Senin, 28 April 2014

Warung Megono, 20 Nov2013


          Roti Bapel Mel-Mel                                                                                                                                                                      
MLAYAN kiye, howone wis biso dijak brayan, asale wis tapuk udan. Wit-witan wis ketok seger, ora ngglapuk kantepen bledug meneh. Manuk prenjak karoan trocoh kemricek bungah nutuli kersem sing abing-abing mateng.
Pernahe saingan karo Atun, rewange Yu Trimah sing zik sregep ngranjuki pang kersem, methiki sing menthilis gemadung, nghang disaki. Gel koyo bocah cilik kae si, padahal wis gerang.
“Pak ora si nju, karang hiburane kuwi othok, dimaklumi bae, nostalgia zaman cilikane nang ndeso,” jare Mbak Jum, ngomentari Yu Trimah sing getun ndelok kelakuane Atun ngranjuki kersem.
“Ha’ah, karang ora kaiki, zik mending ora menek menduwur ho,” Yu Trimah mangsuli.
Manuk grejo do mabur ting bleber, sedilut ngadoh, sedilut meneh teko sak rombongan. Kemriceke ora liren-liren. Timu,  kucing telone Yu Trimah, gregeten mandeng bae sampek kero. Mbak Jum marani baskom nang mejo tengah warung, ndeloki jajanane. Dengaren ono kamir.
“Lha kiye kok ono kamir nju. Titipan kadek ngendi. Hi, nyempluk-nyempluk pernahe mingini kae, “ Mbak Jum njupuk siji, sak kal mak jlem. Empuk, enak zik anget.
O, titipane lik Darsumi, Podosugih. Mangklihe kelingan zaman cilik mbiyek, ben esuk ono sing ider kamir liwat ngarep omah. Towone lucu kae si: “Miiir anget! Miiir anget!”
Biasane ibuke Mbak Jum tuku nggo sarapan. Enak , kamir anget dipangan isuk-isuk karo nyruput wedang teh. Malahan cok digowo nggo sangu sekolah, karang kuwi termasuk panganan favorit.
Turmudi melu-melu njukuk kamir. Dicuwil, nghang dicelupke kopine. Sedep kowe, ndaraki opo, kalah-kalahe ora sido sarapan sego, wis wareg kamir telu.
“Eh, saiki longko wong ider jajanan nang loyang ombo terus digendong tik lendang ho? Enak-enak kuwi jajan,” Turmudi moro-moro kilingan, adole remo-remo.
Lapis, lapis ijo, jongkong, cengkulun, kuwe latok, talam kentang, talam bumbu. Opo meneh ho?
“Gedang plenet, ketan biru, roti bapel, kue ku, kue lumpur,wajik, bugis…” Yu Trimah nyauti.
Hehe… paling penak kiye kojahan perkoro panganan. Tasripin be sak kal semangat nyauti owk: “Bolang-baling, roti jowo, jonggol, bola maut, kasturi nombarang ra, jo klalen, “Kondo ko kuwi karo-an nyokot tempe glepung mbel-mbel, nyeplus tengis sampek mbrambang kepedesen.
Mbak Jum mesem, ”Kuwi seje meneh bakule ra, Pin. Kiye sing dimaksud Kang Di, jajanan sing diderke tik loyang tumpuk-tumpuk, terus digendong. Regane luwih larang kadek rombongane bolang-baling,” jare Mbak Jum nerangke.
Hehe… jonggol kesturi tah jajanane rakyat, seje karo kuwe talam sing luwih “piyayi” . wadahe be seje, bolang-baling diderke tik besek gedhi, disunggi mlebu-metu kampung.
“Nyong paling seneng roti bapel. Biasane cithakane waru kotak-kotak. Dicampuri gedhang rojo ho. Biso wangi sedep. Saiki angel luru roti bapel sing tik gedhang ko kuwi. Onone sing tik gandum biasa, manis othok rasane,” jare Yu Trimah.
Tasripin bar ngamel tempe glepung sampek kepedesen, genten nyiwel kamir. Tombo pedes. Wedang teh-e wis entek.
“Denese arane opo si, bapel opo dapel? Kuwi senenganku juga, Mbak,” jare Tasripin.
“Ah, sampeyan mono, Pin. Opo sing seje senenganmu? Wong kenale karo kata “enak” dan “enak sekali” owk,” jare Turmudi karo-an gugu.
Sing dikomentari ngguyu othok. “Kuwi arane selalu mensyukuri nikmat ra kang,” ko kuwi mangsulanen Tasripin, terus: “Eh, nyong reti sing adol bapel enak, Mbak dicampuri gedhang rojo, yhakin. Tak terke mono pok.”
“Temenan pok, nggon ndi kuwi? Adole wayah opo?”.
“Adole saben sore, nang dalan patriot. Kae si nek soko RS Kraton, pertelon menggok tengen. Mbiyek arane Kapuas pok? Lha kuwi, wonge mbakari bapel nang kono. Laris kuwi, opo meneh nek ono Parti alias pasar tiban,” Tasripin nerangke.
O… bunder.
(Mbak Jum pingin nyacak roti bapele  Kapuas. Karang jajanane zaman cilik, seprene zik wutuh ngangeni. Coke nak pas  acara Pekan Batik nang Pekalongan, sisan digelar festival jajanan zaman mbiyek, larise pok kuwi, yhakin. Jajal si ho, ono ketan biru dijentrek karo bugis, kue poci, kue latok, corobikang karo bapel gedang sing kemebul dipanggang nang areng)

Sumber : Suara Merdeka, Rabu 20 November 2013
Oleh : Iyeng Setiyawati


Tidak ada komentar:

Posting Komentar