Jumat, 14 Maret 2014

Warung Megono, 28 Des 2012



SUKET IJOL ROBOT
DINO kok cepet nemen ho...pernahe tembe bae Senen, reti-reti wis Jemuah, bar kuwi mencuulat Senen meneh. Padhahal nak wis Senen, ngesuke mesti Seloso, bar kuwi rebo. Kiye, delok bae, ketoke tembe bae Januari, reti-reti iki Desember wis apak poyan, wis meh Januari meneh. Berarti wis pak tahun baru kiye. Dino genti minggu, minggu genti wulan, wulan wis apak genti tahun. Opo awake ndewe ora kroso nek selot tuwo ho? Rekene sampun sepah niki.
Mbiyek nek mlaku opo mlayu izik kesit, tur ora kroso antep. Nek blonjo nyangking krinjing kiwo tengen, munggah undhak-undhakan pasar be mak clingkrik-clingkrik, penake pok. Saiki nek kecepeten mlakune biso kempis-kempis. Opo meneh nek karo nggowo blanjan antep. Ojo takok wis, nggowo awak thok be wis antep. Saiki nek kadek nglemprak apak tangi, kudu ati-ati.mengko biso keceklik, bonggan.
Yu Trimah zik rasan-rasan kambek Atun, rewange, kiye Natalan kok pernahe sepi, longko mercon ting njledhor. Tipi podho bae sepi, longko gebyar rame-rame Natal & Tahun Baru. Selot sepi meneh, Turmudi wis telung dino ora tumon nang warung, mangklihe koyo suwung kae si.
“Pulisi wis siaga 24 jam ngamanke grejo-grejo sak Pekalongan kiye ket tanggal 22 Desember,” jare Tasripin. Gayane nek moco koran, wis persis Turmudi. Dijember sampek tangane ndaplang.
“Kenang opo kok pulisi dho njogo grejo Pin? Ono sing ngincim pok?”, Mbak Jum takok.
“Ora Mbak...kiye darani operasi Lilin, nggo jogo-jogo bae, arane be pak ono hari besar agama. mbopo teroris opo pengaco tangane gatel pingin dolanan mercon. eh.... bom,” Tasripin biasa ra, nek kondo sak karepe dewe. Topi abange didokok nang mejo. udude wis mendhek. kabupaten Pekalongan podo bae. Pulisine do nggelar operasi Lilin. Alhamdulillah, adem ayem kabeh, longko kaiki. Misa karoan kebaktian Natal nang gerejo-gerejo wis klakon, tertib, aman. bar kuwi diteruske operasi candi nggo ngamanke tahun baru 2013. Diamanke, men ojo dho kebut-kebutan pas pas malem taun baru kerep dho kecelakaan. Ojo ono wong rubung-rubung terus dho mendem minuman oplosan. Yo nek mendem othok. Neg klebandhangen?
“Nyong senengane ngombe oplosan si nju..susu dioplos kambe endhok karo madu,” Jare Tasripin. Yu Trimah ora ngrewes, suko ngrunggokke Mba Jum seng nakokke Turmudi, kok ket winginane ora tumon. Zik tlik bulike Taufiq, nglairke bocah kembar nang Magelang, jare Yu Trimah. Coke mau mbengi wis bali.
“Assalamualaikuuum...,” ono suoro jah cilik uluk salam. Taufik, anake Turmudhi semranthal mlebu. Waalaikum salam. Dowo umure, tembene digrendhengi og wonge teka. Ngguyu-ngguyu.
“Pin, gelem geplak pok?,” Turmudi nakoki Tasripin. Ojo ra, teko-teko kok nyong apak digeplak.
“ Geplak kuwi jajanan lik....,” jare Tufik ngguyu kambek ngelungke besek isine jajanan. O, oleh-oleh... Tasripin nampani kambek bungah. Geplake manis gurih. Monggo-monggooo...
“priye le...adine lanang opo wadok? Seneng ho, ketemu sedulur pirang-pirang?” , Yu Trimah nakoki Taufik. Bayine kembar dhampit, siji lanang, siji wadok, lucune pok.
Turmudi ndongeng, nang Magelang ono sedulur sing Nasrani, zik do Natalan. Taufik senenge pok, weruh wit natal gedhi, akeh lampune kelip-kelip. Nang ngisore wit natal akeh buntelan hadiah, jarena kadek sinterklas. Melu entuk hadiah kuwi, senenge pok, karang bocah.
“Entuk hadiah kadek sopo Fik..? opo hadiahe...?.” Tasripin takok kambek ngamel geplak.
Taufik sak kal ngethuprus ndongeng. Hadiahe Robot karo klambi. Jare jah cilik-cilik, kuwi kadek sinterklas. Kae si, sing klambine abang, jenggote dowo, putih, senengane nggowo karung isine hadiah. Jah sing pinter, ora nakal, nek Natal bakale entuk hadiah kadek sinterklas. Opo meneh nek dho luru suket, terus sukete diwadahi kaus kaki , terus disinggahke nang mburi lawang. Mengko mbengi-mbengi nek kabeh wong wis turu, sinterklase teko, numpak kreto, sing ngeret kidang pirang-pirang. Jah cilik sing wis nyepaki suket nang kaos kakine, tur ora nakal, bakale entuk hadiah, diglethakke nang ngisor wit natal. Tapi nek nakal bakale diparani Piet Hitam, kae si, wonge ireng, nggowone sabet karo karung. Sing nakal disabeti Piet Hitam. Sing nakale nemen, dilebokke karung. Hii…lhaiz kowe..
Kabeh dho ngrungokke Taufik ndongeng. Taspirin gugu, asale cilikane podo karo Taufik, weruh tonggone natalan, melu-melu pingin entuk hadiah. He..he..
“Lha kowe opo ora nakal si, kok melu entuk hadiah?,” Yu Trimah saiki sing nakoki.”Aku ora nakal ok, nganut terus. Tur wis biso sholat. Entuk suket be akeh, kaus kaki ku loro-lorone kebek suket kabeh, mugakno hadiahe apik-apik,” jare Taufik. Robote didokok nang mejo. Lampune kerlop-kerlop. Biso dilakokke tik remot. Gagahe pok robote.
“Ooo...lha kuwi  sing nukokke robote sopo, Fik?,” Mbak Jum genti sing takok.
“Iki seje ditukokke sopo-sopo...iki hadiah, asale aku ora nakal. Toni hadiahe cilik-cilik ho Pak, asale nakal ho?,” Taufik kondo maring pakne. Turmudi mesem-mesem othok.
(Ko kuwi, jarene jah cilik-cilik sepantarane Taufik, Natal kuwi pokokke entuk jajanan karo entuk hadiahremo-remo. Karang jah cilik, mikire sipil nemen, ora mikir sing ketuk ngendi-endi. Ora mikir “perbedaan” opo meneh “perbedaan agama” tah, jah cilik kuwi weruhe “persamaan,” podo-podo bungah, podo-podo nganggo klambi apik, podo-podo entuk hadiah, podo-podo pingin dadi jah pinter, ora nakal. Sipil kan?)

Sumber : Suara Merdeka, Jumat 28 Desember 2012
Oleh : Iyeng Setiyawati



Tidak ada komentar:

Posting Komentar