CEPITKE
LAWANG BAE…!
UDAN deres. Kabeh teles
kebes. Banyune gembrojog liwat tekukkan seng nang pojok tritisan, persis koyo
disokke kadek langit. Wit gedang nang pojokan pekarangan ketok nggejejer katisen.
Godonge do mentiyung ngalor-ngidul ngetutke angin. Ket mau pelem krowak do ting
tlepuk nang pekarangan. Sing tibo nang gendeng, pating glodag marakke miris,
gendenge piro meneh kae sing pecah. Turmudi nadahi banyu sing nrucuk kadek
ternit pawon. Goro-goro pelem tibo, omahe borot wis. Trocoh nang kono-kene.
Bejone wis janjian kambek Tasripin, ngesok dino minggu apak ngunduhi pelem. Wis
digawekke sengget sosrok nombarang. Reti si ho, kadek pring dowo, pucuke
disigar-sigar.
Mbak Jum nyawang udan
kadek jendelo kamare. Banyu udan sing mili turut tritisan, putih meling-meling
persis koyo mote sing dironce dowo, mageri omah kadek pojok wetan ketug kulon.
Omahe dikepung banyu udan, tapekno nyengit, banyu ledenge ora mili. Kolahe
asat. Tandon banyu nang ngisor pemeyan gari separo othok. Mbak Jum njukuk ember
gedi , didokok nang ngisor talang, madahi banyu sing nggrojog. Mending biso
nggo ngepel karo nggo nyirami tanduran sing ora kenang banyu udan. Nang latar,
pelem mateng wit, pelem bosok karo pelem krowak jebule ting tlecek akeh. Bakal
panen pelem, alhamdulilllah. Mbak Jum gagiak nyandak hapene, nutul
sms. Tasripin setuju.
Nang warunge Yu Trimah,
rakhat kae. Mbak Jum karo Turmudi do ngggowo pelem kadek omahe dewe-dewe. Sing
ngunduhi, sopo meneh nek ora Tasripin. Ejian , nganutane pok wong siji kuwi.
Dilampu awake dikrubut semut angkrang. Peleme ting gluntung dizrokke nang mejo.
Arumanis karo manalagi kadek Mbak Jum. Pelem goleke kadek Turmudi. Atun,
rewange Yu Trimah bungahe pok. Yu Trimah njukuk lading, nghang tapuk ngonceki
pelem golek sing mateng wit. Diambung, ejian ah.. wangine manis.
“ Nyong kilingan jaman
cilik, nek simak ngonceki pelem, mesti sak omah do ngrubung, andri ngenteni
bageyan sak iris- sak iris. Mengko pelokke nggo rebutan…hehe…”, Tasripin tapuk
“bernostalgia”.
“he…he…jebulno podo bae
ho? Nek nggonku sing tlaten ngonceki pelem kuwi bapakku. Peleme dionceki
separo, disigar nghang dikethok-kethok rajin kae. Peloke dijatah gentenan, akau
karo adi-adiku. Nek pas jatahku, aku mesti mbisiki bapak, wis pak…ngirise sak
mono bae, men peloke kandel,” Mbak Jum genti ndongeng. Nek wis nampani pelok,
Mbak Jum gagiak minggir, ngrokoti karo nglamuti pelok sampek gobres kabeh pipi
lan janggute. Yu Trimah nggguyu, kilingan, mbiyek podo bae ngalami ko kuwi.
Pelem goleke disigar,
bar kuwi digarit-garit tik lading, terus diplethekke, peleme dadi kotak-kotak.
Jaman mbiyek , ngiris pelem ko kuwi darani nggawe “ sarang tawon”. Turmudi
bungahe pok.
Nha…kuwi kesenangane
ibuku, nek mbadum pelem ora tau ngonceki terus ngiris-ngiris, tpi digawe sarang
tawon ko kuwi. Ngrokoti sarang tawon kuwi nikmate pok...hehe,” Turmudi
tiru-tiru Yu Trimah, njujuk peleme mbak
Jum. Ora njukuk peleme dewe, wedi gondongen coke...
Mbak Jum weruh Yu
Trimah janggute gobres. Hidilah....lha
kok koyo cilikane Fatimah ho...? Ora kaiki, saiki ono tisu, ora koyo mbiyek,
diulapke nang lengen klambi. Mangklihe
kabeh do nggawe sarang tawon dewe-dewe. Atun sampek getun nyawang wong
tuwo-tuwo nanga ngarepe do mangan pelem sarang tawon kabeh. Luwih enak mangan
ko kiye Tun, ndaraki opo, jare Tasripin. Atun melu-melu nggawe sarang tawon,
pokoke ora gelem kalah. Ji Fathur mlebu warung, gugu karoan gedeg-gedeg nyawang
wong-wong zik do bancaan pelem. Tangane
nggrageh tisu, diwehke mbak Jum. Gobres
“ Kiye arane masa
kecil sangat bahagia, seje kurang bahagia ho, mugakno do pingin bali aring
mbiyek meneh,” Jare Ji Fathur. Turmudi ngguyu. Ji Fathur tiru-tiru, asale
brengose kandel.
“ Kiye zik mending
Ji. Jaman mbiyek, ngrenggese pok. Sing dipangan seje pelem ko kiye, tapekno
pentil. Entuke pentil be luru turut ndalan, njupuki sing tibo nang latare wong.
Opo meneh nek usum udan...rakhate pok, bar udan-udanan turut kampung, ngluru
pentil sing do tibo,” jare Turmudi.
“seje luru pentil
tibo thok ra...nek aku yo entuke pentil kadek nyolong nombarang..hehe,” jare Ji
Fathur. Mengko pentile dibanting nang watu bek pecah, terus dipangan
bareng-bareng kancane, ditutul uyah. Mripate do kiyer-kiyer kecuten, tapi kok doyan
ho? Pancen jah cilik jaman mbiyek kuwi ngrengges.
Jare Ji Fathur,
mbiyek nyolonge nang Mbah Dul, wong sing paling galak sak kampunge. Mbiyek
kuwi, kerep nggo totohan, biso nyolong pentil piro kadek wite mbah Dul. Mengko
nek konangan, mbah Dule metu nggowo seblak, kabeh do mlayu nggenjrit, tapi wis maremasale wis ngesaki
pentil.hehehe...
“ nek aku mbiyek
malah melu nyolongi peleme simbahku dewe...” jare Turmudi. Hehe... kuwi mbeling
meneh tah. Pelem golekke, mbiyek awohe akeh nemen. Padahal nek njaluk, mesti
dikeki karo simbah, tapi jah kampung luwih senengnyenggeti kadek walike tembok
pager. Lha kuwi aku mesti
melu-melu. Padahal nek nyenggeti kadek njero,
luwih gampang si ho? Ngko nek simbahku metu, melu-melu mlayu. Mbelinge meneh,
mengko pentile ora dibanting, tapi dicepitke lawang sampek mak krepyek, pentile
mlekah, terus dirayah rame-rame. Ora miker kae, nek engsele lawang biso jebol,
jare Turmudi karo gugu.
( mbak Jum ngguyu.
Batine, jah cilik endi sing mbiyek ora ngalami nyolong pelem utowo jambune
tanggane? Padahal nduwe pelem opo jambu dewe, tapi tetep bae nganut kancane
luru weke tanggane. Nek njaluk be mesti diwehi, tapi pernahe luwih sedep mangan
pentil colongan ho? Hehe...
Sumber : Suara Merdeka, Jumat 9 November 2012
Oleh : Iyeng Setiyawati
Tidak ada komentar:
Posting Komentar