Keluarga Remaja (BKR) Kuncup Mekar. Kegiatane nglumpukke larahan sing payu
didol-arane sampah anorganik-kadek warga, istilahe be ajib ok, “sedekah
sampah”, asale warga sing ngekeki larahan kuwi, ora dibayar. Saiki mandaran wis
dikembangke dadi Bank Sampah, “Turmudi nyeritake kambek bangga, asale nang
Pekalongan wis ono pelopor pemberdayaan sampah.
“Nyong during paham
kiye, kok ono sedekah runtah, Bank Sampah kuwi denese op, Kang ?” Yu Trimah
getun, karang nembe krungu saiki.
(Denese runtah utowo larahan kuwi ijek akeh manfaate.
Contone sedekah sampah sing dikandake Turmudi, warga podo setor sampah
anorganik sing wes diresiki maring BKR Kuncup Mekar, sukarela. Lingkungane dadi
resik, tur biso nggo amal sisan. Sampahe diolah liwat Bank Sampah : setoran
sampah diregani Rp 1.500 sampek Rp 2.250 sekilone, tapekno duwite didumpas nek
Bakda. Sampah anorganik, kotomono plastik sing wis diguntingi biso digawe
barang-barang sing payu didol. Umpamane tas blonjo, wadah koran, kap lampu,
klasa, sajadah nombarang. Ajib ho? Keluarahan endi maneh sing apak tiru kiye)
Sumber
: Suara Merdeka, Rabu, 11 Desember 2013
Oleh
: Iyeng Setiyawati
Tidak ada komentar:
Posting Komentar