Selasa, 11 Maret 2014

Warung Megono, 14 Des 2012



SAK LAMPAH KULO MRIKI
USUM pelem wes meh kliwat, genti usum udan. wong panjang, Krapyak karo lengganan banjir liyone wis tapuk deg-degan. Alamat kenclup meneh kiye. Usum udan, mesti usum banjir. Turmudi ndongeng terus, mugo-mugo ora sah ono acara banjir. Kesele pok  ngresikine. Kabeh leteh tur nglatri sampek nggedebel kandel. Wis ah, ojo usum banjir maneh. Dongane Turmudimesti di amini wong akeh.
Saiki wis kliwat surone, wis tapuk akeh wong nduwe gawe. Tanggane Turmudi sunatan, tanggane Tasripin mantenan. Prapti, tanggane Yu Trimah mlebu warung karoan nggowo rantang. Tuku garang asem diwenehi endok bunder, lompok tengise ojo klalen. Rongpuluh ewu wis uleh endok bunder papat karo garang aseme sak rantang. Dimurahi, karang tonggone. Tempe glepung mbel-mbel, sisan bae pumpung sek kemebul, Atun gagiam madahi tempe nang plastik. Eh, lombok tengise...
“Nju, lek Darsumi wis mrene durung? wingi sore wis nang omahku,” Prapti takok kambek nambahi krupul terung. Tasripin nang pojokan zik sarapan tik horeg-horeg tempe karo duduh lembarang.
“Lek Darsumi atur-atur po? durung. Coke wingi sore nyong pas kulakan, omahe tak sosi,” Yu Trimah semaor. Lek Darsumi kuwi tonggo tunggal kampung sing biasa atur-atur nak ono hajatan. Biasane angger kampung ono wong sing dadi atur-atur ko kuwi. Ono sing ngarani “Saklampahe,” jare Mak Jum.
“Halah bener nak diarani sak lampahe. Asale mesti ngomonge ko kuwi si ho,” Tasripin nyauti. Endang karo Tutik, ponakane Mbak Jum ora mudeng babarjid kambek sing dikojahke bulike karo konco-koncone. Diterangke karo Mbak Jum, nek sampek saiki, nang kampung-kampung zik ono kebiasaan ngulemi tonggo-tonggo nganggo tukang atur-atur, ora tik undangan kertas kae. Nek kondo, mesti boso. Padahal tonggo sak kampung biasa kojahan juwet po-o, nek zik atur-atur, mesti boso.
“Assalamualaiku...,” Ono sing uluk salam bantere pok. Wa’alaikum salamm, kabeh do nyauti. Hidilah, lek Darsumi, zik di grendengi kok wonge njebul, dowo umure kuwi...lek Darsumi salaman karo ibu-ibu, bar kuwi gagiak njagog. Kudunge sing semodokan nglotrok dibakke ndisik.
“Yu Trimah, sak lampah kulo mriki, dikengken kaji Zainab. Sampean sak pendake kemis niki, diaturi rubung-rubung ngethok lombok, asale bu Zainab ajeng mantu...,” Lek Darsumi tapuk etur-atur ngewehi kabar. Ha’a bener, ngomonge boso, batine Endang. Ooo... kaji Zainab wetan sekolahan, apak mantu la anake sing endi si lik? anak wadoke ono telu si o...?
“Kai si, Watik, anak nomer loro sing kerjo nang Jakarta, mbakyune, Yayuk malah durung.”
“Lha entok wong endi lek?” Yu Trimah takok meneh kambek nyuguhi teh anget nang gelas, dislemeki cawan. Piring  jajanan sak anane dipedhekke. Lik Darsumi manthuk, kesuwun.
“Entuk wong Banyurip...kerjone podo bae nang Jakarta sak pabrik karo Watik. Nanggape samproh,” lik Darsumi semaor. Bar kuwi nglegakke teh karo jajan, terus poyan apak neruskeatur-atur meneh. Kesuwun.... Wa’alaikum salam...
Endang karo Tutik, karang kawet cilik wia pindah nang Suroboyo, getune pok ono atur-atur ko kuwi. Karang jaman wis moderen po-o, nang kampung zik wonge zik nganggo coro kuno, atur-atur zik wutuh ono. Pancen ok, nak durung ono atur-atur teko, tapi moro-moro ono undangan, pernahe wagu kae si. Mesti do takok, la kiye ndewe ngethok lomboke kapan? ngethok lombok kuwi maksude rewang. Arane pancen lucu, padahal nek rewang, sing dikethok seje lombok othok si ho....
Dadi wis lumrah, naek ono sing mantu opo nyunatke, tonggo sak kampung         , diulemi ngethok lombok. Ibu-ibu do rewang. Nonceki brambang bawang, kentang, timun, wortel. Ngrajang lombok, kobis, marut klopo. Nggoreng brambang, krupuk, utowo nggawe srundeng. Ahli masake, kotomono kokine, arane jedhot. Jedhot sing pentholan, nek usum wong nduwe gawe arise pok kuwi. Mrono-mrene sing ngundang. Mengko nggo nyuguhi tonggo teparo sing do rewang, dimasakke dewe. Sak lebare rewang, biasane dibuntelke jajanan, didum roto, men brayan... Rakhate pok.
Turmudi karo gugu, ndingeng nak nbiyen cilikane, suguhan manten kuwi diiderke kambek jah enom-enom sing do laden. Rumuse USDEK, unjukan, snek, sop, daharan, es, kundur alias bali. Kabeh don ngguyu kelingan singkkatane usdek. Tasripin ngimbuhi, adike paling senang nek enthok undangan, kertase kandel, biso di gawe dolanan putrenan, nggo mejo karo kursine. Dadine apik-apik. Nak jaman saiki, undangane model-model. Ono sing tik gulungan kertas dilebokke bumbung , ono sing tik kertas kerdus sing kandele ora jamak mangklihe ora biso di tekok karo digunting-gunting nggo putrenan ra...hehe...
“Heh, nyong tembene wingi pas besar, entuk undangan model jaman biyek. Kae si diiseni dewe arane mantene, tanggale, jame, alamate, ketug hiburane. Ajib pora, tanggal : 1, 2, 3 November 2013. Jam : Selera Anda. Acara : Ramah Tamah... Hiburan : Menyesuaikan, “jare Mbak Jum. Dadi sing diulemi entuk teko sekkarepe, tanggale karo jame sek kobere. Sakpore....Arane demokratis kuwi...
(Turmudi mbatin, jaman saiki wis serba praktis, selot longko wong nduwe gawe sing diruung tonggone koyo nang kampung. Longko acara ngethok lombok alias rewang sing rahat, longko jedhot, longko wong laden tik baki jembar, karang saiki umume wis diborongke catering. Saiki longko wong nyumbang bolo pecah kotomono gelas, umume amplop. Longko sing nanggep samproh....ndeso ah....)

Sumber : Suara Merdeka, Jumat 14 Desember 2012
Oleh : Iyeng Setiyawati

Tidak ada komentar:

Posting Komentar