CAPJAE KENYOL-KENYOL
Sedino kiye Yu Trimah pernahe
kesele pok. Lesoh kae awake. Opo meneh Atun pamit mulih ndeso sedino. Ngladeni
wong do marung sing alhamdelillahe laris mben ndinone tah wis mesti. Tapi ket
wingenane pancen hawane ora penak. Udan-panas gentenan, marakke awake ting
greges, coke masuk angin. Ndilalah bae isuk isuk mau wis ono sing marakke
dhugal. Warung zik kembrubut akeh wong do luru sarapan, ono wong takok:
“Nju…warung kene adol pindang
tetel pora?.”
“Ora, onone garang asem,” Yu
Trimah semaur.
“Lha nek kluban bothok?,”
wonge takok maneh. Hidilah, kluban bothok tah onone nang kidulan si ho?
Diwangsuli maneh, ora ono. Wonge ora gagiak lungo. Meneng bae karo-an ngenteni.
“Nek mi kenyol nju?,”
meneh-meneh nakokke sing ora ono. Yu Trimah semaur:
“Lha kiye si, dodolane wis
digelar po’o, ketok kabeh. Nek sing longko nang mejo berarti ora adol,” kondo
ko kuwi, Yu Trimah setengah getun, asale wonge ora gagiak lungo. Ditawani
megono.
“Enak mi kenyole nju. Yo wis
nek ora ono. Tak daraki sampeyan adol panganan khase Pekalongan. Jebulno ora.
Opo maneh capjae kenyol ho?,” semaur ko kuwi, wonge terus gagiak metu kadek
warung. Hidikae…lha megono, lembarang, panggang cucut, pindang-teri,
horeg-horeg tempe, acar kuning, garang asem kuwi opo seje panganan khase
Pekalongan si? Yu Trimah nyawang wonge lungo ora kedep. Kuwi wong ngomahe endi
si, sing ditakokke kok sing ora ketok kabeh. Capjae kenyol?
“Wis…ojo mrentem…pak ora si,
karang negoro wis merdeka, uwong apak takok perkoro opo bae entuk. Apak luru
mie kenyol nang warung megono, opo pak luru sepatu nang Purimas, bebas bae
si…,” Tasripin komentar. Yu Trimah kalah-kalahe ngguyu ra.
Yu Trimah ket isuk mau nyawang
menjobo, dengaren temen kok sak kesuk during sarapan nang warung. Kang Turmudi
karipan nju, tangine kawanen, mugakno langsung maring kantor, jare Tasripin,
paham sopo sing diluru Yu Trimah. Wonge mesem, setengahe isin. Tasripin retinan
kae.
“Nyong mau mbelekke jas udan
sing tak selang mau mbengi, dadine reti,” Tasripin nerangke.
***
Ono montor mendek. Penumpange
papat, langsung njagok. Bareng reti nek pesen panganane moro dewe, sak kalan do
antri. Sego garang asem diwehi ndog
bunder. Sego megono acar kuning, semur endog karo lembarang. Sijine meneh
segone separo, megono sak iprit, horeg-horeg tempe sithik, diwehi duduh
lembarang karo duduh rendang. Ojo diwehi rendang, duduhe bae. Sing paling
duwur, njaluke megono, horeg-horeg tempe, lembarang tahu ora tek duduh,
panggang cucut ora tik duduh. Sambel sing akeh. Wis bar ngedoli wong pat, lha
sing duwur kok moro meneh, horeg-horeg tempe dimbuhi ra…
Nglinguk jam, bar kuwi
nglinguk meneh menjobo. Lebar kantor coke, batine Yu Trimah. Bar beduk, sing
diarep-arep mencungul. Turmudi sakkal mbukak lodong krupuk. Kriyuk-kriyuk
telung cokotan, tembene njaluk sego. Garang asem bae sing seger. Yu Trimah
ngladeni kambek semringah.
“Nyong kawanan kiye, sampek
ora kober sarapan. Sedilut meneh kaliren kiye,” jare Tarmudi.
“Sampen reti capjae kenyol
kang? Nyong tembene krungu. Nang ndi kuwi tukune?,” Yu Trimah malah nakokke
capjae kenyol. “Yo reti bae, kuwi onone nang kidule Pekajangan, wis mlebu
Dungwuni ketoke. Pingin nyacak pok? Ayo tak jak mono, Ripin karo Fatimah dijak
sisan, nek ngesuk tutup.” Tasripin siap tah. Mbak Jum sisan ho, mengko di-SMS.
Lebar magrib, gagiak do
ngidul. Kiye perkorone penasaran karo sing arane capjae kenyol, koyo opo
denese. Ejiian…warunge nang pedeke STIKES, sak durunge dawet podo. Mlayan
jembar, sing tuku kebek. Pak Rohman karo-an bu Daroyah gagiak manggakke
rombongane Turmudi. Monggo, dahar mi nopo capjae? Disukani kenyol nopo
capjaene? Nggih, capjae disukani mi kenyol, karang niki enten sing tesih
nyidam, jare Turmudi. Yu Trimah ora nanggepi, sakkalan njagok. Disukani
pelo-ati nopo ayam mawon? “Komplit welit, pak Man,” Turmudi sing nyauri meneh,
asale Yu Trimah during pham pesene piye. Pokoke nganut bae wis. Mbak Jum pak
ndelok ndisik. Fatimah nganut simake. Tasripin njaluk kenyole sing akeh.
Ngombene the opo jeruk? Opo njaluk jus buah, kae biso pesen kadek warung
sebelahe.
Pesenane Yu Trimah wis teka.
Ambune sedepe pok. Sayurane seger, caisin, kembang kol, kapri, wortel, tomat.
Iwak ayame akeh. Pelo atine opo maneh. Kenyole ketok meling-meling nang dasare
piring. Bismilah. Srupuuut…nyacak duduhe ndisek ra. Enake pok. Sruput meneh:
selot enak. Bumbune mroso. Gurihe iwak ayam-pelo ati, nyampur karo sayuran sing
seger. Bar kuwi mi kenyole…mak legendeeerr….ajib ah…kiye capjae gel nyejeni,
longko tunggale, jare Yu Trimah. Turmudi mesem. Mbak Jum nganut pesene podo Yu
Trimah bae. Ngombene jus pelem, wekas kadek warung bakso nang jejere. Tembene
iki reti, ono capjae kok dicampuri mi kenyol. Biasane mi kenyol kuwi diwehi
bumbu janganan pecel si….? Sruuuuupphh… sedilut othok wis entek. Yu Trimah
pingin tanduk tapekno isin…
(Mbak Jum koyo biasane
sakkal wawancara. O, sing adol arane pak Rohman karo bu Daroyah sing ayu. Mben
ndino bukak, eh, Jemuah karo Setu tutup ding. Sedino ngenteke ayam limang
gluntung, pelo atine wolung puluh iji. Sakpore, mi kenyole be dipilihke sing
paling enak. Sak piring murah, sepuluh ewu thok, padahal pelo atine cok dikeki
karo tengah iji. Bukake jam limo sore, biasane during jam sewelas mbengi wis
entek. Ajib…kiye ono siji maneh panganan khas Pekalongan…!)
Sumber : Suara Merdeka, Jumat 23 November 2012
Oleh : Iyeng Setiyawati
Tidak ada komentar:
Posting Komentar